Rabu, 30 September 2015

SANTRI KHIDIR

Beribadah kepada Tuhan
Apa gerangan beribadah kepada Tuhan

Ialah mengamati terbitnya matahari
Dan tenggelamnya senja

Ialah memasuki kesetiaan air
Kepada daya tarik bumi

Ialah akar yang menghunjam
Dan dedaunan yang merambah angkasa

Menyembah Tuhan, katakanlah
Apa gerangan menyembah Tuhan

Ialah mencangkul sawah dengan hati ikhlas
Memelihara kesuburan tanah, menyirami tanaman

Ialah tidak menebang pohon
Jika memang tak perlu ditebang

Ialah mencari ikan di sungai
Hanya sebanyak yang diperlukan

Bersembahyang, katakanlah
Apa gerangan bersembahyang

Ialah menjunjung langit, menghormati bumi
Sebagai jalan cinta kepada Robbul ‘Izzati

Ialah santun dan tersenyum kepada rakyat
Ialah mewakili Tuhan dengan cara yang memikat

Kasih kepada alam, kepada semua manusia
Sebagaimana cinta dibentangkan oleh Sang Azza wa Jalla

Dari naskah drama Perahu Retak (Santri-Santri Khidlir) yang dipentaskan di Surabaya pada November 1991, hal 11

Selasa, 29 September 2015

KITAB PAMBUKANING NALAR III

PASINAON
Kitab pirang-pirang atus warna kang ngemot bab Kawruh Batin – Ngelmu Tuwa – Ngelmu Rasa – Ngelmu khak – Ngelmu Sejati – Ngelmu Kasampurnan – Kawruh Sangkan Paran iku kanggo panuntuning pikiran nggoleki marang Sejati-ne, yaiku Gembleng.
Sawise ketemu kalawan gumatok, mbanjur aran nduweni tekad utawa gegandulan kang bener yaiku :
1º.  Pracaya marang kakuwataning awak lan Angen-angen marang sajatining Sangkan Parang, kang wis disuMoerupi kalwan rasa-jati, batin-pangerti-sarta cocog karo sifat-sifate.
2º.  Nekadake bakal bali (nanging ing saiki uga wis kumpul marang Sangkan (paran).
3º.  Sinau utawa nggegulang wiwit saiki, supaya tekad mau bisa santosa-kandel-kenceng-temahan tekaning endon ora gampang kalorop.
Mungguh pasinaon iku katindakake ing lahir lan uga ing batin, prakara iku ing ngisor iki katerangake sawtara, mung saweruhe kang nganggit bae, dene kakurangane goleka dewe : ###
a.     Sembahyang 5 wektu.

Mungguh sembahyang limang wektu iku kejaba nglakoni rukun Islam, gunane ing tata lahir yaiku : resikan …… ora kesed tangi esuk …. Amarga saka ruku sujud, …. Anggotane awak bisa lemes (gantine gymnastiek-sport-olah-raga) ….. apes-apese ing sadinane eling marang Gusti Allah kaping 5 …… dadi pamenggake tindak kang ora bener, tegese : saora-orane mbanjur rikuh utawa isin upama nglakonana maksiyat : main – madon – madat – minum – maling – maido – ngapus – apusi lan sapanunggalane.
Luwih maneh utamane, yen mangerti marang maksuding panggawe, yaiku : sapa kang sembahyang lan sapa kang disembahyangi (ora mung bisa ngucap : Sing sembahyang aku – kang disembahyangi iya “Gusti Allah” mangkono bae).
Dene yen nggone nglakoni limang wektu mau mung Moerih marang pangaleming liyan, supaya dianggepa yen deweke sawijining wong alim, wong suci bae ……. Apa maneh yen mung kanggo tutup utawa aling-aling olehe nindakake kaculikan, iku tetep aran sumuci-suci.
Ing kene wewacaning ayat kanggo sembahyang ora kamot, awit wis akeh Kitab-kitab bab sembahyang waton saka ing pangecapan ngendi-endi.
Wawacan kanggo sembahyang bangsa Islam iku tembung Arab …. Tumrap wong Jawa iya kudu mangerti kapriye cara Jawane : sawise iku kudu mikir marang maksude : samangsa wis nemu marang maksude, banjur nggoleki wos-ing maksud iku. Dene yen wis weruh marang wos-e, lagi aran dumunung marang sebahyange.
Akeh wong tuwa-tuw bangsa Muslimin kang mituturi marang anak-putune mangkene : “Tole, kowe pada nglakonana sembahyang 5 wektu, ing mbesuk waton banter ngibadahmu, mesti bakal oleh ganjaran munggah Swarga. Kowe ora perlu nggayuh kang nagel-angel, ngelmu kang jero-jero, iku dudu bageyamu. Waton kowe wis pada ngenepi rukun Islam, nglakoni prentahing syarak, iku wis becik lan wis cukup, arep apa maneh??? ####
Pitutur kaya mangkono mau tumrap marang anak putu kang isih bodo iya pancen bener banget …… karepe, kanggo wiwitan, waton gelem nglakoni bae, wis aran utama. Dene sakbanjure, samangsa kabukak pikirane, mundak pangertine, rak pada bisa nimbang dewe, apa bakal pakolehing panggawene. Samono mau yen ora kebanjur dadi wong kang fanatiek.
Padane kaya upama ing ngisor iki :
Sawijining panggede nagara prentah marang kuli bodo tur kesed aran si Naya, mangkene :
“Naya, kowe sing sregep maculi kebonmu, mengko kowe rak nemu pendeman raja-brana”.
Marga saka kepingine nemu pendeman raja-brana, si Naya mbanjur sregep baget maculi kebone, nanging kongsi rampung, kebone dadi paculan kabeh ing kono deweke mung tansah mrangguli watu, tugelan bata lan kreweng bae ora nemu pendeman raja-brana kaya kang dadi pangarep-arepe.
Ora suwe si Naya tuwuh pangraitane, kebon mau mbanjur di tanduri ketela, ora antara lawas, bareng wis mangsane ketelane dijeboli, kasile diedol, papayone dicelengi ….. mangkono wala-wali, kongsi celengane cukup kanggo tuku panganggo mas inten.
Upama si Naya mau ora nduweni pamikir kang kaya mangkono, yaiku nanduri ketela kebone kang wis dadi paculan sarta sakbanjure dadi wong sregep, iya ora klakon mangan lan ngedol kasile, apa dene ora bakal duwe panganggo mas inten.
Tumrap agama Islam, ngelmu iku kaperang dadi 4 tataran, yaiku :
Sare’at (kaya upamane maculi kebon).
Tarekat (kaya upamane nanduri kebon).
Hakekat (kaya upamane ngunduh kasile).
Makrifat (kaya upamane mangan-ngrasakake kasile kebon mau). ###
b.     Jakat.
Jakat iku tegese ndanakake saperanganing bandane, marang bangsa Muslimin kang mlarat.
Wong Islam kang ora duwe utang (sanajan duwea pisa, yen bandane mau kanggo nyauri utange isih meksa luwih) iku wajib jakat, kayata, yen duwe banda wujud :
a).   Mas bobot 12 ukon-mas, kudu kajakatake 1/40 dadi watara pangaji Rp. 3.75,-
b).   Selaka saben pangaji Rp. 50,- kajakatake 1/40-e, yaiku watara pangaji Rp. 1.25,-
c).   Kebo utawa Sapi cacah 30 iji, kudu jakat gudel utawa pedet siji wis uMoer setahun.
d).   Wedus, saben 40 iji, kajakatake siji.
e).   Pari, jagung, kedele sapanunggalane, saben 12 dacin kajakatake 1/10-e, yaiku watara 1.20 dacin. ###

c.     Pitrah.
Mungguh mangsane pitrah iku ing Malem Riaya tekan Rina-ne, yaiku tanggal 1 Syawal.
Dene kang kapitrahake lumrahe beras utawa liya-liyane, kang lumrah dipangan wong ing negara kono. Terkadang dilironi duwit bae saregane beras bobot patang kati (2.5 kg).
Kang wajib pitrah wong Islam kang kacukupan. Dene kang dipitrahi kudu wong miskin, supaya ing dina Riaya iku bisa melu seneng-seneng mangan enak. ###
d.     Pasa sasi Ramadhan.
Pasa iku kajaba netepi rukun Islam, gunane :
a).   Supaya ora nggrangsang marang papanganan;
b).   Supaya kulina ngelih, dadi yen pinuju kemlaratan, mangsa larang pangan, pinuju lelungan lan ana ing paran mau rekasa bisane oleh papangan, ora banjur kaget, ngelih, kaliren, kaluwen kongsi ora kuwat nutugake lakune;
c).   Supaya bisa tepa slira, koma-koma, nduweni welas marang wong mlarat kang keluwen amarga saka ora anane kang di pangan.
d).   Sarehne wis kajat puwas, dadi ardane angkara Moerka bisa suda, Angen-angen-ne bisa sawatara lerem. ###
e.     Lunga Khaji.
Lunga khaji iku kajaba netepi rukun Islam, gunane :
a).   Jajah marang negera liya.
b).   Weruh utawa sasrawungan karo bangsa-bangsa liyane kang pada nunggal Agaman.
c).   Yen wis nganggo serban,pantese iya banjur isin utawa rikuh upama nglakonana maksiyat, nindakake kaculikan utawa kanistas, sapanunggalane.
Kang lunga khaji iku kudu wong kang kacukupan, tegese : kajaba sangune, bakal pangan anak lan bojone ing sajroning katinggal lunga iku uga wis kasadiyakake (wis ana jagane). ###
f.       Lakune Angen-angen.
1e.  Ora : drengki, jail, dahwen, panasten, ewanan;
2e.  Ora : ladak, diri-kumingsun, lsp;
3e.  Ora : kakehan, gagasan kang ngaya wara, kakean rerasan kang tanpa paedah, balik kudu tansah eling yen : kabungahan, kasenengan, kaluhuran, kamulyan, kasugihan iku kabeh ora tetep, owah gingsir, bisa sirna …… temahan bisa malih dadi kasusahan, kanistan, kasangsaran, lsp., tur wekasane kabeh kang kadunungan sifat-sifat mau iya mesti bakal nandang lara lan …… mati. Yen kataman rubeda kudu tatag tanggon, saber sareh lahir batin, bisane mangkono amarga saka pracaya-ne marang “IKI”. Sabisa-bisa sabarang prakara kudu satemene (dadi tatage mau marga ngandelake marang benere).
g.     Salat Da’im.
Wawacan ing ngisor iki cobo rasakna !!!!!!
Niyat ingsun Salat Da’im kanggo salawasing urip ingsun.
Adege ……………………   yaiku     Urip ingsun.
Rukuke …………………    yaiku     Paningal ingsun.
Iktidale ………………….     yaiku     Pangrungu ingsun.
Sujude ………………….    yaiku     Pangambu ingsun.
Wawacaning Ayat ……      yaiku     Pangucap ingsun.
Lungguhe ……………..     yaiku     Teteping iman ingsun.
Takhiyate ………………      yaiku     Manteping Tauhid ingsun.
Salame …………………     yaiku     Makrifat ingsun.
Dikire …………………..      yaiku     Awas ingsun.
Keblate …………………     yaiku     Madep marang eneng – ening ingsun.
Perlu nglakoni wajib, saka Kodrat-Iradat-ingsun dewe !!!!!
Lumrahe wong (racake), ora ana kang bisa netepi (memper bae, ora) kaya wong kasebut ing (a) teka (g) mau, nanging yen bisa memper satitik bae, rak iya wis bagus, mulane kudu sinau saka satitik waton tlaten, bebasan nglumpukake benang saka sa-eler, sakbanjure bisa dadi jarit saklembar. ###
Tembung Da’im iku tegese : tetep, ajeg, panggah.
Sajroning isih urip iki kowe tansah ambekan, yaiku nglebokake lan metokake Napas. Rina wengi napas-mu iku ora leren, ajeg tansah mlebu metu bae.
Jalaran saka mangkono, saweneh ana kang nindakake Salat da’im klawan lantaran Napas, yaiku angon marang lebu wetuning napas, lan lumrahe kabarengan karo Dikir ing batin. (Dikir iku tegese eling). Kayata :
Nalika Napas mlebu …………….. ing batin ngucap HU;
Nalika Napas metu  ……………… ing batin ngucap ALLAH;
Dadi yen elingmu marang Allah iku miturut lebu-wetuning Napas, iku tetep, ajeg, ora kendat tansah eling bae. Mulane patrap mangkono mau saweneh ana kang ngarani Salat Da’im.
Kajaba saka iku, gunane maneh, sajrone Dikir mau gagasanmu kang ngayawara banjur bisa kasliMoer temahan ora ngambra-ambra-ardaning nafsu bisa sareh-ubaling Pancadriya bisa andeh-dadi wose : kanggo lantaran sinau ngleremake Angen-angen.
Wong kang nindakake Salat Da’im cara kaya mangkono mau, senajan durunga mangerti marang maksude, terkadang wani ngucap mangkene : “Sakdurunge salat ….. aku wis salat”. Dene kowe dewe, prayogane aja melu-melu clatu kaya mangkono, awit ora migunani apa-apa, malah ngewak-ewakake !!!!! ###
h.     Ngeningake – Ngepanake – Semedi.
Iku kena katindakake sawayah-wayah, yaiku sinau meneng, ngleremake angen-angen ora ngelingi kadonyan, sinau ngrasuk Badan alus sarta  njajah Alam alus …. Sinau mati.
Mungguh patrape Semedi iku warna-warna. Sadengah Kitab wis nerangake mulane ing kene ora perlu kasebut. Dene kowe dewe bisa milih patrap sakarepmu, sasenengmu, endi kang kokira enteng lan gampang.
Para kang wis kulina, bisa nindakake Semedi ing saenggon-enggon, ora perduli ing papan sepi utawa rame, mulane, kang wis dadi Aulia, senajan sajrone lumaku kaya, ora rumangsa nganggo Wadag, kabeg kang ana sacedake, ora kepikir, terkadang solah tingkahe kaya wong edan…… jalaran, sadela ngambah ing alas alus sadela ing alam kasar iki, dadi mung sabirahine !! Lan kang wis bisa kaya mangkono mau, wis sepi dening pamrih pangalem apa dene pangarep-arep menang Lotre. ###
Sarehne sinau iku tetela abot lan angel, dadi Moerih klakone bisa, iya kudu tlaten lan nrima soleh-olehe, ….. ngelingana, ora ana bayi lahir bisa mbrangkang. ###
Jajal-jajal, merema karo rada ngeningake. Ing sakiwa tengene mripatmu kepara ngarep ana cahya kelap-kelip, yen kowe meneng sapandurat cahya mau bisa mandeg lan katon bunder, yaiku kandil. Sangsaya mindeng, cahya ing ngarepmu (sangareping pasu, yaiku legokane irung ing antarane mripat loro. Nyatakna dewe, yen klakon kaya mangkono cahya kang wis dadi siji mau isi apa ????).
(yen durung kulina ngecakake …. Lagiya kelap-kelapa bae ora tumuli bisa katon).
Kandil iku dianggep Wadag-ing angen-angen. Obahing kandil gumantung marang getering angen-angen. Dadi yen kandil mau, katon mandeg, iku satemene mung nelakake yen si angen-angen nalika iku pinuju meneng. Dadi eleding dongeng …. Sinau meneng klawan ancer-ancer kaya kang kasebut ing duwur mau.
Eneng-ening nuwuhake awas-eling. Bukti kang wis pada nglakoni mangkene : “Yen kita ngeling-eling sawijining  prakara kang kita pinuju lali, kita kapeksa kudu meneng, tanpa ana kang kongkon ngendegake getering Angen-angen, nanging lumrahe kita ota weruh, ora mangerti, ora krasa yen satemene golek eneng. ~ Ing saiki tetela yen dununge eling iku ana ing eneng-ening. Sing sapa akeh neng-ning-nge, iya mesti uga bisa awas (waskita), ora susah nganggo telak utawa tanda apa-apa, mbanjur bae bisa krasa. (Nanging wong kang kaya Bapak iki tangeh bisane kaya mangkono, jalaran isih akeh banget kabutuhane, warna-warna kang dikepengini, kayata : kepenging narik Loter No. 1 …… nuli rabi maneh ……. Tuku mobil, plesir karo bojo Nom. ……. Malah kok bisaa, mesti mlungsungi).
Sajrone kita meneng, utawa sajrone layap-layap, sok krungu swara (satemene swara mau tuwuh saka ing jero). Apa iku kang diarani wangsit???
Terkadang uga sok weruh (ing pangrasa ana wewujudan). Cara padukunan, meneng mangkono mau kanggo nggoleki jamu utawa tambane wong lara.
Dene yen tanpa seja apa-apa, mangka mbanjur krung swara utawa weruh wewujudan kang nyala wadi, prayogane titenana dewe bae, apa bakal wahanane!!!!! ###
Moerih terange, carita ing ngarep mau tak baleni maneh (sinau meneng nganggo ancer-ancer kandil – Pramananing netra Wadahing angen-angen.
1º.  Merem katon ana cahya kelap-kelap ing sakiwa tengening mripat.
2º.  Cahya mau sangsaya suwe, sangsaya terang-nanging yen Angen-angene gingsir, si cahya getere nemen, dadi kaya dene ilang maneh.
3º.  Yen kelap-kelap wis katon terang, kaciptaa supaya mandeg.
4º.  Yen mandeg mbanjur katon bunder, lan katon mandeg sapandurat bae wis untung.
5º.  Yen Angen-angen sangsaya lerem, cahya mau nglumpuk dadi siji, katon ing tengah-antarane mripat loro. Yen pamandenge terus, ing sajroning cahya mau katon ana wewujudan ……. Yen bisa nyatakake dewe !!!!!
Yen terus meneng, sakbanjure kapriye …… mbuh ….. uga nyatakna dewe bae, dadi kowe ora cukup mung diomongi bae !!!!!
XIV. PANGUPAKARA LAN PANGUBURE MAYIT
Miturut cara Islam.
1º.  Mayit didusi, dongane (sunat) mangkene “
“Na-wetu ada-a wudlu farhlil gasli ahdhal mayiti” (Niyat ingsun perlu ngedusi mayit iki).
2º.  Mayit di wudloni, dongane :
“Na-wetu ada-a wudlu man badhal mayiti”. (Niyat ingsun nglakoni muloni myit iki).
3º.  Majit disalatake, wawacane ayat mangkene :
a.      Syalli ala hadhal zinazati fardlan lillahi taala”. (Ingsun salat kanggo mayit iki perlu krana Allah).
b.      ‘Allahu akbar” ( Allah Maha Agung).
c.      “Maca Fatekhah”.
d.      “Allahu akbar”.
e.      “Maca slawat Nabi”.
f.       “Allahu akbar”.
g.      “Nuli ndonga mangkene” :
“Allahumma firlahu warkhamhu …. Yen mayit wadon : Allahumma firlaha warkhamha …. Wa’a fini wa’fuanhu” (Duh Allah ! Mugi Tuwan ngapura dateng mayit punika ngasihana, aparinga nikmat lan katentreman).
h.     “Allahu akbar”.
i.       “Nuli ndonga mangkene :
“Allahumma la tukharima ajarahu wala laftina ba’dahu wagfirlana wallahu”. (Duh Allah ! mugi Tuwan sampun mepet ganjaranipun nyalataken mayit punika dateng kawula lan mugi sampun maeka dateng kawula sakbakdanipun punika sarta mugi ngapura ing kawula lan dateng mayit punika).
j.        Nuli Salam, noleh manengen ….. mangiwa karo ngucap :
“Assalamualaikum warakhmatullahi wabarakatuhu”
(Katentreman rakhmat lan barkahing Allah muga tetepa ing sari kabeh).

Ngubur Mayit.
1º. Mayit kelbokake ing luwangan, sakdurunge diurugi kawacakake Adzan ing kupinge :
·       ALLAAHU AKBAR, ALLAAHU AKBAR… 2X
·       ASYHADU AN LAA ILAAHA ILLALLAAH…2X
·       WASYHADU ANNA MUHAMMADAR RASULULLAH… 2X
·       HAYYA ‘ALASH-SHALAAH… 2X (Rik
·       HAYYA ‘ALAL-FALAAH… 2X
·       ALLAAHU AKBAR, ALLAAHU AKBAR… 1X
·       LAA ILAAHA ILLALLAAH… 1X
Mayit wiwit diurugi, nalika nyawurake lemah kang kapisan ngucap :
“Minha khalaqnakum” = Kowe kabeh pada ingsun dadekake saka lemah.
Nyawurake kang kapindone ngucap :
“Wafiha nui’I dukum” = Sira kabeh bakal ingsun wetokake saka lemah sepisan engkas.
###
Sawise rampung nggone nguruki, si mayit mbanjur kawacakake Telqin, perlu kanggo (piwulang – tuntunan). Ing ngisor iki ana wawacan sawatara saka talqin, perlu kanggo conto bae :
1.     “Ya ‘abdallahib noe ‘abdayillahi” (He, kawulane Allah, anake kawula loro).
2.     “Ud-kuril ahdalladi kunta alaihi fidarid dunya”. (Sira elinga prajanjian kang sira sanggemi nalika ing dunya).
3.     “Wakarajta illa daril akhirat”. (Ing saiki sira wis metu marang alam akhirat).
4.     “Ida za-akal malakanil ha’ilani, yu kalu lahumma Munkarun wa Nakirun”. (Yen sira kataken Malaikat loro kang rupane medeni, aran Munkar lan Nakir).
5.     “Fala yuhaiwi laka wala yuj-ijaka”. (Iku aja ndadekake wedi lan girisira).
6.     “Fa-innahumakhalkun minkhalkillahi ta-ala mit-suka”. (Jalaran Malaikat loro iku uga titahing Allah, pada bae karo sira).
7.     “Wa-ida sa-alaka” (yen Malaikat mau takon). “Man rabbuka wama Nabiyuka” (Sapa Pangeranira lan sapa Nabinira). “Wama dinuka wama Qeblatuka” (Apa agamanira lan keblatira). “Wama imamuka wama ikhwanuka” (Apa panutanira lan sapa sadulurira).
8.     “Faqul” (Mangsulana). “Allahu rabbi wa muhammadun Nabiyi” (Pangeran kula Allah lan Nabi kula Nabi Muhammad). ‘Wal islamu dini wal kakbatu qeblati” (Agama kula Islam lan keblat kula ing kakbah). “Wal qu’ran imami wal muslimuna wal muslimatu ikhwani” (Panutan kula Kitab Al Qur’an lan sederek kula sadaya tiyang Islam jaler lan estri).
9.     “Tsahbatalkallahu bil kaulits tsabeit” (Allah netepake ing kaelinganira).
10.  “Yutsabbittullahul ladzina amanu bil kaulits tsabiet” (Allah netepake kaelingane wong kang pada kasandangan iman kapracayan, pangandel, eling marang pangucap kang wis tetep).
11.  “Fil khayatit dunya wafil akhirat” (Sajroning urip ing donya lan besuk ing akhirat).

XV. TANDA (TETENGER).
Mungguh wiwit pecating nyawa-mingseding rahsa iku wiwit saka jempol sikil. Mulane mangkono, jalaran, pokok-ing saraf-saraf (zenuwen) iku utek ….. dene perangane awak iki kang adoh dewe saka sirah, yaiku jempol sikil. Wiwit lerening lakune getih lan keteg uga saka kono.
Miturut saweneh Kitab, tetenger bakal mancad dina kiyamat iku kaya ing ngisor iki :
Tanda yen matine kurang :
3 tahun …… Rumangsa sayah utawa jeleh urip. Kerep ngimpi lulungan mengalor.
Lumuh nglakoni apa pakaremane.
2 tahun …… nduweni kangen marang kang wis pada mati.
Lumuh nglakoni apa pakaremane.
1 tahun …… Kerep weruh apa kang ora lumrah katon, kabarengan intil-intiling gulune krasa geter. Rasa legi, gurih, lsp., wis suda.
6 sasi …… Krungu rerasaning lelembut, utawa sato kewan. Kuping kerep gumebreg. Ilang pepenginane.
3 sasi ….. Kerep mambu gandaning lelembut (kaya menyan kobong tungtum amis). Sajroning irung kerep krasa kekes.
40 dina ….. Driji panunggul latekuk kapetelake karo epek-epek pisan.
Driji liya-liyane kajepatake, mangka drijine Manis bisa melu njepat (kangkat).
Otot-otot krasa keju kenceng.
Ula-ula pating serdot.
15 dina ….. Kerep katon (weruh) marang wujude dewe.
7 dina …… Lumuh nglakono apa-apa. Ora doyan mangan lan kangelan bisane turu.
3 dina …… Awak ing njaba-njero krasa gerah uyang, gawe wetuning tai-kalong lan cacing kalung sarta cacing tembaga.
1 dina …… Otot ugel-ugel wis kendo. Kringet gobyos.
Mancad dina kiyamat. Kulit pera (ora kumrisik), krasa nyenyed. Grebeging kuping wis sirna. Awak krasa gringgingen. ###
Tetenger tumrap liyan.
Pratanda kurang.
1 taun …… Solah bawane nganyar-anyari.
6 sasi …… Maune seneng marang karameyan, mbanjur seneng marang sepi. Maune kereng, mbanjur sabar.
3 sasi …… Wewatekane bali kaya nalika bocah.
1 sasi …… Cahyaning mripat wis katon surem. ###
Kang kasebut ing nduwur iku kabeh mung ngapek saperlune, dene kekurangane wuwuhana dewe.
XVI.  P A N U T A N.
Mungguh Panutan utawa Tetenger kang bakal di turut (di-etut) ing mbesuk sajroning Sakharatul-Maot supaya ora mati kesasar, iku tumrap siji-sijining paguron beda-beda, ana kang kudu ngetut iki, ana kang kudu nurut iki, kayata :
1.     Cahya Bunder kaya Srengenge.
2.     Cahya Bunder kaya Rembulan Purnama.
3.     Cahya Bunder kaya Rembulan isi Wujude.
4.     Cahya Bunder pinggir kuning, tengah biru, (kandil) isi Wujude.
5.     Cahya Putih mancer sasada utawa lembut.
6.     Cahya Satugi, padange anelahi.
7.     Cahya samrica binubut, padange anelahi.
8.     Wujud plek kaya wujude dewe, ana tengere nggaler ing sangisoring irung (gumun) Alif mutakalimun wachid). Jare yen ora ana tengere mangkono iku palsu.
9.     Wujud kaya ing nduwur iku (no. 8) nanging menganggo sarwa endah, kaya panganten utawa ratu.
10.  Wujud kaya kaya wujude dewe nalika isih bayi. (Apa bisa niteni ?).
11.  Wujud kaya wujuding gurune. (Apa nganggo tenger karo nyangking botot ?).
12.  Wujud kaya golek kencana.
13.  Wujud kaya wujude dewe, nanging sirah telu (iki aneh, nanging kena uga iku simbul).
14.  Swara kaya cumengering bayi nangis (lagi lahir).
15.  Alam Padang tanpa wewayangan. ###
Mungguh panulaking sakehe godo rencana njrone ndungkap tekan ing janji, supaya aja mati kesasar, ing sawenehe ana kang nyaritakake kaya ing ngisor iki. (Apa iku carane munggah Swarga?).
Sakehing cahya pada kalimputan dening kahaningsun.
Iya ingsun Dat-e Gusti kang sifat Esa.
Iya ingsun Dat kang maha suci, kang sifat langgeng.
Iya ingsun Dat kang maha luhur, kang jumeneng Ratu Agung, kang Moerba amisesa, kang kuwasa angracut jisim ingsun, narik joganingsun, ngukud jagad ingsun, mbabar turasingsun, masang pangasihan marang titahingsung, masang kemayan marang makhlukingsun.
Kabeh sampurna saka kodratingsun. ###
Sarehne wis sekeng rekasa, apa kira-kira apal marang unen-unen samono mau ? Kang kasebut ing nduwur iku kabeh, yen bisa eling marang surasane bae, iku an begja. Den maksude, ora beda kaya tekad. “KO” yaiku : A…..I…..U….. Aku Iki Urip (aku iku satemene iya iki).
N.B : SuMoerupa kabeh-kabeh iku arane teori kanggo Ikhtiyar, kaya upamane bae mangkene :
Sawijining wong kang sumedya lelungan marang Pool Lor (Noord Pool) nggawa sangu Pandon, sanajan ana ing dalan bingunga, utawa kapalangan apa-apa, kongsi kapeksa golek simpangan mangetan utawa mangulon, nanging ora lali marang tujuan bakal Mangalor mau.
Dene yen ora sangu pandom, kena uga kesasar, ngener marang keblat kang kosok bali, yaiku Mangidul. ###.
Pada-pada lelungan marang Pool Lor lan pada nggawa pandom. Kang siji nunggang Kapal Terbang, sijine Kapal Api, dene kang liyane nunggang Kapal Layar. Ing tata lair, kang gampang tumuli tekan ing papan kang sinedya iya kang nunggang Kapal Terbang, nuli kang nunggang Kapal Api, dene kang nunggang Kapal Layar tekane kari dewe.
Mungguh maksude mangkene :
1.     Pool Lor iku umpane Gembleng.
2.     Pandom iku upamane Tekad kang bener.
3.     Mangalor iku upamane saka Keblat lair, marang Keblat batin.
4.     Tunggane iku upamane Kasuciane.
5.     Embuh sapira dohe, sateka-tekane, nanging tunuju ing Pool Lor, iku upamane : sawise Manungsa Sajati ana ing alame dewe, mbanjurake laku apa ora.
XVII. PERLAMBANG (SYMBOOL).
Ing ngisor iki ana pralambang sawatara, katerangake miturut sapanemune kang nganggit layang iki :
1º. Manuk Burak.
Manuk Burak iku kagambarake kaya Jaran asirah Wong lan mawa suwiwi.
Kanjeng Nabi Muhammad mumbul njajah langit sap pitu sarana nitih Manuk Burak.
Kira-kira :
Jaran iku Jaran napas (dudu kang ulese jragem, dawuk plangka lsp.). dadi kangjeng Nabi nalika njajah langit sap pitu (Alam wiwit kasar tekan kang alus pisan, kang kabeh mau satemene iya wis ana ing kene bae) ora susah mingked marang ing ngendi-endi, kajaba karo sarean utawa pinarak saksekecane. Tafakur. Semedi lantaran lebuwetuning napas.
Muhammad ………………….. Wujud kita :
Burak ………………………… Napas kita.
Yen pancen bener, kita rak iya uga bisa sinau nunggangi Burak kita dewe, iya nrima lon-lonan disik aja kesusu ngrangsang kang duwur-duwur. ###
Hemelvaartsdag van Jezus Christus. Dina nalika Kanjeng Nabi Ngisa mumbul marang langit iku manawa bae Kanjeng Nabi Ngisa uga ora mumbul marang langit, kang katon biru kae, kajaba njajah Alam-Alus klawan ngraga suksma …… ora beda kaya Kanjeng Nabi Muhammad. ###
2º. Syirathal Mustaqim.
1. Ujare dongeng : “Wot Syirathal Mustaqim” iku uga diarani Wot ogal-agil ….. gedene sarambut pinara sewu ….. dene landepe pitung penyukur.
Ing sangisoring Wot mau ana Neraka, isi geni mulad-mulad …. Wedang umob ….. gegaman kang mandi-mandi, kabeh sarwa nggegirisi lan mbebayani.
Wong kang akeh dosane, ora bisa nguwot, temahan kacemplung ing naraka mau. Dene wong kang suci, bisa nguwot rikate kaya tatit, terus marang swarga.
2. Saweneh ana kang negesi : wot ogal-agil iku pralambange ilat. Wong cecaturan iku ilate mobah-molah. Obahe ilat mau diumpamakake ogal-agil.
Tembung saru, clatu goroh, catur ala, pangojok-ojok, iku bisa gawe sangsara utawa cilaka lumebu ing Rumah Sakit utawa mlebu ing Hotel Prodeo (Penjara) ….. mangkono iku kang diumpamakake ora bisa nguwot, wekasan tumiba ing kasangsaran (kacemplung Naraka).
Mangkono uga kosok baline : tembung alus ….. clatu kang temen, catur kang becik-becik, bisa gawe kaslametan lan karaharjan ….. iku diumpamakake … bisa nguwot kongsi tekan swarga. (nanging wong kang seneng ngolek rai (cari muka) iku ora klebu ing kene, jalaran karaharjan kang tinemu, bisa uga gawe susah utawa kapitunaning liyan…..!!!!!
3. Syirathal Mustaqin iku tegese : dalan kang bener, yaiku pitutur, piwulang agama kang bener.
Ing kene dalan kang bener iku di tegesi tekad kang bener, yaiku tekad bali marang asal (saka keblat lahir nyilem marang keblat batin) kalawan suMoerup (mangerti) ing ngendi sangkan parane, ora nganggo was sumelang maneh.
Tekad iku ora katon wujud apa-apa, mulane diumpamakake gedene sak rambut pinara sewu.
Tekad kang santosa, kenceng diumpamakake landepe pitung panyukur, jalaran ora keguh dening goda rencana (godane Malaekat Wono-Kerun), bebasan berani karena benar.
Sarehne tumindake tekad mau ora mandeg-mayong sarta ngliwati dalan kang kenceng, dadi bisa enggal tekan ing papan kang sinedya, diumpamakake rikate kaya Kilat. ###
Lahir lan Batin iku samad-sinamadan, liput-linimputan, …… yen mangkono adoh cedake keblat lahir marang batin iku mung gumantung marang Angen-angen Rasa Kamanungsan.
3º. Kiyamat.
Ujare dongeng, Kiyamat iku bakal kadadeyan ing mbesuk mbuh pirang atus taun engkas, yaiku Bumi winalik ….. Jagad ginulung …. Langit tinangkep ….. polahe wong kaya gabah di interi.
Kiyamat sugra : iku kiyamate Wadag iki, yaiku sajrone sakharatil maot, ndungkap tekan janji. Sakbanjure si Wadag mati, dipendem …. Rusak.
Kiyamat Kubra : iku kiyamate Donya iki, yaiku : kabeh karusakan kang jalaran saka gunung mbledos, lindu, lahar, banjir gede, kang wiwit biyen tekan saprene wis kerep klakon, lan uga mesti tekan ing mbesuk pisan, netepi marang Wet : “Sakabehing Ka-anan Dat mesti bakal rusak, mung Dat-ing Pangeran kang tetep langgeng”. ###
4º. Tangi Saka Kubur.
Ujare dongeng, ing mbesuk dina Kiyamat (dina wawales), sakehing Wong Mati pada tangi (ditangekake ?) saka Kubur, diklumpukake marang Ara-ara Makhsar (?), ana ing kono ditraju ala becike. ###
1.     Ing wektu Urip iki, aluse, nyawane, Manungsane kaya dikurungi, utawa kena ka-umpakake Kependem ing dalem Wadag. Yen mangkono, si Wadag wektu iki kaya minangka Kubure.
2.     Urip kalawan Wadag iki, isi Manungsa Sejati kena uga di-upamakake sajrone Turu lan Ngimpi ……… (Yen mangkono, kabeh lalakon, kabeh ka-anan kang sinandang ing saiki kena diarani ngimpi si Manungsa Sejati, yaiku : ngimpi dadi tani, dadi wong buruh, dadi wong sugih luhur, mulya, dadi wong miskin, nista, sangsara, kinuya-kuya).
3.     Sajrone sakharatul maut (ndungkap tekan ing pati), si Manungsa Sejati wiwit oncat saka Wadag-e dadi wiwit metu saka kurungan (satemene diarani metu kliru) …….. iku kang diupamakake Tangi saka ing Kubur, jalaran maune dianggep kaya Turu utawa kaya Kapendem ing Wadag.
4.     Saoncate saka Wadag si Manungsa Sejati nganggo badan angen-angen (Kewani) ….. ing saiki ora mung aran tangi bae, malah wis menyat lan lumaku, dumunung ing Alam Kewani (Arwah), iya Alam iku kang diupamakake Ara-ara Makhsar (?). jalaran Alam Angen-angen mau jembar.
5.     Ana Ara-ara kono pada ditimbang (ditraju) Ala Becike, maksude : Anane ing Alam Kewani mau banjur dumunung ing perangan kang endi …… apa ing papan kang kasar, nyedihake ……. apa mbanjur ana ing panggonan kang nyenengake ….. iku  mung gumantung marang Ala Becike, kasuciane dewe-dewe.
Dadi ringkese mangkene :
Dina Kiyamat ……………….    Sajrone sakharatul maot.
Tangi …………………………   Manungsa Sejati wiwit ninggal Wadag.
Kubur ………………………..    Wadag iki.
Ara-ara Makhsar ……………    Alam Kewani (arwah).
Di traju ……………………….    Dumunung ing Alam kono njujug ing papan kang date kasar utawa alus …… iku gumantung marang ala becik lan kasuciane dewe-dewe. (Dadi ora ana kang mengkruk-mengkruk ing papan timbangan).
5º. Siksa Kubur.
Ujare dongeng, mayit iku ana ing kubur (wong kang akeh dosane) disiksa lan sakbanjure kacemplungake ing neraka (kacemplung ?).
Mungguh perlambang-perlambang (simbol-simbol) iku satemene uga migunani mulane akeh kang kamot ing Kitab Kitabing angger agama. Mungguh paedahe :
1.     Tumrap wong bodo, kanggo piwulang lan memedeni, supaya pada nglakonana panggawe becik, ngedohna laku maksiyat.
2.     Tumrap kang wis tuwuh pangertine, supaya anggolekana maksude perlambang mau, ngasah pikiran, nggatukake karo rasaning atine dewe.
Ing ngarep wis kacaritakake, yen ing wektu urip iki, kang dianggep kubur iku awak wadag. Dadi yen mangkono, kang diarani siksa kubur yaiku :
a.     Kala-kala nandang lara (ngelu, mules, lelara kang mbebayani).
b.     Kacilakan kang temahan nandang lara kongsi lawas, wekasan nduweni cacad utawa ciri.
c.      Ciri wiwit lahir, kongsi gawe kangelane ngupaya sandang lan pangan.
Yen mangkono, klakone siksa kubur iku bisa wiwit lahir mula tekan mati-ne si wadag, sakbanjure, lagi kena diarani luwar.
6º. Siksa Neraka.
Sajrone urip iki kita ana kalane nandang gela, cuwa, getun, ruwed renteng (peteng) – susah banget kang rasane aluwung matia utawa nganyut tuwuh (bunuh diri). Bisa nandang mangkono mau ora mung nalika ing Donya bae, nanging ana ing Alam Kewani ing perangan kang kasasar malah luwih-luwih. – (Yaiku ing Alam Peteng).
Iya kasusahan, kapetengan, karuwed-rentengan, iku kang diarani Siksa-neraka. Dene siksa mau bisa klakon wiwit lahir tekan sakmatine pisan.
Saben kataman Siksa Kubur, racake binarengan siksa neraka ….. saben kataman Siksa Neraka, si kubur melu suda kawarasane, kuru, lara, amarga saka ngenes, temahan bisa jideng pisan. ###
Dene kosok baline kabeh siksa kang kasebut ing nduwur iku, kena diarani “Ganjaran Swarga”.
7º. Lafat Allah.
Lafal Allah katulis nganggo huruf Arab iku uga dadi perlambang wujud lan urip kita. Coba gambar ing sasisih iku otak-atik, matukna !!!!

1e. Huruf (aksara) Lam-Lam-Ehe iku ora muni Allah yen ora ana aksara Alif ing sangarepe.
Maksude : Lam-Lam-Ehe, iku wadag sak anggotane. Dene Alif iku Uripe. (Sanajan kangremeh pisan, tumindak uga saka Urip Sejati).
2e. Ilange Lam awal marang Lam Akhir.
       Ilange Lam akhir marang Ehe.
       Ilange Ehe marang Alif.
Karepe : Pecating nyawa, mingseding rahsa, iku wiwit saka jempol sikil, sangsaya manduwur, tekan sirah ….. dene jablase – pantoge – bali marang urip, satemene yaiku Gembleng. Mulane ana tekad kaya pralambang ing ngisor iki. ###
8º. Alif.

Gambar ing nduwur iku aksara Alaf dijabar dijer lan dipes, unine…. A ….. I …..U. Dene maksude Aku ….. Iki ….. Urip. Yen wis mangerti marang maksude piwulang ing nduwur, iya ora gumun marang karepe pralambang iki, jer wis di bolan-baleni.
N.B. Mungguh perlambang (simbol) iku kepriye maksude mung sumarah marang kang nampa (mangkene, kena ……. Mangkono kena, waton memper). ###
9º. Lafal Muhammad.
Mangkono uga Lafal Muhammad katulis nganggo aksara Arab iku dadi perlambange Wujud kita.
Mim- awal iku Sirah.
Akhe ikui Dada.
Mim-akhir iku Puser.
Dal iku Sikil.
10º. Pojok-ing Tampah Cirkel.
Panyanane wong kang ora ngerti, tampah, dulang, mejabunder, buwangen (cirkel) iku ora ana pojoke. Mangka malah pojok-ing buwangen (cirkel) iku kang dadi pokok-ing sakehing pojok, yaiku dumunung ing tengah, (ing middel-punt) gedene 360º.
Middel-punt mau nyatane yen ana, sawise cirkel iku di garis mrapat ing tengah bener kongsi nganakake pojok – jejeg 4 (4 recthuken = 4 x 90º yaiku 360º) …… nanging satemene, dudu si middel-punt kang manggon ing pojok, malah si pojok kang manggon ing middel-punt.
Maksude : Middel-punt iku Dat-gembleng, iki pojok, kang dinyatakake klawan garis (sikile pojok), iku minangka sifate.
Ing lahir, nyatane yen dat iki temen ana, marga saka sifate. Nyatane yen “IKI” pancen ana, marga kang gumelar iki ana, yaiku sifate kang katon ing tata lahir.
1.  Saben pojok, gede cilik-a, iya peranganing pojok-e cirkel.
Kabeh mackluh, kasar alusa, iku dadi sifate IKI.
Pojok-ing cirkel dumunung ing Middel-punt. Kabeh sifat dumunung ing Dat (IKI).
2.  Gedening pojok ora gumantung marang dawa cendak-ing sikile, tegese : sawijining pojok, sikile kadawakna tekan ing endi bae ….. utawa kacendakna kongsi sapira bae gedene pojok mau panggah.
Luhuring Budi kamanungsan iku ora gumantung marang sugih miskin ora gumantung marang akehing duwit-e.
3.  Cirkel pirang-pirang ewu kang beda-beda jembare, iku gedening pojok-e pada bae, lan pojok pojok-e pada dumunung ing middel-punt.
Kaanane manungsa beda-beda, ana kang tumitah luhur, sugih, mulya ….. ana kang asor, mlarat, sangsara, nanging …… teteping kamanungsane pada bae, Gusti Allah ora mbedakake apa-apa, ora ana kang ditresnani lan ora ana kang disengiti, mulane gedening hake kabeh mau kanggo ngaku marang IKI iya ora beda.
Mulane elinga, sajrone gumuyu rasaksa tangismu.
11º. Gangsingan.
Kang mubeng seser ngadeg saka, nggenuki, (mepeti), iku uripe (obahe) katon ing awake gangsingan mau …… dene pokoking (pancer, teleng) uripe mau dumunung ing pucuking paku ing silite, ya iku ing punt, …… kang satemene ora melu repot obah – utawa kena diarani obah sajrone meneng. Aneh !!!!
Gusti Allah nitahake nguripi, ngobahake kabeh iki ora repot apa-apa. Punt = gembleng iki. ###
12º. Waman ‘arafa nafsahu fakhad ‘arafa’ rabbahu.
=(Sing sapa weruh marang awak-e dewe, temen weruh marang Pangerane).
Panemuning siji-sijine wong iku beda-beda, miturut sapira gaduging pangertine, mulane panampaning marang kareping dalil ing nduwur iku uga warna-warna, kayata :
a. Yen arep weruh marang Allah cukup mbanjur ngilo, samangsa weruh wewayangane ing sajroning pangilon, weruh marang Pangerane. (Malah ana saweneh kang nganggep Pangeran marang wewayangane ing lemah, yen awake pinuju kasorotan Srengenge mulane nglarangi anak putu ora kena nguyuh madep mangulon utawa mangetan, supaya aja nguyuhi wewayangane).
b. Jare Yai, wadag iki asale saka : bumi, geni, angin, banyu. Dene nyatane bisane wujud, klawan lantaran Bapa lan Biyung. Sarehne Bapa Biyung iku kang ngukir wujude (awake). Yen mangkono iya Bapa Biyung iku dadi siji, aran Allah (wakil Allah).
c. Ujare Yai, ing mbesuk yen ndungkap tekan ing janji, bakal katekan wujud kang plek (jebles karo wujude dewe), nalika urip iki wujud mau iya wis kena ditemoni, yaiku Pangeran, mulane kudu diderekake. (Menyang ngendi ?). Utawa diuluki salam.
d. Iki katerangan kang rada jero, yen gelem gagasen nganggo rasa-mu kang rada beres, aja mung nganggo rasaning Angen-angen-mu kang asor bae, kang karepe mung kuminter, gumampang nggeguyu utawa nenacad, sombong, dupeh lagi rumasa (krasa) urip rada seneng. SuMoerupa rasa kang mangkono mau nelakake asoring budi.
Kang diarani sambel iku dudu : lomboke, trasine, uyahe, aseme, nanging campure patang prakara mau.
Mangkono uga kang diarani rasa-ne sambel iku dudu : pedese, gurihe, asine lan kecute, nanging campure rasa-rasa patang warna mau.
Adon-adon 4 warna mau nganakake wujud lan rasa anyar, kang aran sambel lan rasane.
Mangkono kang diarani awak (diri), iku kudu : Eadag-e Angen-angen Manungsa Sejati-ne lan dudu urip-e nanging adeging (kumpuling) 4 prakara iku kongsi awujud janggereng kita iki kang aran awak.
Gegayutan 4 warna mau nuwuhake rasa kamanungsan, kang mbanjur bisa nduweni pangaku ……. “awak utawa diriku”, tegese awak utawa diri-ne si aku.
Siji-sijine awak diwenehi aran dewe-dewe, dadi kang aran Suta, Naya, dadap, Waru iki diri-ne, yaiku barang anyar kang rinakit (kajumenengake) dening si aku, kanggo lantaran nyatakake ana-ne kajaten. (Urip lan Rasa Sejati).
Mas !! Lah “AKU” iki sapa ?
Putih iku dadi sifate kertas lan manggon ing kertase dadi dudu kertase kang manggon ing putih.
Awas di sabar nggone ngrasak-ngrasakake kongsi kandas.
Diri iku dadi sifatku lan dumunung ing “AKU”. Dadi dudu aku kang manggon ing diri N.B. Prakara iki ora gampang dilaras, mulane bisa kosok bali karo panemune kang akeh-akeh, kang ada nganggep yen diri-ne yaiku dewek-e, kongsi nganakake aku akeh, warna-warna sarta nuwuhake rasa beda utawa rumangsa ngungkuli sapada-pada.
Jumenenge si diri saka aku, ora kosok bali; aku dijumenengake dening si diri. Si diri mung nyatakake ana-ne si aku dadi sifate si aku.
Sarehne sifat iku ora pisah karo dat, dadi waton suMoerup marang dununging Diri-ne, ….. iya mangerti marang aku-ne pribadi-ne, lantaran rasa-jati.
Yen wis mangkono, nocogi karo surasane dalil ing nduwur mau lan geseh karo katerangan a, b lan c iku.
Sing luwih terang, ta Mas !!! “AKU” iki kang endi ??
Ing ngarep rak wis wola-wali dicritakake, yen manungsa iku kekurangan tembung kanggo nerangake marang melok-e si IKI, dadi bisa-bisane, sanadyan ngeblaka pisan, iya mung theori. Ewa samono, tinimbang nganggur, jajal-jajal tak tutugake :
1.  Nur, Rasa, Suksma, Nafsu, Budi.
2.  Malaekat, Dewa, Jim, Setan.
3.  Srengenge, Rembulan, Lintang-lintang, Bumi.
4.  Manungsa, Kewan, Tetuwuhan, Pepelikan.
5.  Swarga ……… Naraka.
No. 1 tekan 5 iku kabeh dadi Sifat-e si AKU lan Asale saka si AKU, mulane iya mesti dumunung ing si AKU. Dudu si AKU kang manggon ing Swarga-Naraka …… malah Swarga-Naraka kang dumunung ing si AKU ……. Yen mangkono genah, yen sejatine ora-ana apa-apa kejaba mung mligi “AKU DEWE” ……. Lan ana-ne nunggal (ngumpul dadi siji, nanging dudu sijine etungan loro, telu, papat).
Daerah kasar-kasaran mangkene :
Kertas salembar digambari wong warna-warna kang diwenehi aran : Suta, Naya, dadap, waru.
Putih kang ana sajroning corekan gambar si.
Suta ngucap : aku sing aran kertas.
Naya ngucap : aku sing aran kertas.
Dene si Dadap lan si waru iya moh kalah, pada ngaku mangkono. Nangging mungguh nyatane : kertase mung siji, yen mangkono “aku-ne” iya siji. ###
Aku iki dadi teleng, pancer, Punt-ne kabeh kaanan kasar alus, mulane nganakake keblat lahir ngener marang batin. Kabeh keblat pancere, enere marang “AKU”. ###
Prakara aku, iki, gembleng, dat-pribadi iku bola-bali kasrambah ing kene, gawe bosen tumrap kang ora ndungkap ….. nanging gawe undake pangerti marang kang sawatara nyandak, apa dene gawe wuwuhing kaantepane.
Wong memaca iku yen lagi sepisan, ora pati titi, ora ngrasakake marang kang winaca ….. nanging yen sajrone maca regadagan mau kerep nyampar nyandung sawijining prakara kang perlu, kena uga mbanjur bisa krasa.
Prakara “IKI” pancen angel ginayuh, marga saka gaib lan werite. Mulane, sanajan ora ngeblak, waton suMoerup marang ancer-ancer kang bener, iku wis lumayan, gawe sudaning gugon tuhon, sarta fanatiek-e.
XVIII. TAKDIR LAN ICHTIYAR.
1. Ing ngarep wis katerangake yen manungsa iku sakdurunge bisa bali marangasale, durung sampurna, iya mesti tansah tuMoerun marang donya maneh, yaiku njilma (reincarnasi). Prakara iki ing Agama Islam lan Kristen, saweruhe kang nganggit iki ora katerangake babar pisan, mbuh sabab-sababe. Bokmana, jalaran bisa nuwuhake gagasan mangkene. “Digawe apa ngaya-aya golek kawruh, marsudi marang kasunyatan, toh mbesuk ora wurung iya mangkene maneh. Nyelengana kasucian, iya mung bisa oleh sapira. Bayarku satitik, utangku akeh saiki bayaran, dicilikake mrana-mrana ora cukup, aluwung digawe pawitan main pisan, untung-untungan” !!! Kaya mangkono iku iya bener.
Amarga saka wola-wali tuMoerun mau, nganakake nom tuwane manungsa sajati, sarta ing Alam-alam-alus iki rak iya akeh banget kandidat Manungsa kang bakal tuMoerun ing Donya lan uga kang isih mbanjurake laku marang Alam-alam kang luwih luhur ??
(Kacarita wilangane manungsa kang pada dedunung ing Alam-alam-alus katimbang karo kehe kang urip ing Donya iki, padane kaya upamane : wilangane wong kang pada dumunung ing kuta Surabaya katimbang karo kehe wong kang manggon ing kamar cilik sajroning kuta mau).
Anak-mu kena uga luwih tuwa tinimbang kowe, lan kowe dewe bisa uga ing tembe dadi putune anakmu !!!
2. Saben tuMoerun mesti sangsaya mundah pangertine sarta mesti nglakoni ala becik sarta nandang bungah susah.
Kabeh panggawe, ala becike mesti ana patuwase, yaiku nemu kasangsaran, kasusahan-kamulyan, kasenengan.
Ora ana kadadeyan kang tanpa sebab, lan ora ana sebab kang ora nuwuhake kadadeyan apa-apa. Manungsa mesti bakal ngunduh wohing dederan utawa tandurane dewe ….. nampa patuwasing panggawe dewe !!!
3. Piala (dosa) kang dilakoni dina iki, yen ora oleh wawales ing sanalika, iya ing dina sesuk, emben utawa ing mbesuke.
4. Terkadang ana wong becik adat kalakuwane, suci atine, nanging uripe tansah nandang sangsara, kasurang-surang, kerep nemu kasusahan, kinuya-kuya. Mangkono mau satemene saka tuwuhing panggawene ala, kang wis katindakake ing jaman biyen-biyene. Dene panggawe becik kang dilakoni ing wektu iki, iya mesti bakal ana patuwase.
Mangkono uga kosok baline, saweneh ana wong kang ala banget lalabuhane, ambek siya, seneng nggawe sang-saraning liyan, tegan-mentalan, nanging ndadak malah sugih, luhur, mulya seneng uripe. Mangkono iku tuwuhing panggawe becik, kang wis linakonan biyen-biyene …… dene piala kang katindakake ing wektu iki, iya mesti bakal oleh wawales. Mangkono iku wet-ing Alam kang manungsa ora bisa nyelaki utawa ngoncati maneh, ora bisa nyingkrihi.
5. Utang Rp. 10,- iya bakal nyaur Rp. 10,- motangke samono iya bakal nagih (oleh bayaran samono). Mung bae pembayarane bisa grebyeg utawa nyicil.
Wong kang nglakoni kadurjanan gede, nandang dosa gede, ora mesti mbanjur oleh paukuman kang abot, malah terkadang vrij bae. Nanging sagbanjure, panandange sangsara bakal ngendeng bae (lumintu), kongsi gunggunging kasangsaran kang sinandang timbang karo gedening dosa kang wis linakon. Lan sawise iku aran luwar saka wewalesing panggawe saprakara iki. (Mulane, kalane urip iki, sadela krasa bungah, sadela susah, sadela rumangsa mulya, seneng sadela nandang kasangsara, ruwed renteng, peteng kongsi bunuh diri pisan. Iku kabeh saka nagih lan nyaur utang. Dene yen utange punah (lunas) wektu iki, iya nutukage nyaur utawa nagih ing mbesuk samangsa tuMoerun maneh.
6. Nggawe kabecikan marang Suta, malah oleh wewales ala, nanging oleh kabecikan saka Naya. Mangkono mau saka wales-winalesing panggawe kang maune wis pada linakonan.
7. Ora kurang anak-anak gawe susah utawa sangsaraning wong tuwane, malah ana kang tegel mateni wong tuwane …… utawa kosok baline, yaiku gawe bungah lan kamulyane wong tuwa.
Ana biyung kang mati konduran (kebebeng-bayi ora bisa lahir, utawa lahir kalawan rekasa). Sanak kadang dadi mungsuh ….. wong liya dadi sadulur. Kabeh iku wales-winalesing panggawe kang wis pada linakon ing biyen-biyen.
8. Sarehne Manungsa (Manungsa Sajati-ne) dewe-dewe, dadi nggawa lelakon, begja-cilaka tekdir (celengan) iya dewe-dewe, dadi nggawa lelakon. Yen mangkono dosane wong tuwa, …… anak-putu iya ora melu nyangga.
“Wa’man yaksib itsman fainnama yaksibuhu ‘ala nafsihi”.
(Sing sapa nglakoni dosa, mesti nggone nglakoni dosa mau tumrap marang awake dewe (ora nglepati ing liyane).
TuMoerun kita sesrawungan, nyedaki utawa gegayutan karo kang laras lan kaanan kita.
Wiji tuMoerun lantaran wong tuwa kang laran karo bakal lelakone wiji mau (soort zoekt soort).
Wiji becik lumrahe tuMoerun lantaran wong tuwa kang becik lalakone (genahe : wong becik iku, iya anak-anak becik) ……. Mangkono uga kosok-baline.
Umpamane kang tuwa nandang dosa gede, kang mangka durung nyangga paukuman, iku bisa oleh anak putu kang nggawa tekdir dewe bakal nemu babaya gede, utawa dipateni dening liyan. Dene yen kalakon mangkono satemene anak putu mau ora nyauri utanging wong tuwane, kajaba nyauri utange dewe-dewe. Mung bae kang akeh banjur netepake : “wewales ora tumiba ing awake dewe, iya bakal tumiba marang anak-putu”. Dadi karepe, anak-putu oleh warisan begja cilaka saka wong tuwone.
Bisa uga klakon mangkene : sawise kang tuwa mau mati, mbanjur tuMoerun maneh dadi anak-putu utawa buyut.
9. Sawijining wong kang banter tirakat utawa tapane kapengin kasugihan, kaluhuran, kamulyan, yen ora kasembadan ing wektu saiki, iya bakal kalakon ing tembene, yen wis tuMoerun maneh. Utawa …… bakal oleh wiji (turun) kang anane ing Donya dadi wong luhur, sugih, mulya kaya kang dadi idam-idamane mau. Lan timbang karo daya kang tuwuh saka bantering tapane iku.
Miturut katerangan iki, si kandidat tetela yen wis nggawa tekdir (celengan) dewe, dudu gaweyane kang tuwa.
10. Ora ana umat tanpa cacad ……. Ora ana cacad tanpa jimat.
Sakbecik-becikane manungsa, iya isih ana alane, saala-alane manungsa, iya meksa isih anakecike.
Sawijing wong kang misuwur ala, ala kalane bening atine, tuwuh welas-asihe, nduweni budi luhur. Ing sakala mangkono mau, bisa uga kabeneran oleh wiji kang nunggal laras. (Wiji Becik).
Mangkono uga kosok baline, sawijining wong kang kulina alim, suci atine, ana kalane peteng, rusuh tindake, tuwuh angkara Moerkane, kongsi nalika iku bisa oleh wiji kang nunggal laras (Wiji Ala).
Jalaran saka iku, ora kurang anak putu kang adat kalakuwane, nggesehi karo adat kalakuwane kang tuwa-tuwa (leluhure). Sarta geseh karo ujaring babasan : Kacang ora ninggal lanjaran”. “De appel valt niet ver van den boom”. (Contone : Rahwana – Wibisana – Punta Dewa – Wrekudara).
Ora kurang anak putune wong alim kang pada karem nglakoni maksiyat ….. anak putu wari (bromo corah) kang pada dadi wong utama, luhur kaanan lan budine. Kabeh katerangane iya kaya ing nduwur iku.
11. Kita tansah nyambut gawe lan tanpa patuwasing pegaweyan kita. Tansah nggawe sabab lan tampa kasiling sabab mau. Tansah utang lan tansah nyaur. Tansah motangake lan tansah nagih.
Gunggunging kabeh mau (total) ……. Ora liya saka panggawe kita dewe, kang kita ora bisa nyelaki (prakara iki Gusti Allah ora melu-melu …… dadi ora butuh marang pangalem utawa panacad).
Mung bae, kabeh-kabeh mau mbanjur karingkes diarani “tekdirrulah”. Yen nemu kasenengan, Gusti Allah dialem. Yen oleh kasangsaran, Gusti Allah diuring-uring, dianggep ora adil.
12. Upama : ana bayi loro, kembar. Sakbanjure, kang siji dadi wong mulya, seneng Uripe, …….. dene sijine dadi wong kang tansah nandang sangsara. Iku apa ora mratandakake yen Manungsa Sajati-ne wis pada nggawa tekdir (celengan) dewe-dewe?. Apa nelakake yen Allah ora adil??.
Donya iki sangsaya lawas sangsaya tuwa, sangsaya akas (garing), embag-embag (embel-embel) wis dadi lemah kang atos, sumber-sumberan pada pepet, kali-kali banyune pada suda.
Dek jaman kuna (iki wiwit kapan ?) bayi lagi lahir, mripate isih merem, rambute arang-arang lan kaya wulu kalong. Dene bayi model jaman saiki lahir procot mripate wis melek, rambute wis katon ireng lan ketel. Bayi weton jaman mbesuk maneh, mbuh wiwit kapat, kena uga wiwit lahir wis ana untune, bubar nangis cenger-cenger mbanjur gumuyu lan njaluk maem.
Miturut carita wayang kadadeyane panggawe, tumindake wales-winales iku ngenteni mbesuk yen wis titis-tumitis utawa tumimbal maneh.
Nanging ing saiki sarehne jaman wis tuwa, lumrahe, kabeh panggawe ala-becik-a, mbanjur oleh patuwas kontan bae, ora susah ngenteni ing mbesuk-mbesuk maneh, netepi bebasam :
“Ala katara” ……… “becik ketitik”.
Sabarang kang pulasan nuli kena rempelas. Dene sababe, kena uga marga saka donya wis tuwa mau. ###
IKHTIYAR.
Ikhtiyar iku tegese ngupaya, nindakake panggawe, supaya sinembadan karepe, kacukupan kabutuhane. Wong butuh duwit, iya lunga golek duwit sarana beburuh, utang-utang, nyenyolong. Dene bisa kalakon oleh utawa ora, iku gumantung marang begjane kang golek.
Supaya ora keslomot ing geni, kudu nyingkrihi panggonan geni, ewa semono malah kebledosan mercon iya wis bejane.
Ana udan deres kabarengan prahara. Sarehne omahe dewe wis doyong mbanjur ngungsi marang tangga kang omahe luwih santosa. Wusana, omahe dewe ora ambruk marga katempuh ing prahara, nanging omah panggonane ngungsi mau ndadak kebrukan wit asem kang sol, temahan kang ngungsi mau kacilakan luwih sangsara tinimbang kanca-kancane kang pada ana ing kono. Iku apa kena di paido utawa di  tutuh?.
Nyambut gawe, dagang cilik-cilikan, bisa oleh bathi satitik, nanging lumintu, cukup kapangan lan kasandang saanak-bojo saMoerwate.
Sapa kang kepingin kauntungan akeh ? Sapa ora kepingin tumuli enggal sugih ?
Supaya entuk bathi kang luwih-luwih, mesti bae dagangane iya kudu di-gedekake. Wasana, ndadak malah bangkrut omah lan barang darbeke dibeslah lan kalelang, wekasan cures. Nanging iktiyare mau apa kliru ?.
Mangkono sapanunggalane, lan conto ing nduwur iku ora mung dongeng bae, nanging pancen wis kerep klakon.
Sanajan kepriyea uga, apa ora wis wajibe, kita nindakake ikhtiyar, jalaran ikhtiyar iku uga sawijining panggawe ? Yen kita kepingin nemu slamet lan karaharjan, iya kudu nindakake panggawe kang laras karo kang kita karepake. Den kang kita kepingini mau ora tinemu ing saiki, iya bisa kabul ing emben-burine. (Jare yai wajida-wajidahu, sing sapa temen bakal tinemenan. Nanging sing sapa nrima …… lumrahe kok malah kutuhan !). Yen ikhtiyar kita ing saiki malah oleh kasil kang kosok bali, iku saka tuwuhing ikhtiyar kita kang kapungkur, kang tujuwane kosok bali tinimbang ikhtiyar kita saiki. ###
Manungsa iku yen pinuju mujur (begja), satiba malange tansah kabeneran. Nanging yen yen wis tumiba kojur (apes), iya mlebes, terkadang kasusahane njujul wuwul ……, ngati-ati malah kena ing eri, bebasan : godong kayu dadi satru.
Lumrahe, sakjrone bungah iku ora eling yen bakal bisa susah. Kalane susah atine nyekukruk, ilang pangarep-arepe bakal luwar saka kasusahan mau.
Amarga saka banget enggone ngugemi marang tata lahir, mbanjur lali (utawa ora krasa ing atine) yen kaanan iki owah gingsir, ora mangerti yen kabeh iki ora ana kang kena digawe andel-andel, kajaba mung Allah piyambak.
XIX. KALUHURAN.
Sarehne Manungsa Sajati iku ana kang nom kang tuwa, sarta celengane beda-beda, dadi drajate uga ora pada. Mungguh ringkese mangkene :
I. Luhur – kamanungsane : Manungsa Sajati tuwa akeh kasuciane, adoh marang kadonyan, dadi papadanging Jagad (mencarake Agama), kayata : Nabi, Wali.
II. Luhur budine, iku manungsa kang bening atine, akeh adil lan kautamane, kongsi kena diarani (Roh-adi (manawa bae saka kono pinangkane sesebutan raden).
Wong kang luhur budine iku tansah lerem Angen-angen-ne katone ing lahir, lumrahe mripate (manike) sumorot, kongsi arang wong kang kuwat mandeng marang cahyaning mripat mau.
Amarga saka iku, tembung Raden mau kena uga saka Darah-adi, tegese : sosotya = kang adi-dene tumrap Wadag iki yaiku mripat kang sumorot.
Kajaba kang kasebut ing ngarep mau, kang diarani budi kang luhur yaiku :
a.  Sabar tawakal, tipis angkara Moerkane, seneng marsudi kawruh lahir batin.
b.  Seneng tetulung marang liyan kalawan bau-suku, barang lan papanganan, klawan pitutur utawa piwulang kang tumuju marang kautaman lan kaslametan.
c.   Jembar segarane, tegese : gede pangapurane dialani malah males becik.
Miturut katerangan iki, lanang wadon-a, waton nduweni budi luhur, iya tetep aran raden tumrap batin (Gusti Allah ora mbedakake apa-apa) !!!
III. Luhuring pangkat …… iku bisa klakon marga saka daya celengane, dadi sanajan ora dikantenan budi luhur, wis bisa. Tanda yektine : ora kurang panggede kang ora adil, ambeg siya, sawenang-wenang, mung mikiri marang awake dewe sakfamiline, kaya bebasan : Mati-matiya kowe, angger aku urip”.
IV. Luhur kawruhe.
a.  Akeh kabisane kawruh lahir.
b.  Putus ing kawruh batin, tegese : mangerti (dumunung) marang Sangkan Parane, gumatok klawan tanda yekti saperlune …… dadi ora mung akeh critane kang ala wora bae …… ora mung dupeh akeh apalane tembung-tembung utawa ukara kang ndakik-ndakik bae.
N.B. Ing bubuka wis katerangake, yen kang nganggit layang iki prakara kawruh isih nyamut-nyamut banget, mulane iya ora wani bebantahan prakara Ngelmu, kawruhe pancen isih asor tur mung satitik, mulane yen di-ina dening liyan, iya kapeksa nrima, jalaran pancen nyata. Dene bisa carita semene iki, kang akeh saka nggone nyangkok-nyangkok perlu kanggo katerangan, satitik banget kang metu saka pamikire dewe. Mulane, wekase marang sadulur lan anak putu, poma aja seneng bebantahan bab kawruh, rebut unggul, menang-menangan, supaya dianggep sawijining wong kang pinter putus ing kawruh ……. Tinimbang mangkono aluwung ngallaha bae !!!!!!!!!!!
XX. KATRESNAN.
Angger wong racake mesti pada tresna marang awake dewe (wadag). Lara satitik enggal-enggal golek jamu utawa tamba. Dapure ala tur cacad pisan, pangrasane iya bagus bae, lan ora lila upama winada-a ing liyan. Saduwe-duwene si wadag mau perlu dipanggoni. Wis tuwa nganggo open jas kraag, dasi, supaya bregas lan katon enom. Ora gelem dituwakake, mundak ora kepayon. Putune wis lima, pupurane rembet-rembet, nganggo gelang lan kalung madalion, supaya katon ngresepake.
Kabeh mau wose : saka tresnane marang si wadag.
Ya gene teka di trisnani ??
1e.  Si wadag wiwit lahir wis dianggo batur bekakas utawa kurungan.
2e.  Si wadag di-anggep “AKU”-ne.
3e.  Si wadag wis pantes ditresnani, jalaran lagia sedulur, kewan ingon-ingon sarta barange bae uga ditresnani.
Tresna marang awak-e tegese : njaga Moerih si awak tansah seger kawarasan, yaiku ora mangan utawa ngombe sabarang kang ngrusakake awak, budi golek hawa kang kapenak, ora ngumbar kasenengan kang gawe sudaning kawarasan.
Ana saweneh kang tegel negakake (ngeklasake wadag kalawan laku nganyut tuwuh (bunuh diri), kang jalaran ora kuwat nandang susah, wirang, ruwet renteng, was kawatir, lara kang kinira tangeh warase.
Ing saiki tetela yen ana kang ditresnani ngungkuli si Wadag, yaiku Angen-angen.
Yen mangkono, katon bregas iku sing seneng dudu wadag-e, nanging Angen-angen-ne. Yen si Angen-angen ora kuwat nandang ruwed renteng, banjur nekad ninggal wadag-e (bunuh diri), ing pangrasa, sarana laku kaya mangkono mau gawe luwaring manungsa saka kasangsaraning Donya. Panemu mangkono iku kliru lan tetela yen tuwuh saka ptenging budi lan ora eling marang Karma celengane, yaiku ora eling, yen kabeh iku ora tinemu ing saiki, sanajan disingkrihana pisan, iya mesti bakal tinemu ing besuk. Nanging ana dalil mangkene, coba pikiren :
“Wama kana linafsin antamuta illa bi-idnillahi kitaban mua’jaba”. (Sawijining awak ora bisa mati, kajaba klawan parenge karsaning Pangeran, kang wis digantungi pepasten kangkatamtokake mangsane).
Yen nitik mangkono, nganyut tuwuh iku apa ora wis takdirullah !! Yen mangkono apa kena disalahake ?
Wadag ditresnani dening si Angen-angen, jalaran iku …… bature.
Angen-angen ditresnani Manungsa Sajati, jalaran iku tunggangane. (Sanajan adat kelakuwane ala-a dikaya apa, jare iya bagus bae, ora gelem dicacad.
Kakarepane kang terang yen kliru, dielingake malah nepsu.)
Manungsa Sajati iku tresna maranmg awake dewe, jalaran iku sifate dat.
Yen mangkono terang, tumujuning katresnan iku satemene ora liya mung marang : Dat-ingsun – aku pribadi. Mung bae, tumrap kang akeh-akeh, prakara iki ora kerasa.
Prentahe Agama : “Di tresna marang sapada-pada, kaya tresnanira marang awakira dewe”. Maksude, yen bisa tresna kabeh, iya tetep tresnane marang aku-ne ….. lan ora nganakake aku akeh, kajaba mung siji (nunggal).
Kanggo wiwitan : tresna marang awak wadage dewe. Sadulur lan mitra karuh.
Nuli tresna marang kang nunggal Agama.
mBanjur tresna marang bangsa.
Sawise bisa ngempakake katresnan, mbanjur tresna marang sapa bae, ora perduli bangsa lan Agamane …… sarta tresna marang kewan (ora ambeg siya) apa dene marang sakabehing makhluk. Mangkono mau nelakake sukure marang Pangeran, lan tanda yen wis bisa Nokidake (nyawijikake), Tauhid = sawiji.
Ora mung tumujuning katresnan bae, malah teleng utawa pancering katresnan iki ana ing iki.
Nanging ora perduli kapriye bae, aku emoh, yen dikon senget marang duwit !!!!
XXI. KAWRUH APA PERLU KINEKER?
Akeh, bae kang ngeker (nggawe wadi) sabarang prakara kang magepokan karo Kawruh batin dene sababe, kira-kira mangkene :
1º.  Wis diwekas dening Guru, ora kena medarake prakara kang dianggep wadi marang sok wonga.
2º.  Wedi yen kwalat kasiku ing Pangeran.
3º.  Kwatir yen wong liyane melu-melu mangerti, mbanjur madani marang kapinterane.
4º.  Kawruh olehe golek lawan kangelan, kanti wragad sakadare, (iki lumrah), utawa diweneh-wenehna, katular-tularna klawan gampang, mesti bae iya eman-eman.
5º.  Pncen durung akeh pangertine marang Kawruh isih kandel gugon tuhone, prakara kang remeh-remeh bae wis gawe wadi. Tanda yektine :
a).Tembung angen-angen. Yen katrucut ngucap, utawa krungu wong muni angen-angen, kudu mbanjur uluk salam.
Ora mung tembung angen-angen bae, nanging kabeh tembung kang nganggo wanda “ngen” iya kudu disirik, disalini tembung liyane :
b). Tembung “Krenteg” lan kabeh wanda “Teg”.
c). Tembung “Pikir” lan bakeh wanda “Kir”.
d). Tembung “Manik” lan bakeh wanda “Nik”.
e). Tembung “Urip” kudu disalini Sang gesang.
f). Tembung “Jantung” kudu disalini Sekar pisang.
g). Tembung “Eling” kudu disalini enget.
h). Tembung “Srengenge” kudu disalini panutan.
i). …………….., mangkono sapanunggalane.
Mungguh nyirik ngucapake tembung-tembung iku kajaba larangan, uga ana gunane, yaiku : Yen arep rerembugan, kudu ngati-ati, aja kongsi ketrucut angucapake salah sawijining tembung larangan mau, wekasan kulina meneng, ora kakehan rerasan kang tanpa guna : maido, nacad, ngala-ala liyan. Yen mangkono, iya meksa ana perlune, kang tujuwane nyenyuda sakehing piala utawa reruwed kang kalahirake klawan pangucap. ####
Gembleng iku wadining Bawana, wadining Jagad. Lgiya Kitab-kitab kang nyritakake anan IKI, ing jaman kuna wis ora gampang-gampang digiyarake, apa maneh nerangake ana-ne IKI kang klawan ngeblak. (Kitab-kitab mau kang akeh isih perlambang, prasemo – simbol).
Apa sababe, dene lagi Kitabe wae wis kineker, ora kena di waca dening sok wonge ….. mbokmanawa bae mangkene :
1º. Kang akeh-akeh ….. pangertine marang Kawruh lahir bae isih kurang banget. Upama maca-a Kitab kang surasane jero, iya mung bisa apal unen-unene bae (terkadang lagi macane bae ora bisa).
2º. Wong kang isih bodo, samangsa Kitab kang luhur maksude, mangka ora nyandak marang surasane nanging kepeksa nggagas, wekasan bisa ngengleng (rusak pikire), gawe kapiran olehe golek sandang pangan temahan …… kene ora, kono ora, kena malah ora.
3º. Lumrahe manungsa nduweni wateg kapingin nyuMoerupi marang wadining liyan, utawa kepingin weruh marang sabarang prakara kang sengaja digawe wedi, ora merduli marang sadengah kang ginawe gampang-digawe Moerah, snajan barang mau satemene adia pisan. Lang mangkono uga kosok baline.
Jalaran saka iku, sapa kang maca Kitab-kitab kekeran mau, supaya nggolekana surasane klawan temen-temen. (Dadi karepe, enggone nggawe wadi mau mung sawijining politik).
Tekan ing jaman saiki, ora mung surasane bae kang kudu di-aji-aji, di-estokake ….. dalasan Kitabe, wujud dlanyang lan mangsi (tulisan), uga kudu di-aji-aji, kayata : diarani Kitab Suci, yen arep nggawa kudu reresik disik lan panggawe kudu kang pantes, yen arep maca kudu adus kramas lan pasa disik.
Pracaya marang Kitab iku wis mestine, nanging aja pracaya marang barange, di-anggep kaya sawijining jimat ….. dene kang perlu yaiku percaya marang maksude piwulange, ora mung ngugemi sakabehing crita utawa unen-unen kang kadapur pralambang utawa pasemon bae, …… utawa kang perlu kanggo memedeni wong bodo supaya nglakonan panggawe becik bae.
Sabarang kang wis ngoyod iku angel jebol-jebolane. Gugon tuhon kang wis manjing ing balung sungsum iku angel owah-owahane.
Mulane kabeh mau sabisa-bisa pikiren kang gumatok, aja mung anut grubyug ora weruh ing rembug. ###
XXII. GOLEK – NYEKEK – NELEK – SENGKEK – MATEK.
Ing nduwur iku bebasane wong desa, nanging yen ginagas iya uga kalebu ing nalar.
Mungguh karepe urip iki ora perlu nggoleki kang angel-angel, mikir kang sarwa onzin (prakara kawruh batin), dene wose mung :
1.  Golek ……… ngupaya kabutuhan (sandang pangan, kasugihan, kaluhuran, kamulyan, kapinteran kanggo golek duwit).
2.  Nyekek ……. kang perlu diupaya disik kabutuhan kanggo saben dinane, yaiku jangan, saluwuhe dipangan, kanggo tuku panganggo lan disimpen, supaya lawas-lawas bisa dadi wong sugih.
3.  Nelek ……… sarehne saben dina mangan, dadi iya perlu uga bebuwang.
4.  Sengkek ……. Tegese : ora kuwat : sakbanjure, nalika urip iki ana kalane lara, lan sawise tuwa, kakuwatane sangsaya suda, wekasane ……..
5.  Matek ……. Yaiku jideng ……. Saiki wis cutel, ora ngarep-arep narik litre maneh.
Panggawe lan kaanan ing nduwur iku dilakoni lan tumrap sok wonga, ora perduli, luhur, asor, mulya, sangsara, sugih utawa miskin. Mung bae lumrahe, bareng wis klakon sugih, luhur, mulya mbanjur lali yen bakal bisa sengkek lan wekasan iya mesti matek.
Mulane ora ngelingi mangkono, awit, sifat-sifat kang kasebut ing ngisor iki tumrap kang akeh-akeh isih kandel banget, yaiku :
a.  Donya …….. mung mikir marang kodonyan.
b.  Tamak …….. ngangsa-angsa, ora ana mareme.
c.   Ujud ……… mestekake kang durung klakon.
d.  Riya’ …….. melik marang pangalem (aleman).
e.  Takabur ……. samubarang rumangsa ngungkuli sapa-pada.
f.    Sumengah …… ngonarake (nuduh – nuduhake) marang kabecikan.
g.  Khasud ……. Meri marang kabegjaning liyan, sarta nindakake fitnah, supaya kabegjan mau tumiba-a ing awake dewe.
h.  Tulul amal …….. tansah kwatir yen ora nyandang utawa mangan, kongsi seneng miala ing liyan.
i.    Kikid ……… panguneg-unenging ati marga gagasan kang ngaya wara.
Cekake, ninggal kadonyan iku abot. Mulane, Mas, yen aku kongkon sengit marang duwit, aluwung pegaten bae. Luwih becik pisah kaso kowe, tinimbang pisah karo duwit. Ora munggah swarga iya uwis, waton ora kaoncatan duwit. Biyen ketok apa, saiki ketok apa, ora demen, ulihna aku !!! Lan manehe pikiren sing jero, ta, Mas, aku gelem melu kowe kuwi rak merga dek samana kowe sugih barang lan duwit. Lah saikine barang wis entek lan duwit wis ora duwe wis ora duwe, bayar mung satitik, ora cukup tak enggo mbayar bon mrana-mrana ……. Sing tak arep-arep apa maneh ? Saben aku sambat durung nyicil bon Toko Bombay ……… Toko A ……….., gampang wae olehmu mangsuli : “Saiki durung ana duwit, iya semayana disik lan olehmu seneng ngebon iku sudanen. Kurang apa biyen, sakarepmu tak uja, tak turuti bae. Saiki wis kaya ngene kapriye”. Angger wong bisa ngucap ngomo Mas !!! Pendek, aku ora kuwat !!!!

XXIII. I S L A M.
Mungguh Islam iku tegese : Slamet utawa pasrah. Ing kene katerangake sawatara kapriye maksude :
Slamet uripe. Kang diarani dlamet-uripe iku :
a.  Njaga wadage tansah seger kawarasan, klawan patrap olah raga, sarta nyegah mangan lan ngombe sabarang kang nyuda kawarasan apa dene ngrusakake awak.
b.  Nyandet hawa nafsune, supaya Angen-angen-ne tansah lerem, bening, suci kang wekasane nuwuhake pambek welas asih, adil, para marta.
c.   Kajaba kawruh lahir, uga marsudi marang kawruh batin, kongsi dumunung (mangerti) marang uripe, yaiku : weruh marang sangkan parane sarta nduweni tekad bali marang asale.
Pasrah iku karepe : pracaya ing lahir batin, yen raja branane, awake – nyawane – pisan, iku kagungan Allah, mulane  kabeh mau ora kena digawe andel-andel, ora kena ditresnani, kajaba pracaya lan tresna marang Allah.
Sarehne tetela yen kabeh mau kagungane Allah, yen mangkono iya dumunung ing Allah, mulane ing batin nekadake “Nunggal – nyilem?” (tauhid).
Pracaya, yen kang tinemu ing awake iku, begja – cilaka, bungah susah, wis saka karsane Allah, kang jalaran saka tuwuhing panggawe dewe. (Prakara iki, yen kowe kliru tampa, mbanjur gumampang nganggep yen Gusti Allah ora adil, sabab : Ya gene si Suta tumitah seneng uripe …… dene si Naya tansah nandang sangsara, kasurang-surang. Elinga katerangan bab celengan lan liya-liyane. Coba pikiren maksud prasemon ing ngisor iki :
Perceel kopi ing B ……. Ngadol kasile marang Firman M ……. Kang ngutangake kopi mau marang Toko Th. ……… dene Toko Th. ……. Ngebonake kopi iku marang tukang gawe bubuk S …….. kang ngedol bubuke marang bakul wedang si D …….. Ing saiki, yen bakul wedang si D …….. iku oleh alem utawa oleh cacad amarga kabenerang, utawa ora kabeneran enggone ngadoni wedang kopi, apa si S …….. Toko Th. ……. Lan Firman M ……… mau melu-melu ? Luwih-luwih perceel kopi ing B ……. Kepriye ?
Sanajan sanepa ing nduwur mau ora laras, nanging kena kanggo lantaraning panimbang.
“Falamma akhassa ‘Isa min humul kufra qala man ancari ilallahi qalal khawarijuna iakhnu ancarullahi amanna  billahi wasyhad binna muslimin”.
(Bareng Nabi Ngisa pirsa yen wong Bani Israil pada kafir lan maido, mbanjur ngandika : “Lah sapa, kancaku seba ing Allah ?”. Para khawari (warga pilihan) pada matur : Kula ingkang sami mbiyantu dateng Agamaning Allah. Kula sami ngandel ing Allah. Sampeyan mugi neksenana, yen kula punika sami Islam.
Nabi Ibrahim luwih disik tinimbang anane Tauret lan Injil sarta Qur’an, iya uga Islam.
Ing saiki ayo nglaras, nanging aja cara fanatiek, kudu nganggo rasa kang rada jero satitik.
Yen nitik katerangan ing nduwur mau :
1.     Tetep aran Islam iku gampang apa angel ? Abot apa enteng ?
2.     Agama Islam iku maksude jero apa cetek ? Alus apa kasar ? Luhur apa asor ?
3.     Senajan ing lahir nganggo agama apa bae, apa ora bisa ing batin aran Islam ?
4.     Tetep aran Islam, cukup saka pangaku bae ?
5.     Yen maksude Islam kaya katerangan ing nduwur mau, apa wis pantese, kita pada cacad-cinacad prakara Agama ?
Sing sapa nacad marang Agamane liyan, tanda yen ora ngerti marang Agamane dewe !
“Kullu kijbin bima ladaihim farikhun”. Kira-kira :
Saben golongan (bangsa) pada bungah-bungah (marem) klawan gegandulane (kang diturut sarengate) dewe-dewe. ###
Mas, critamu kang akeh-akeh iku aku ora mikir, merga isih kelingan prakara dek mau. Cekake ngene wae, kowe bisa golek utangan duwit apa ora ? Aku iki selak rasa-risi, saben kowe wis budal menyang kantor, wong nagih gemrudug. Ora wani nagih nyang kowe; amarga kabeh wis tak penging. Nek sesuk sore kowe ora oleh duwit, ……. Aku minggat anak-anakmu openana dewe !!!!!
XXIV. SELING – SURUP.
Mas K, ……. Sawijining pegawai Negeri klawan blanja Rp. 500,- sesasine. Wong tuwane kawilang sugih anake mung siji Mas K. …… dewe, mulane barang wis pada mati, barang tinggalane tumiba marang Mas K. …… kabeh. Nalika iku mas K. …. isih jaka, watake utun, ora seneng marang plesiran kayo lumprahe bocah-bocah nom. Sawijining jaka sugih – adat kalakuwane becik, dasar pegawai Negeri pisan, mesti akeh kang kepingin ngepek mantu.
Raden rara Moer ……. Anake sawijining Mantri …… kang biyen ambawahake bapakne Mas K nalika isih dadi lurah desa mau kang dadi bojone Mas K …… kongsi saprene. Nalika pada sekolah ing H.I.S. Mas K lungguh ing pangkat 7, dene R. Moer lungguh ing kelas 4.
R. Moer pikirane lantip, watake royal lan seneng sembranan. Bola-bali karo lakine. Wiwit metu saka pamulangan Mas K amung nggagas bab kawruh batin, mulane iya merlokake tuku buku warna-warna kang ngemot prakara iku, sarta maguru mrana-mrana. Kang wadon, sanajan watake kosok bali tinimbang karo kang lanang, nanging uga nduweni seneng lan uga nduweni dasar marang kawruh, mulane iya sregep maca lan takon katerangan apa-apa marang lakine.
Mas K ……. Kena diarani kalah karo wadone, nanging ora kendat enggone nenuntun marang bojone supaya suda-a kawanterane.
Ewa semono isih kerep uga tukar padu, contone kaya ing ngisor iki :
R. Moer. Kowe deleg-deleg iku mikir apa ta Mas ? Apa arep korewangi mangkono bae ? Dek mau aku kanda apa ?
Mas K ……. Aku iki gumun, dene kowe iku isih tansah seling surup, kliru tampa, kliru mangerti, kaya dene : siji ngalor, siji ngidul, dadi ora tuk pinetuk.
R. Moer. Mas, yen aku k-arani ora tuk-pinetuk karo kowe, dene aku ora kowenehi layang bae ? Aku rak wis kerep kanda marang kowe, yen aku luwih seneng pegatan, tinimbang kaoncatan karo anak loro, jare kowe kang ngukir, iya kareben melu kowe, aku tak laki maneh.
Mas K ……. Satemene, sanadyan rupane ayua, aku ora eman marang kowe. Nanging yen anak-anakmu kongsi ngenger mbok-kuwalon, mangka bocah isih pada cilik-cilik, iku aku mesakake.
R. Moer …… Aku uga welas marang anak-anakku, nanging kowe ora welas marang aku. Dadi aku iya luwih becik pisak karo kowe. Anak tinggal anak, mbesuk yen wis pada gede, rak nggoleki dewe.
Mas K …… Sing tak mesakake iku rak sadurunge gede, durung bisa nggoleki dewe. Bareng saiki isih kaya mangkene, kepriye ?
R. Moer …… Kowe wis ngucap dewe, mesakake bocah isih cilik-cilik upama melua mbok-kuwalon. Yen mangkono tekadmu rak iya ora beda kaya aku, tegese : kowe rabi maneh, aku laki maneh.
Mas K ……. Iya bener. Nanging, wong tumitah lanang iku sarwa santosa tinimbang kang tumitah wadon. Mulane, yen jejodoan, wong iku dadi guru lakine wong wadon.
R. Moer ……. Mas ! Aku weton sekolahan H.I.S. vijfde studiejaar. Aja ko-anggep wong wadon krucuk bae !!!!
Mas K ……. Wong genah yen tembungmu pating clewo mangkono teka wani ngaku yen  weton H.B.S. Lan upama temena, apa klakon anak-anak loro karo wong kang kaya aku?
R. Moer …. Iya mesti bae !! Ing saiki genten kowe kang ora mangerti marang karepku. Coba tak terangake ya : H.B.S. iku cekake (verkoting-e) tembung : “Hadang ….. Beras ….. Saigon, dene lawase saprene wis 5 tahun, yaiku salawase jejodoan karo kowe, kongsi anak-anak loro. Aku clatu kaya mangkono mau mung saka panasing atiku, ngrungu tembungmu “wong lanang dadi guru laki”. Prakara kowe dadi laki-ku, wis ora kacatur maneh. Balik kowengaku dadi guruku, iku aku durung nganggep, jalaran : wiwit durung oleh kowe, aku wis bisa olah-olah lan uga bisa nindakake kapriye patrape wong omah-omah. Saiki wis duwe anak loro, bab ngopeni sarta nggulawentah bocah iya ora susah kok wulang. Dene prakara kabutuhan tansah comprang-campreng, iku rak dudu salahku, sabab olehmu menehi blanja pancen ora nyukupi. Mulane, yen lestari kaya mangkene bae, aku rumangsa ora kuwat tenan, Mas !!
Mas K ……. Biyen nalika isih akeh barang lan duwit, kekurangan apa, sakarepmu tak turuti, saiki kabeh-kabeh wis entek, sing ngentekake iya kowe, aku ora muna-muni saka lumuhku tukar-padu.
Yen atimu pinuju lejar, kowe reka-reka mikir marang ngelmu, katanda pitakanmu warna-warna lan jero-jero. Sabisa-bisa pitakonmu kabeh mau tak terangake, sagadugku. Yen pancen kowe dudu sawijining wong kang mata-duwiten, rak iya duwe rumangsa yen aku iki uga gurumu ? Saben lalaramu kumat (muring-muring amarga kamlaratan), andel-andelmu ……. Njaluk pegat …… kaya-kaya kabeh piwulang kang wis kok tampa ora ana cantele satitik-titika.
Aku weuh, yen kowe iku klebu golongane wong kang ber-pikir, dadi dudu sawijining wong kang kebangeten bodone. Mung cacate, watakmu kang kasar lan tembungmu kang saru-saru iku teka ora mari-mari.
Upama aku ora mikir kang rada dawa, rak wis wiwit biyen pisak karo kowe. Delengen kae, si A sawijining duda, anake wis lima, wis tuwa pisan ….. isih bisa oleh prawan weton H.I.S. Mangkono uga si C, D, B. Kabeh iku hak nelakake yen wong lanang luwih payu lan luwih satitik tinimbang wong wadon. Dadi awakku dewe iki upama dadiya dudu, sanajan mlarat lan kasilku mung satitik, rak iya bisa upama ngaraha prawan weton mulo? Yen ngelingi mangkono iku, kaya-kaya pikiranku mbanjur ora bisa dawa maneh kudu ngeklasake marang awakmu ….. dadi mbanjur aku genten ora kuwat.
Rara Moer. Aja ta, Mas !! Aku ngono-ngono kuwi rak mung guyon bae. Lan manehe, benere kowe rak iya ora kaget marang wawatakanku ……. Muring-muring sadela, kok tinggal nyingkrih, ora suwe mbanjur mesam-mesem …… kowe iya tumuli nyedaki. La mbok aja ngondok ta, Mas !!!
Ujarmu dewe, Angen-angen iki owah gingsir, sadela mangkene, sadela mangkono. Lah aku rak iya netepi marang kandamu iku ta, Mas !!! Sadela muring, sadela mesam-mesem …… iku prentahe sapa ??
Lan manehe, kowe nganggep yen ora ana piwulang satitik-titika kang cumentel ing sanubariku, iku kliru. Satemene Mas, sanajan mung teori aku wis mangerti banget marang surasane Wadag iki tekan Manungsa Sejati, nanging isih ana kang dadi gagasan, kang perlu tak-takokake marang kowe. Dadi aja ngira yen dupeh aku iki ngene wae mbanjur kok anggep ora memikir kang perlu tumrap ing ngaurip. Ing saiki, murih rada padanging pikirku lan leganing atiku, kang dadi gagasanku mau tak lahirake, coba terangna samurwate :
1º.  Manungsa Sejati wujude kapriye ? (kang tak takokake dudu lanang dudu wadon).
2º.  Kapriye bedane “Lanang Sejati” karo “wadon Sejati” ???
3º.  Upama electriciteit-a, wong lanag iku positif, dene wong wadon iku negatif. Ing saiki, beda kang kaya mangkono mau tumraping ngendi ? (Aku ora lila, dupeh wadon bae, mbanjur digawe sor-soran !!!!).
4º.  Bedane kapriye : Manungsa Sejati …….. Urip Sejati – Rasa Sejati ? Lan dumunung ing “AKU” kapriye ???
5º.  Endi nyatane kang diarani : “Dat – ingsun – Pribadi, aku iki-gembleng ???
Sarehne ora kena kinaya ngapa, dadi aku iya nrima kowedari klawan teori bae, waton ngeblak.
6º.  Upama aku wis putus marang Kawruh, nanging adat kalakuwanku isih lestari kaya mangkene iki, Kwruh mau apa migunani marang aku ? (Yen pancen kadadeyane mung kaya upamane : “Wit-witan kang tanpa woh”, gunane apa aku melu-melu repot memikir kang angel-angel ……. Apa ora aku luwih becik ngatur bab ubenging kabutuhan ?).
7º.  Siji-sijine wis pada nggawa celengan dewe-dewe, yen mangkono, prekara munggah Swarga utawa kacemplung Neraka iku rak wis gumantung marang celengane dewe-dewe. Yen pancen bener mangkono, gunane apa, kita merlokake maguru mrana-mrana supaya jajah, supaya putus ing kawruh ? Apa mung pamrih pangalemaning liyan supaya dianggep yen kita iki wong pinter bae ?
Wis, Mas !! Yen pitakon 7 prakara iku wis kok terangake klawan gamblang, gawe mareming atiku, ……. Aku saguh mareni tingkahku kang ora bener, lan ora rewel maneh, sarta kowe tetep tak anggep guruku. ###
XXV. CARITA KANGGO UPAMA.
1º. Si Suta saka Kertosana semedya lelungan marang Surabaya lumaku darat lan durung weruh ing ngendi-prenahe Surabaya. Ing satengahe laku, arep takon-takon, ora ana kang ditakoni, wekasan si Suta kesasar-sasar kongsi tekan Kediri, tur klawan rekasa sarta sangsara ing dalan.
Bisane tekan Surabaya sawise katog nggone nandang ruwed-renteng lan peteng atine. (Iki perlambang wong kang karem nglakoni kadurjanan gede).
2º. Si Naya wis sumurup ing ngendi prenahe Surabaya uga lumaku darat; sarehne ana ing tengah dalan mbanjur bingung lakune uga kesasar-sasar, nanging ora antara suwe mbanjur nemu dalan kang bener. Sanajan lakune rekasa pisan, suwe-suwe iya uga bisa tekan Surabaya. (Iki sanepane wong kang klebu akeh dosane).
3º. Si Dadap wis weruh ing endi prenahe Surabaya. Lumaku darat ngambah dalan kang sabenere babarengan lan wong akeh. Si Dadap lakune ora leren-leren anggaliyak bae, dene kancan-kancane mau ngaso ana kang mompar-mampir, ana kang nginep ana ing dalan. Kabeh iya pada tekan ing Surabaya nanging tekane ora bareng. (Iki prasemon kang akeh-akeh).
4º. Si Waru wis weruh prenahe Surabaya, mangkat saka Kertosona sarana numpak motor. Sanajan ana ing dalan pijer mompar-mampir, nanging meksa enggal tekan Surabaya lan awake ora sayah. (Iki pralambange wong kang wis nduweni gegandulan bener sarta ora kakehan dosa, nanging isih mraduli marang goda-rencana).
5º. Si Krama dasar omahe ing Surabaya, anane ing Kertosona mung pinuju plesir. Mulih marang Surabaya numpak motor kang kalakokake klawan rikat, ora salah deleng marang sabarang kang ana ing sakiwa tengening dalan, weruh-weruh wis tekan ing Surabaya ing omahe klawan angler. (Iki pasemone manungsa kang wis katarima Ngelmune lan cukup kasuciane. Sing narima sapa ?).
Mungguh upama ing nduwur iku adoh banget karo sanyatane jalaran : Kertosona karo Surabaya iku rak ana antarane, dadi ana ukarane sapira dohe. Nanging bareng donya karo akherat, saiki uga wis kumpul, mung kaot kasar lan alus bae. Dene mbanjur dadi adoh banget …… utawa cedak banget kang ngukur gumantung marang Angen-angene dewe-dewe, jalaran kang ngukur dohe keblat lahir marang batin iku rasaning angen-angen. ###
XXVI. SAHADAT 4 WARNA
Ing ngisor iki pikiren.
1.  Asyhadu anla ilaha illallah = Ingsun nekseni satuhune ora ana Pangeran kajaba Allah.
Wa-asyhadu anna muhammadarrasulullah = Lan ingsun nekseni satuhune Nabi Muhammad iku utusane Allah.
Maksude : ngandel marang “Allah”.
2. Asyhadu anla ilaha illa anna = Ingsun nekseni satuhune ora ana Pangeran kajaba ingsun kang jumeneng.
Maksude : ngandel marang “gaib”.
.3. Asyhadu anla ilaha illa huwa = Ingsun nekseni satuhune ora ana Pangeran kajaba suwung jumeneng.
Maksude : ngandel marang “gaib”.
4. Idem-idem illa anta = idem idem kajaba kodrat kang jumeneng.
Maksude : ngandel marang ana kalawan dewe.
XXVII. KALAH LUMRAH ?
1. Ing jaman biyen (embuh wiwit kapan tekan kapan), yen ana grahana Rembulan wong-wong pada kotekan, supaya Buto Ijo kang mangan Rembulan mau tumulia nyingkrih, Lumbung-lumbung digebugi, wit klopo ditotoki, supaya ora pada grahananen. Saweneh ana kang slametan, supaya Rembulane tumulia waras (pulih).
Yen ana salah sawijining wong ora melu-melu mangkono, sanajan nganggoa katerangan kang bener meksa dianggep ora lumrah, jalaran katerangane ora klebu ing akale kang akeh-akeh.
Ing jaman saiki apa iya isih lestari mangkono ?
2. Ing jaman biyen wong lanang (wong Jawa Tengah) yen gundulan mangka dudu santri, lumrahe mbanjur dipoyoki dening kanca-kancane. Dene yen ana wong wadon gundulan, mbanjur bae dianggep wong edan. Ing jaman saiki apa ora kosok bali ? (Kena uga lawas-lawas wpng Jawa pada melu-melu arambut cekak).
3. Ing jaman biyen, yen wong lanang nganggo klambi laken, moher, linen utawa tricot ….. ing sakbanjure saiki nganggo gabardine, utawa palmbeach, jare bregas gentlemen. Yen ana kang nganggo lurik, jare kaya bakul. Sakbanjure, lawas-lawas, apa ora bias kosok bali, yaiku lurik, dadi panganggo gentlemen lan liyane iku, dianggep panggo kolot ???
4. Ing jaman biyen, yen ana bocah wadon sekolah, jare …… bocah wadon angger wis bias ngliwet, nyambel lan olah-olah, wis cukup. Dene weruh aksara, mundak lancing sarta gampang bisane laku ngiwa.
Ing jaman saiki kapriye ? Pirang atus utawa pirang ewu wong wadon bered kang ora susah bias maca utawa nulis ?
5. Ing jaman biyen, yen ana wong nom rerembugan kang ndakik-dakik, metokake tembung-tembung kang magepokan Ngelmu, kang tuwa-tuwa sanajan ora mangerti pisan, mbanjur bae ngarani “kemaki”.
Ing jaman saiki kepriye ?
Tekan saprene, panuntun-panuntun kang tujuwane nggugah pikiraning sapada-pada, murih keslametaning awak lan dijawane sok oleh alangan werna-werna saka ing ngendi bae sarta sapa bae kang panemune isih kolot lan ora nduweni adil ing batine. Luwih-luwih pepalang kang tuwuh saka golongan kang mung mikir awake-dewe safamiline. Sakbanjure, saka satitik pikiran-pikiran kolot mau apa ora bakal sirna ?
Eliding Dongeng :
I.      Samubarang prakara kang maune ora lumrah, ing saiki bias lumrah. Mangkono uga kosok baline.
II.    Sarehne manungsa iku pada nduweni akal lan budi, murih tumuli kebukane, perlu srana panggula wentah lan piwulang.
III.   Panggawe ala iku luwih gampang kelakone, mulane jare Yai, merga direwangi dening setan. Dene panggawe becik iku akeh rubeda lan pepalange, bisane klakon kudu klawan tatag tanggon, ora perduli marang akasangsaran.
Ora mung jaman saiki bae, malah para rasul pisan (miturut crita) panandange sangsara luwih-luwih tinimbang salumrahe manungsa, jalaran piwulang kang digiyarake dek kala samana dianggep ora lumrah, mulane ora kurang-kurang mungsuhe.
Ing jaman saiki piwulang-piwulang mau kanggo apa ora, wis dadi lumrah apa during ?
Dek semana ora mung golongan mungsuh bae kang sengaja nyirnakake, malah wargane pisan iya ana kang tegel mitenah marang gurune, marga saka kapetengan ing budi.
Contone : Budha Gautama, difitnah dening Dewa Data, Nabi Ngisa difinah dening Judas Iskariot, Nabi Muhammad difitnah dening Abujahal lan Abulahab lan konco-koncone.
Tetela banget, yen nggawe kabecikan iku …. Abot, sisip sembir, malah tombok jiwaraga. Ora mung miturut dongen bae, kanyatahane kongsi jaman saiki uga ora kurang-kurang.
Yen mangkono sarehne wis genah yen abot lan akeh rubedane, enake apa luwih becik nggawe ala bae ? (Yen araep rusak budimu, iya lakonana). ###
XXVIII. P E N U T U P.
Saka pangrasane kang nganggit, laying iki wis cukup kanggo nenangi utawa pambukaning nalare para sedulur lan anak putu kang isih pada tuna ing kawruh.
Mungguh kabodoane kang ngarang iki wis  katerangake ing bubuka, dadi yen isine laying iki akeh kakurangane akeh klirune, iku wis pantese. Nanging, sanadyan mangkonoa, meksa iya luwung kanggo wewacane wong kang wis tuwuh gagasane kepengin marang Ngelmu Tuwa.
Sarehne ing Kitab iki akeh prakara kang tumrap liyan kineker, nanging ing kene kaeblakaken bae, gunane supaya ora banget-banget gawe kodenge kang pada maca, sukur bage yen bias dadi lantaran sudaning gugon tuhone.
Pangarange sengaja nganggo tembung kang gampang-gampang lan ukara kang lugu (pancen ora bias tembung kang ndakik-dakik). Waton pamacane klawan titi, iya gampang bisane nyandak marang surasane (nanging kudu nrima sa-anane !!!!).
Ing jaman saiki wis akeh pamulangan warna-warna, kawruh lan kagunan wis sumebar, akeh wong pinter ……. Lanang wadon isih pada bocah-bocah wis akeh pangertine – tipis – gugon – tuhone – ora gampang diapusi sabarang prakara kudu klawan katerangan kang ceta, sarta kudu miturut gagrag anyar. Saiki wis jaman kemajuan ….. kabeh-kabeh sarwa maju ….. kayata : sembarang sarwa migunakake tehnologi.
Ora mung pamarsudi marang kawruh lahir bae, dalasan marang kawruh batin uga maju. Wetune Kitab-kitab kang ngemot kawruh kasunyatan nrucuk kaya jamur. Warganing pakumpulan-pakumpulan kang mligi ngrembug prakara iku, sangsaya ngrebda. Nom tuwa, lanang wadon, sanyandak-nyandake pada merlokake nggagas marang ngelmu Tuwa, bakal kanggo sangu mbesuk yen mati.
Yen pinuju kekumpulan, pada babantahan, unggul-unggulan kawruh …… endi kang banter swarane, wiled wicarane ….. iya iku kang menang. ###
Supaya laras karo jamane, sanadyan nggremet-nggremeta, kita uga perlu melu-melu maju, ora perduli kapriye bae rembene, sangsaya lawas mesti sangsaya adoh.
Undaking pangerti kudu lantaran memaca, kekumpulan karo kang nunggal karep, gosok ginosok (nanging aja rebut unggul, kang temahan mung nuwuhake sak-serik bae). Sabarang kang maune kowe ora ndungkap, waton pamarsudimu ora kendat, iya mesti bakal kecandak. Elinga ujare Yai.
“Wajida Wajidahu” = sing sapa temen tinemu.
Wekasane kang nganggit iki, para sadulur lan anak putu kang sudi maca laying iki, aja enggal-enggal pracaya ….. nanging uga aja gumampang mbanjur nyela marang surasane, sadurungr nimbang-nimbang, nglaras klawan sucining ati (bening Angen-angen) klawan adil sakadare. ###
Yen ana kang nganggep kliru marang Surasane Kitab iki, pomo para sedulur lan anak putu aja pada gela, balik takona : bener kapriye ora kalawan dugeng rengkeng.
Sarehne paprincining kawruh : iku akeh banget, mulane wola-wali wekase kang nganggit iki, aja kemba pamarsudimu ngupaya rejeki, kanggo kabutuhan ing sadina-dinane!!!!
Cukup samene bae pramayogane.
Pak POEH.

KITAB PAMBUKANING NALAR II


            VIII KATERANGAN CEKAK

I. Allah (gembleng utawa Moerih ringkese, ing kene diarani “IKI” bae) ….. iku kang ana satemen-temene, mulane diarani sejati = sanjata. Anante wiwit biyen (tanpa wiwitan) ….. kongsi saiki ….. tekan mbesuk (tanpa wekasan), mulane diarani langgeng.

II.         Saliyane IKI, iku mung kaanan, anane mung gorohan-owah gingsir bisa rusak …… utawa kena diarani mung wewayangan ……. Utawa, satemene ora ana, ……. Mulane diarane “Barang Anyar’.

III.        Mungguh barang anyar iku, wiwit kang alus banget, tekan kang kasar banget, iku tuwuhe, dumadine iya saka IKI dewe, ora njupuk bakal saka ngendi-endi. Nanging sanajan mangkono , si IKI ora kalong.

IV.       Sabarang kang ana iku asale saka ana. Sabarang kang ora ana iku asale iya saka ora ana.

Kayata :

a.     Wong ngilo, wewayangane katong ing sajroning kaca. Bareng wong mau nyingkir siwewanyangan mbanjur ilang. Yen mangkono, wewayangan iku satemene ora ana, dene kang ana mung kang ngilo.

b.     Ombak utawa alun iki mendak-mendukul. Yen wis ora ana ombak utawa alun, si pandukul mbanjur ilang. Yen mangkono, pandukuling ombak iku satemene ora-ana, dene kang ana mung banyu.

c.      Karet (elastis) sacuwil, diumpamakake bisa modot dewe ….. utawa diodot :

Modot 1 c.M. ing watesing modote diwenehi aran A.

Modot 2 c.M. ing watesing modote diwenehi aran B.

Modot 3 c.M. ing watesing modote diwenehi aran C.

Bareng karet mau mangkeret maneh, wiwitane si C ilang, nuli si B sakbanjure si A uga ilang pisan. Yen mangkono, satemene kang aran A, B lan C, iku ora ana, dene sing ana mung karet.

 

Mankono sapanunggalane, nanging kabeh upama iku ora presis, adoh banget karo sanyatane.

 

V.        Gembleng = iki iku pokoking : kang.

 

a.    Urip …… nguripi …… sarta ngrusak marang barang anyar. (Tembung mateni utawa ngrusak ing kene ora teges ambek-siya-wreed ….. mulane cocogna karo surasane sub II ing nduwur). Ing tembung manca diarani 1º Leven = 1º Logos (Pangandika-Pangerti). Hindu ngarani Siwa.

Ngatur …… ngreksa ……. Mengku barang anyar. 2º Leven = 2º Logos = Wisnu.Nitahake, yaiku nganakake, sumorot, mletik …… ngejawantah dadi barang anyar. 3º Leven = 3º Logos = Brahma.

VI.   1. Kabeh sifat (kayata : Sifat 20) wis klebu ing a, b, c. 2. Iya a, b, c = IKI kang nitahake (sumorot), mletik, ngejawantah, ngaton dadi Alam panggonan kaanan ….. wiwit kang alus banget tekankang kasar banget iki saisine kabeh ( sub II ing ngarep), kang lumrahe diarani langit lan bumi sap pitu.

VII.  Manungsa Sejati. Pribadi kita = ik-held iku manggon ing Alam. Yen mangkono Manungsa Sejati iku iya sor-sorane (titahe) a, b, c IKI mau (mriksani sub VI 3), nanging becike diarani ngejawantahe, utawa ….. a, b, c, IKI mancungul dadi barang anyar (yaiku Manungsa Sejati).

VIII.   Soroting IKI wis dadi barang anyar, yaiku Manungsa Sejati ing tata lahir sangsaya asor. Saiki Moerih gampange :

a, b, c (IKI) iku diarani Pribadi (aku) ……… gede.

Manungsa Sejati iki diarani Pribadi (aku) ….. cilik lan akeh. Dadi ana aku warna loro …. Nanging mungguh satemene, kapriye???

IX.       Sakbanjure si Manungsa Sejati duwe tunggangan aran Angen-angen kang nganggo gedongan (kandang) aran wadag.

Mungguh Angen-angen lan Wadag iku pada nduweni Urip, Karep lan Watek dewe-dewe, kang racake mung tumuju marang kasenengan ing Donya.

Dadi ing saiki Manungsa Sejati bebasan kena diarani klebu ing luweng gaweyane dewe, nurut sakarep-karepe klawan gegayutan lan karepe si Jaran sagedongane pisan, kang lumrahe mung mligi marang Kedonyan kongsi lali utawa pancen ora krasa (onbewust) marang …… asal-asale …. Malah nduweni pangira, yen kang aran Manungsa Sejati iya si wadag iki.

X.        Manungsa Sejati uripe ing wektu iki : wis nggawa Celengan maune, kawuwuhan oleh-olehane panggawe kang katindakake sarana bekakas Pikiran lan Nafsu (jaran) sarta piranti Wadag (gedongan). Kang mangkono gawe ramening siji-sijine pawakan (individu) lan ramening Jagad (Algemeen).

…………..hal 19 s.d 20 hilang…………

 

XV. Katresnan iku uga dadi daya katut dadi Celengan mangkono uga rasa sengit.

Katresnane Wong tuwa marang anak putu iku lumrahe ngungkuli raja brana, awak lan marang nyawane pisan, jalaran saka daya katresnan kang klebu ing Celengan mau, kowe dewe ing tembe bisa uga dadi putune-anakmu. Lan kena uga, kang saiki dadi anakmu iku mbahmu biyen.

Yen nitik katerangan-katerangan kang wis kasebut ing nduwur iku kabeh, patute :

Kita iki kena diarani dadi-dadi-dewe …… ora dinadekake utawa ginawa dening sapa-sapa. Mung bae, yen arep milih marang turun, yen kuwat, sabisa-bisa iya kudu ikhtiyar, kayat :

1º.  Moerih oleh gedongan kang santosa.

a.   Yen duwe lelara kudu kawarasake disik;

b.   Lanang wadon kudu wis pada diwasa (volwaseen;

c.   Aja kekerepen sahwat, lan kudu milih bengi sawise jam 12, supaya laras karo kahanane hawa, lsp.

2º.  Moerih oleh jaran kang becik (tutuk);

a.  Sahwat yen pada pinuju lajare-tata-tentrem (ora pinuju nepsu-susah, enz).

b.  Semadi saolehe-olehe (bisa meneng sakedepan bae wis bagus, apa maneh yen bisa pirang0pirang pandurat).

3º.  Moerih bisa narik wiji kang laras karo karepe, yaiku kang banget dikepingini, kayata : ing batin kepengin duwe anak lanang kang ing tembe dadi wong sing sugih, luhur, mulya, lsp., iya kudu nuwun (nggawe daya) kalawan banter tirakate (tapane), lsp.

 

Nanging suMoerupa :

Kabeh mau kalah karo …… kaselak arep !!!!!

 

IX. BAB DAYANING ANGEN-ANGEN.

Awak wadag iki duwe daya kakuwatan kanggo angkat junjung. Yen dikulinakake kalawan olah raga, yaiku sport, gymnastiek lsp., kakuwatan lan kaprigelan bisa luwih-luwih.

Mangkono uga daya kakuwatan Angen-angen yen dilatih, apa maneh disambi tarak-brata (kurang mangan lan turu) sapanunggalane, bisa katon banget gedene, kongsi anggawokake tumrap pandeleng lan pangrungu.

Mungguh mandine ucap, japa, donga, iku ora saka mel utawa unen-unen, kajaba saka dayaning angen-angene kang nindakake. (Sarehne gampang, tanda yektine  golek-a dewe !!!!).

Nandukake dayaning Angen-angen iku lumrahe kalawan lantaran : japa, donga utawa unen-unen liyane. Ing ngisor iki ana conto sawatara, yen arep suMoerup kanggone, takona marang wong kang kulina nindakake prakara iku. Ing kene mung nerangake, yen angen-angen iku nduweni daya gede lan alus …. Dene kang nganggit iki babar pisan ora nduweni daya kang kaya mangkono mau, kajaba kakuwataning awak lan pikiran kanggo golek buruhan ing sadina-dina. Mulane, prakara iki aja kasengguh sawijining Reclame. SuMoerupa ….. gelar iku kalah karo nyata. Upama kang nganggit iki omong : “Aku kuwat ngangkat barang bobot rong dacin (125 Kg)” iku genah yen umuk, jalaran, nyatane ngangkat 25 Kg bae wis rekasa ….. awake kuru banget lan wis tuwa. ###

1.     Atine Surat Yasin.

“SALAMUN QUALAM MIR ROBBIR RACHIEM”

 

2.     Surat Yasin ayat 9.

“WA JA’ALNAL MIN BAINA AIDIHIM SADDAU WA MIN CHALFIHIM SADAA FA AGSAINAHUM LAYUBSIRUN”

 

3.     Atine Surat An’an.

“LATUT RIKUHUL ABSARY WAHUWA YUDIKUL AGSARA WAHUWAL LATIFUL KABIER”

 

4.     Atine Surat Yusuf.

“WA IDQALA YUSUFU LI ABIHI YA ABATI INNI RA AITU ACHADA ASARA KAUKABAU WASSAMA WAL QAMARA RAAITUHUM LI SAJIDIEN”

 

5.     Donga Yusuf.

“ALLAHUMMA BIHAQQI YUSUFA, WA BIHAQQI DAWUDA WA MUSA, WA BIHAQQI SULAIMANA, MALADAL DINNA WAL INSI WA SAJATINA, WABIHI ISA WA MUSA ALAIHI, MASALA FI BIRACHMATIKA YA ARCHARMAR RACHIIEMIEN”.

 

6.     Atine Surat Alchadied.

WA ANJALNAL CHADIDA FIHI BA’SUN SADIDUN WA MANA FI’UN JINNASI WALYA’LAMALLAHU MAN YANSURUHU WA RUSULLAHU BIL GAIBI INNALLAHA KAUWIYUN AZIES”.

 

7.     Surat Al-qadar.

INNAA ANZALNAAHU FII LAYLATI ALQADRI,WAMAA ADRAAKA MAA LAYLATU ALQADRI,LAYLATU ALQADRI KHAYRUN MIN ALFI SYAHRIN, TANAZZALU ALMALAA-IKATU WAALRRUUHU FIIHAA BI-IDZNI RABBIHIM MIN KULLI AMRIN, TANAZZALU ALMALAA-IKATU WAALRRUUHU FIIHAA BI-IDZNI RABBIHIM MIN KULLI AMRIN, SALAAMUN HIYA HATTAA MATHLA’I ALFAJRI.

 

Saweneh kitab nerangake, gunane Surat Qadar iki mengkene ; yen diwaca :

Kaping 10 rina utawa wengi …… ginanjar slamet.

Kaping 30 saben dina ….. utange bakal disauri dening Gusti Allah. (iki perlu banget.

Kaping 14 arep mangkat lelungan …… nemu slamet.

Kaping 30 malem Senen …… bakal munggah Swarga.

Kaping 10 malem Selasa …… ora bakal nandang siksa kubur.

Kaping 14 malem Rebo ……. Ing akhirat gandane wangi.

Kaping 10 di malem Kemis …… lanang wadon pada macane, nuli kumpul turu ….. insya Allah bakal tumuli duwe anak.

N.B. Ikhtiyar cara desa, yen kepengi duwe anak, lanang wadon kudu kerep mangan (kapara kaduk) jangan gudeg bonggoling wit gedang klutuk kang wayah jemegar (duwure watara 2 M). ###

Kajaba nganggo tembung Arab, kanggo lantaran nindakake dayaning angen-angen iku kena uga nganggo unen-unen cara Jawa. Mlayu, Madura lan sapanunggalane, miturut tembunge kang ngecakake dewe-dewe.

Kadigdayan = kanuragan – sihir – guna-guna – tenung – santet, lsp. Hypnatisme – sombanbule – magnetisme – spiritisme, lsp. …… iku ora liya mung ngempakake dayaning angen-angen.

Yen mangkono dayaning angen-angen iku kena katindakake tumuju marang Kautaman lan uga kena marang Kanistan (Witte e Zwarte Magie) ….. sarta kena kanggo pameran (kaplesiran) – pangeram-eram, lsp.

Ing nduwur wis kacaritakake, yen Badan Rochani lan Badan Kewani iku Badan Angen-angen :

1.     Yen wong pinuju memikir utawa nggagas apa-apa kayata : panggonan, omah, lsp. ….. barang kang pinikir  mau mbanjur kegambar, cumitak kaprenah ing sangareping mripate kang nggaga.

 

Mungguh Gambar mau kadadeyan saka date Alam Rochani, Sangsaya banter pamikire, gambar mau sangsaya kuwat, santosa. Dene yen wus leren panggagase, si gambar tumuli ambyar-ilang.

 

2.     Yen kowe pinuju mikir-ngeling-eling, ngagas sawijining wong, upama si M. ….. gambare si M mau iya mbanjur kadadeyan (wujud).

 

Yen nalika si M isih sajrone mikir apa-apa, sarta panggagase mau banget, gambar bungkusan saka kowe iku leren disik ana ing sacedake si M……

 

Yen pamikire si M ….. wis senggang, ora talompe maneh ing kono nganakake geter (triling) kang bisa nular marang si M …. Kongsi nduweni rasa sengit utawa asih kaya rasamu mau.

 

Sangsaya  banter pamikirmu, krasane si M uga saya banget. Nanging yen panggagasmu mung kambang-kambang si M iya angler bae, ora krasa apa-apa, jalaran getere si gambar ora kawasa ngobahake Angen-angen si M.

 

3.     Luwih-luwih kuwate, yen karone kapinujon pada mikir kang tunggal laras, tegese : pada krasane sengit utawa tresna.

 

4.     Yen pamikirmu banter banget, ciptamu manteng, wujude si M bisa katon gumawang ing pandelenganmu …. batin …. lan yen nalika iku kowe nyipta supaya si M teka ing omahmu, iya klakon teka temenan. (Mangkane iki kena kanggo Wittel lan Zwarte Magie).

 

5.     Dene upama kowe tresna marang M …… nanging deweke sengit marang kowe, kakuwataning loro-lorone pada aber, amarga arebut daya, temahan endi kang banter, yaiku kang menang.

 

6.     Bocah cilik iku gagasane – pikirane – durung pencar, mulane gampang banget bisane krasa, yen pinuju klebon gambar bungkusan.

 

Kayata : Yen kowe pinuju pisah karo anakmu, mangka tansah angen-angen marang bocah mau, si bocah mau mbanjur tansah nangis nggoleki kowe, yen wus bisa ngomong iya pijer takon marang bapake bae.

 

7.     Upama kowe sengit banget, cumeri-ceri marang sawijining wong, kongsi mentala nindakake pitenah, ora ngelingi yen awakmu dewe uga akeh alane ….. mangka yen gambar-bungkusan gaweyanemu ora bisa klebu ing wong mau ….. temahan mbalik marang awakmu dewe, kaya dene mbalangake bal marang tembok. Yen ora mangkono, gambar iku mesat manjing kewan utawa marang wit-witan ….. ung tembe kowe bisa kacilakan lantaran kewan utawa wit-witan mau, dene abot-entenge kasangsaran, timbang karo gede-ciliking pialamu.

 

Gambar-bungkusan iku luwih santosa, luwih mandi, yen panggawene klawan ngengurangi mangan lan turu (tirakat). ###

Kajaba kang kasebut iku kabeh, dayane Angen-angen iku kena katularake marang barang kasar, kayata : Awak – wesi – kayu – watu, lsp (kayata) jimat-jimat, lsp).

Keris – mandi, barang – mandi, lsp, iku jalaran katularan dening dayaning Angen-angen kang nggawe utawa kang nduweni maune.

Kang diarani Sanjata Cakra iku wujude kapeta bunder, mangkono mau pralambange wungkule Angen-angen bisa nduweni daya gaib, mandi, kena diarani ces-pleng. ###

Ing Donya iki isi manungsa, kang ing sadina-dina ora sepi dening gagasan ala becik. Siji-sijine gagasan mbanjur nganakake gambar kang kadadeyan saka Date Alam Rohani, ana kang santosa lan ana kang tumuli ambyar, gumantung marang bantering penggagase. Marga saka iku ing awang-awang iki kebak isi gambar warna-warna, ala becik, kang kita liwati ing sadalan-dalan.

Gambar-gambar mau uga ana kang bisa klebu tumular marang Angen-angen kita, temahan kita dumadakan kaya nemu gagasan anyar kang ora kinira maune.

Sarehne tetela yen Angen-angen iku gampang kelebon utawa katularan dening getering liyan, apa maneh gagasan ala kang kalahirake klawan tembung utawa tulisan (beinvloed), mulane wong tuwa-tuwa sok mituturi marang anak putune, supaya tansah kekumpulan utawa nyedaki wong kang kawilang becik, anyingkrihana wong ala adat-kelakuan.

Nanging wong kang wus kapara saantosa Angen-angen-ne (nduweni wilskracht), ora gampang kotat-katut utawa ela-elu marang getering liyan kang ora laras panemune dewe. Wong kang mangkono iku wis sawatara nduweni adil ing batine, wus tipis pamaido utawa panacade marang liyan, mulane ora nampik milih gelem kekumpulan karo sok-wonga.

Ora ana tanpa cacad – ora ana cacad tanpa jimat. Sakbecik-becikane manungsa, iya meksa ana bae cacade …… sak-ala-alane manungsa, iya uga ana beciki. Nanging, cacade dewe ora-dilakoni, marga saka tresnane marang awake-dewe. Dene cacading liyan sanajan satemene dudu sawijining cacad di-onar-onarake, kanggo nutupi cacade dewe mau.


X. TANDA KANG TUWUH SAKA DAYANING ANGEN-ANGEN.

1.     Yen padoning mripat kapetel, katon ana cahya Bunder, tengah biru, pinggir kuning, yaiku kandil.

 

Yen kuninge padang gumebyar, iku tanda yen jaya …… dene yen surem (mbleret), tanda yen apes. Dene yen wis ilang babar pisan, tandA yen wis nyedaki patine.

 

Kandil iku pramananing netra, diarani wadahing Angen-angen mulane padang petenge iya gumantung marang bening buteking si Angen-angen.

 

2.     Irung iku ana bolongane loro. Bolongan mau ana ing jero dadi siji, ngakake godagan (ruimte) ing sajroning irung.

 

Ing sa-duwure (sa-mburine) cekak (gehemelte) ana bolongan cilik siji, kanggo dalan mlebu-wetuning napas liwat cangkem, gurung, tekan ing batuk, (paru-logen) kiwa tengen.

 

Napas kang metu saka bolongane irung kiwa tengen bantere utawa kandele ora pada. Bisane nimbang endi kang banter, sakiwa tengening bolongan dipetel genten-genten karo ngetokake-napas.

 

Yen banter kiwa, tanda yen perangan kiwa kang jaya. Mangkono uga kosok baline.

 

Yen kataman apa-apa mangka perlu nangkis, perangan kang jaya mau ko-ejokake disik.

 

Yen arep lelungan, metu saka lawan, siki ing perangan kang jaya jumangkah luwih disik, supaya nemu slamet. ###

 

3.     a. Kendangan ing kuping iku yen katrajang getering hawa (swara) saka ing njaba mbanjur keder, swara kalantarake dening saraf-saraf marang Utek, sakbanjure kalantarake dening Pancadriya marang Angen-angen.

 

Kendangan mau bisa keder uga marga kataman geter saka ing njero (Angen-angen) kang uga marga kalantarake dening saraf-saraf. Kayata : yen arep nglahirake gagasan apa bae kang kinira wadi, nanging ora ngandut was kwatir.

 

b.   Kajaba saka iki, kala-kala kendangan mau bisa keder kalawan tanpa sebab (ora kawruhan sebabe), terkadang mung …… deg-deg-deg ing sawatara mangsa lan arang-arang. Terkadang ….. gledeg-gledeg, upama katona, kaya obahing dolanane bocah ….. plog-plieg.

 

c.   Kala mangsa kedere kongsi banget …… herrrr sawatara dawa.

 

Sarehne wahanane telak kang mangkono mau tumrap siji-sijining wong kena  uga beda-beda, dadi yen gelem, kang tumrap ing awak-mu iya titenana-dewe, ing sajroning telung dina kadadeyan kapriyen :

a.    Keder arang-arang ……. deg-deg-deg-deg ing kuping kiwa tengen.

b.    Keder gledeg-gledeg-gledeg ….. kiwa utawa tengen.

c.    Keder herrrrr ….. terkadang ambal-ambalan kiwa tengen.

 

                                           

 

4.     Cekak (gehemelte) iku yen di-grayangi nganggo ilat krasa keri ( ujare Jai, yen nindakake patrap kaya mangkono iku “ngabekti Rasa”).

 

Anuju sawijining mangsa, yen kerine banget, iku pratanda yen jaya. Yen mung manda-manda, tanda yen apes. Yen babar pisan wis ora krasa keri, tanda yen wis nyepaki marang patine (kurang pitung sina ?). ###

 

5.     Rasaning ati kang klawan tanpa sebab, terkadang lejar-seneng-lerem, kala-mangsa sumpeg, kudu Moering-Moering, dat-datan, nratab, was-was, lsp. Rasa kaya mangkono iku kabeh angger wong iya ngalami, mung bae bedane ana kang merduli, ana kang ora ….. ana kang landep, ana kang ketul.

Dene apa wahanane, uga titenana dewe, jalaran bisane dadi waskita iku iya neniteni saka satitik. Dene yen wus pinter, wis ngerti dening telak apa-apa. Padane mangkene : bocah sinau nulis, wiwitane lagi panyekele grip wis kaku (kau kidung). Durung nurun marang wangune aksara, lagia niru nggawe corek-corek bae tepake wis bengkang-bengkong tur katara yen tumindake klawan gumeter, lsp. Nanging sawise pinter, nuli karo merem bae, wis kena diwaca. ####

 

6.     Kedut iku ora kena digawe utawa di-ndegake. Mungguh wahanane, tumrap awak-mu uga titenana dewe, nanging aja miturut apa kang kacarita ing buku bab kedut, perlune, kowe mung bakal nyuMoerupi sabarang kang tumrap ing awakmu dewe, dadi ora tumrap ing umum.

7.     Impen (ngimpi), idem tumrap kaya kedut. (mung bae elinga, ngimpi marga saka kakehan turu utawa saka impen-impenen …… mentas main, ngimpi ngobong kong Kenci …. Iku beda banget karo ngimpi sajrone lerem).

 

8.     Wewayangan-mu ing gedeg (tembok) iku katon terang yen ireng (yen lampune padang, luwih terang maneh).

 

Coba ngadega cedak ing tembok …… wewayangan-mu pandengen sawatara suwe karo rada ngeningake Angen-angen. Kowe mbanjur nyingkriha karo isih mandeng marang penering wewayangan-mu. Ing kono, wewayangan-mu saiki wis malih katone putih. (Yen njajal lagi sapisan-pindo, kena uga durung bisa katon (weruh), mulane iya kudu tlaten).

 

Esuk watara wayah jam 9, utawa sore jam 3, ngadega jejeg ana ing papan lempar (sawah, ara-ara utawa ing alun-alun) madep mangetan utawa mangulon, wewayangan-mu pandengen karo rada ngleremake Angen-angen wiwit jempol sikil sangsaya manduwur urut lon-lonan kongsi tekan sirah …….. pandelengmu banjurna bae ngenceng manduwur tekan langit, wewayangan-mu bisa katon ing awang-awang, njejer, duwure sundul langit ……. Warnane putih.

 

Wewayangan putih kang ana ing gedeg (tembok) utawa awang-awang mau :

a.    Yen katon genep, iku tanda yen kowe jaya.

b.   Yen anggotane ana kang kurang, kayata sirah, tangan utawa sikil ana kang kurang, iku tanda yen kowe apes. (Moerih terange nalika nindakake mengkono mau tangan kadaplangake kalawan teken kang kaalangake ing geger ….. utawa tangane malang-kerik utawa malang-kadak).

 

Cara Yai, arep nyuMoerupi wewayangan-putih iku nganggo sarana donga (japa). Nanging cara piwulang iki, kang minangka japa utawa donga iku mung apa kajae (kaucapake ing batin).

 

Yai-yai iya isih akeh kang mulangake mligi prakara tanda wewayangan iki bae …… luwih-luwih dek jaman kuna sajrone dahuru, akeh peperangan.

 

9.     Wujud putih (wujude dewe) bisa katon yen kacipta sajrone ngeningake. Iki cara Yai uga kalawan unen-unen : dene yen bisa katon, apa kajate kang Moerwat, bisa kasembadan

 

10.  Wayah esuk utawa sore (soroting Srengenge ora gawe ulap banget-banget, dadi wong kuwat mandeng), ngadega njejeg ana ing papan kang lempar, mandengan Srengenge karo rada ngleremake Angen-angen. Ora antara suwe ing Srengenge kono katon ana cahya putih nganteng, iku jare Yai kena kanggo tanda tumrap awakmu dewe.

a.    Yen cahya putih mau katon jejeg nrajang ing tengahing Srengenge, apa kajatmu kang saMoerwate, bakal kalakon (sinembadan).

b.    Yen katong doyong, tanda yen sedyamu ora bakal kabul. Mangkono iku cara Yai uga klawan ana japane.

Cara angka 10 iki oleh nindakake  luwih gampang tinimbang cara abgka 9 (wujud putih), yen mangkono, pakolehe iya mesti beda (gede cilik …… perlu lan ora pati perlu). ###

Mangkono sapanunggalane, sepuluh prakara iki wis cukup kanggo conto, gunane ….. upama ana wong liyane nduweni kawruh utawa nindakake kaya kang kasebut mau, para sedulur lan anak-putu aja maido, gumun utawa nggeguyu.

Dene tumrap kowe dewe, kabeh mau koanggep gugontuhon (bijgeloof) iya ora dadi apa. Kowe precaya iya sakarepmu dene kang nganggit iki panemu neuturaal, jalaran iku kabeh mung miturut ujare Yai. Moerih nyata iya apa ora, prayogane nyatakake dewe, aja gumampang mbanjur ngandel ….. utawa durung-durung wis nggeguyu utawa kawetu panacadmu.

Pracaya iku kena uga saka mangerti-ne, nanging kena uga saka geblege.

Mangkono uga : Ora pracaya, marga saka pintere, nanging kena uga saka kumintere, mbanjur gumampang ngucap kang klawan ora dumunung ing rasane (zonder grondige redenen), duwe kunde-kunde satitik bae wis nyuwara : “Ora ana Allah kajaba Ringgit”.

 

XI. NGGAWE LAN NGEMPAKAKE DAYA.

 

Mungguh nggawe lan ngempakake daya iku patrape warna-warna, miturut kulinane dewe-dewe. Ing kene nerangake sawatara, sawijining dalan (methode) kang katindakake lantaran : Napas, Ilat, Driji lan Mripat. Kanggo marang Kautaman – (Witte Magie).

Bab I

 

a.     Lebu-wetune napas digawe kang tamban (andeh), sajrone ambekan rambah-rambah, yen sakala lebune napas bisa lega (landung), ditarik kongsi notog banget ing kebuk (paru-longen) …… dipegeng kabarengan patrap-patrap kanya ing ngisor iki :

b.     Ilat katekuk manduwur, kapadalake ing cekak (gehemelte).

c.      Driji sepuluh pucuke katungkulake kabener barang kang didayani.

d.     Mripat mandang marang barang mau.

e.     Sajroning mangkono iku Angen-angen kawungkulake (geconcentreerd) nyipta apa kajate (iki gantine japa utawa donga).

Bab II

Yen wis ora kuwat ngampet napas, utawa mripat wis krasa pedes, napas kawetokake lon-lonan saka cangkem (mripat isih terus mandeng).

Ilat kapadalake mangarep klawan ngaget (uga isih kabekuk nalika iku ana banyu muncrat saka cekak, kapenerna marang barang kang di-dayani ….. ambal kaping telu.

Ing saiki, barang mau wis katularan daya.

N.B : Yen lagi sadela bae wis ora kuwat megeng napas, utawa mripat mbanjur krasa pedes, iku tanda yen dayane tipis (ora kuwat), mulane becik diblan-baleni.

Bab III

IKTIYAR NAMBANI WONG LARA

Kang ditulari daya :

1º. Banyu mateng kang resik, kaombekake marang kang lara satitik bae wis cukup, luwihe kena kanggo mbanyoni wedak utawa boboke.

2º. Jamu kang wis kacawisake mligi kanggo kang lara (ora preduli jamu saka sapa bae ….. nanging aja muwuhi utawa nguirangi apa-apa, cekake aja ngowahi jamu mau, kajaba mung andayani).

3º. Sediya banyu kaya No. 1º.

Dlancang (dluwang) sasuwek ditulis kaya conto iki :

Allah

Muhammad

Adam

Arane kang lara upama Sidin

Utawa nggawe wangunan bunderan bae kaya gambar sasisih iki, penceng iya kena kira-kira ing tengan diwenehi blenik (titik) (kaya cirkel lan middlepunt).

N.B : Mungguh wates garis iku gunane mung kanggo ancer-ancer panggonan kang dipandeng, yaiku kang didayani.

Lumahing dlancang sajroning wates iku didayani kang kasebut ing No. I lan II. Sawise iku kertas mau diobong kalinting nganggo gagang pen utawa sada ( supaya driji ora kaslomot ing geni), kacubles ing sisih duwur supaya gumantung.

Yen kertas mau wis meh entek kobong kabeh, genine di-damoni lon-lonan, ka-arah supaya arenge aja kabur. (Sadurunge ndamoni – sajrone kertas mau isih kobong – megeng napas nyipta apa kajate). Areng mau kacemplungake ing banyu kang wis kasediyakake iku (ora usah diudek lan arenge ora perlu kongsi ajur).

Sakbanjure, banyu iku di-dayani maneh, nuli kaombekake marang kang lara luwihane kene dienggo campuran bobok utawa wedake. (Arenge aja katut diombe, kabuwang bae).

N.B : Banyu the uga kena. Kabeh mau waton mateng lan resik.

Bab IV

KANGGO NYUWUK

 

a.     Saka ing mburi : Drijine tangan kiwa tengen katumpangake ing pundake kang disuwuk kiwa tengen. Uncrating banyu kapenerake ing sanduwuring gitok.

b.     Saka ing ngarep : kaya ing ngarep mau, nanging uncrating banyu kapenerake ing mbun-mbunan.

c.      Ngelu, linu, encok, lsp., epek-epek kiwa tengen kajejer karapetake kanggo nadahi uncrate banyu – kiwa tengen nuli kagebeg kongsi krasa panas, karo pisan mbanjur katemplekake ing perangan kang lara kepara suwe, karo megeng napas lan ngeningake cipta kajate.

d.     Tatu, (koreng, bengkoyok, lsp.). pucuking driji sepuluh pisan katungkulake ing sacedaking tatune, uncrating banyu katungkulake ing tatu iku. Dene tambane (zalf, bobok lsp) uga didayani. (Kang becik dewe, tamba saka Dokter, nanging uga didayani).

5º. Nggawe daya kaya bab 1. Sawise iku; uncrate banyu saka cekak aja kawetokake ….. perangan kang lara di-dilati ambal kaping telu.

Utawa

Supaya empaning daya mau nyarambahi, kang di-dilat dlamakan kiwa tengen kaping telu, lan uga karo megeng napas. (Samono mau yen tegel).

Pipih utawa kertas kang wis didayani, uga kena kakirimake marang liya panggonan, apa maneh banyu.

XII. DAT – SIFAT – ASMA – AFNGAL.

 1º Angger “Dat” iku ……… Datullah.

2º Angger “Sifat” iku ……… Sifatullah.

3º Angger “Asma” iku ……… Asmaullah.

4º Angger “Afngal” iku ……… Afngalullah.

Dat iku tegese wujud = ana, yaiku Gembleng. Sarehne ana, iya mesti nganakake kaanan, yaiku Alam-alus-kasar saisine kabeh. Dene kang kasar dewe di-arani Alam Jasmani, yaiku Donya iki. Kabeh mau dadi sifate Gembleng, kang nyatakake ana-ne, sarta mratandakake Afngale kodrat (kuwasa) lan iradate (karsane).

Dat iku langgeng, dene sifat iku owah gingsir. “Kullu saiin baliku illa wajahahu”. (Saben kaanan iku bakal sirna, mung Dating Pangeran kang langgeng).

“Waliilahi mafis samawati wama fil ardhli turja’ul uMoer”. (Samubarang isining langit lan isining bumi iku kabeh kagungane Allah. Dene samubarang prakara iku kabeh bakal di-impun-bali marang Allah).

Sanajan sifat iku owah gingsir, rusaka pisan, nanging mesti anane, jalaran Dat iku tetela yen ana, mangka saben ana Dat iya ana Sifat, ora bisa pisah.

Malaekat, Dewa, Jim Setan ….. Manungsa – Kewan – Tetuwuhan – Pepelikan (emas, inten, watu , lsp) ……… Srengenge – Rembulan – Lintang – Bumi iku kabeh sifate Gembleng.

Terange mangkene : Srengenge iku nduweni sifat bunder, panas, padang, lsp., nanging si Srengenge dewe uga dadi sifate.

Asma iku aran, jeneng. Sarehne ana, dadi iya perlu diwenehi aran miturut tembunge bangsa kang ngarani, kayata :

 

Jawa                   : Pangeran.                      Arab                           : Allah.

Belanda             : God.                                Cina                           : Thian.

Hindu                 : Brahman.                       Jerman                      : Gott.   

Prancis               : Dieu.                               Inggris                       : God, Lord.

Yunani               : Theos.                             lan sapanunggalane.

 

Tetela yen kang asma warna-warna iku satemene iya mung siji “IKI”, nanging ora mundut diarani sapa-sapa utawa apa-apa ….. ora butuh asma.

Iki kang satemene ana, nanging sarehne Gaib, manungsa kekurangan tembung kanggo nerangake ana-ne, sebab ora kena kinaya-ngapa (la yu khayafu) tegese : kabeh tembung lan upama kang kanggo nerangake, mesti ora cocok karo nyatane.

Manungsa ora ora bisa ngeblakake marang meloke si IKI, kongsi kena kabasakake : ijone godong arep nyuMoerupi utawa nerangake marang kaanane godonge. Utawa kaya wayang arep nyatakake kaanane dalange, lsp.

Sanajan wong kang wis ngerti lan pracaya marang ana-ne si IKI, meksa kangelan nggone golek dalan kanggo nerangake iku marang liyan, mulane arang banget kang bisa nyandak-nggayuh mangerti temenan marang prakara iki, kajaba mung gajeg-gajeg, oppervlakkig bae, wekasan dudu-dudu diarani, dianggep iya. Mulane putusane kang nggangit iki, tinimbang nggagas kang angel-angel, aluwung memikir golek akal Moerih bisane oleh duwit utawa kabutuhan liya-liyane, dadi kawruhan hasile. ###

Ing ngarep wis kacaritakake, yen kabeh kaanan iku difating IKI lan asale uga saka IKI, yen mangkono, tetep yen kabeh Dat iku Date IKI, kabeh Sifat, sifate IKI, kabeh Asma, asmane IKI apa dene kabeh Afngal (panggawe, pangerti) iku Afngale IKI.

Dadi wose : Ora ana apa-apa kajaba mung IKI. “La chaula wa la chauwata illa bilahil aliyil aliem”. (Ora ana kang duwe daya kakuwatan kajaba pitulunging Allah).

Nanging …… ngapusi, maling, mitenah lan laku maksiyat liya-liyane aja mbanjur ko-ugemi : yen iku, wis kersaning Allah, manungsa saderma nglakoni, mulane iya becik bae. Eling yen Wadag lan Angen-angen iku pada nduweni karep dewe-dewe.

“Ma acabaka min chasanatin faminallahi, wama acabaka min sayilatin famin nafsika”. (Samubarang kang becik kang tumanduk ing sira, iku sajatine saka kersaning Allah. Dene samubarang kang ala kang nempuh ing sira, iku lahire marga saka awak-ira dewe).

Saliyane “IKI” kabeh aran “Jirim”, dadi yen mangkono : Nur, Rahsa, Sukma, Nafsu, Budi iku uga sifate si “IKI”. ###

KATERANGAN THEORI BAB GEMBLENG.

 

I.    Satemene manungsa ora bisa ngeblakake mungguh ana-ne si “IKI”, jalaran manungsa iku sifat, dene iki iku Dat = wujud = ana.

Sajatine Dat iku mung “IKI”-pribadi. Nanging sarehne sifat iki katon gumelar, mbanjur ana Date Alam iku lsp.

Padane mangkene : ijo-ne godong iku sifat, dene godong-e iku dat. Si Ijo ora bisa nyatakake ana-ne si godong. Lan manehe, si ijo ora kena dibanding (ditimbang) karo si godong, kenane mung ditimbang karo : kuning, abang, ireng lsp. Dadi ora bisa nanding.

“Ijo iku karo godong apik endi?”. Kenane mung “Ijo iku karo abang apik endi?” mangkono sapanunggalane.

Dene godong kenane iya kudu ditanding karo godong, kayata :

Godong dadap iku tinimbang karo godong waru amba endi? (Ewa semono, kang ditimbang meksa sifate).

Mangkono uga manungsa ora bisa ngeblakake marang meloke si Gembleng, jalaran, si IKI ora ana timbangane. Mulane ora bisa ngarani utawa nembungake, kabeh tembunge kabeh keterangane ora persis karo nyatane, jalaran kang nerangake iku sawijining sifat (manungsa) kang kanggo katerangan, sing digawe pangenta-enta uga sifat, dene kang katerangake ana-ne dat, dadi iya mesti ora mathuk. Manungsa bisane mung nerangake klawan, otak-atik mathuk, kanggo panutaning pikiran.

II.   Godong kang isih anyep lan ijo.

Godong kang alum iku lemes lan kuning.

Godong kang wis garing iku kaku lan kasap.

Seger, anyep, ijo …… alum, lemes, kuning ……. Garing, kaku, kasap …… iku kabeh sifat, mulane ora panggah, molah-malih. Dene godong-e tetep godong, iku dat.

Bumi langit saisine kabeh kasar alus (ing kene kacekak aran makhluk), iku kabeh aran sifat, mulane owah gingsir, ora pancet. Dene “IKI” iku dat, anane langgeng.

III.    a. Si Ijo butuh manggon ing godong, dene si godong ora butuh manggon ing ijo.

Si Makhluk butuh manggon ing Gembleng, dene si Gembleng ora butuh ing Makhluk.

b.  Si Ijo tuwuh saka godong lan manggon ing godong, iku nelakake yen godong iku ana.

Si Makhluk tuwuh saka “IKI” lan manggon ing “IKI”, iku mratndakake yen IKI iku ana.

c.   Godong karo ijo-ne ora kena dipisakhake, kayata : godonge kadekek ing pawon, ijone kadekek ing pawuhan. Dadi saben ana godong iya ana ijone, angger ana ijo mesti ana godonge.

“IKI” karo Makhluk ora kena dipisahake, kayata : IKI dianggep ana ing langit kana, dene si Makhluk dianggep ing ngisor ken.

Sarehne Makhluk iku gumelare, dadi si Gembleng iya mesti ana-ne.

d.  Si ijo iku dudu godong, nanging anane si ijo iku nelakake marang ana-ne si godong.

Si Makhluk iku dudu Gembleng, nanging gumelare Makhluk iku nekakake marang ana-ne si Gembleng.

e.  Si Godong nuwuhake ijo ana ing awake si godong dewe, dadi anane nunggal.

Si IKI nuwuhake Makhluk ana ing “IKI-pribadi”, dadi anane nunggal, nanging ora senggolan. Mulane Gembleng iki ora kena diarani manggon ing ngendi-endi (ora bisa ngaranui).

f.    Molah-malihe sarta obahe si ijo iku lantaran saka si godong. (N.B : aja kebantah marga saka kanginan utawa kepanasan, lsp. Bab iki mung kanggo imbang-imbangan bae). Si ijo ora bisa katon obah, yen si godong meneng bae.

Mobah-mosike si Makhluk iku kapurba wasesa dening “IKI”. Uripe, pangertine sarta daya pangwasane Makhluk iku asale saka “IKI”.

“Lachaula walachauwata illa billahil ‘aliyil ‘alim”. Ora ana kang duwe daya kakuwatan, kajaba saka pitulunging Allah.

 

IV.   a.  Kertas sakebet, diupamakake dat (Gembleng iki.

Si Kertas wis nggawa sifat putih, sarehne anane nunggal, dadi kena diarani, iya kertase, iya putihe.

Gembleng wis nggawa sifat Urip-Sejati (urip langgen), sarehne nunggal, dadi kena diarani iya Gembleng iya urip langgeng.

b.  Si putih uga nggawa sifat gilap lan lumer, telung warna iki nunggal.

 

Si Urip Sejati uga nggawa sifat Cahya Sejati lan Rasa Sejati, telung warna iku nunggal …… diarani Tri Moerti (Hyang Jati Moerti ? Guru Sejati), utawa diarani Nur Muhammad.

 

Gembleng nuwuhake sifat 3 warna, yaiku Tri Moerti mau, saka IKI pribadi lan nunggal. Mulane, saweneh ana kang ngucap : “Allah kagungan wajah (pasuryan, rai) telu, utawa kagungan mustaka telu.

 

Sifat 20 iya wis klebu ing Tri Moerti iku.

  

V.     Ing saiki kena kabasakake : Allah nitahake kabeh kang gumelar iki kasar alus, klawan bekakas 3 warna, yaiku Tri Moerti mau.

a.  IKI wis nggawa sifat Tri Moerti lan uga sifat 20, arane nunggal.

b.  Tri Moerti utawa Nur Muhammad nuwuhake sifat warna-warna wiwit kang alus tekan kang kasar.

c.   Kang dituwuhake utawa kang ginelar iku Dat-e Alam-alam, wiwit Dat kang alus tekan kang kasar kaya Dat-e Alam Donya iki.

d.  Kabeh kang ginelar mau kasar alaus, ing kene diarani Makhluk.

 

VI.   a. Si Makhluk tuwuh saka Tri Moerti lan manggon Tri Moerti, dadi nunggal. Yen mangkono, sanadyan makhluk kang wujud watu pisan rak-iya tuwuh saka Tri Moerti, manggon ing Tri Moerti lan uga nunggal ?

mulane saweneh ana kang clatu : Kabeh kang gumelar iki kadadeyan saka Nur Muhammad”.

b.  Si Tri Moerti dewe wis nunggal karo Gembleng, yen mangkono, wose kabeh Makhluk kasar-alus, kabeh kang gumelar iki pada tuwuh saka Gembleng lan dumunung ing gembleng sarta kabeh iku dadi Sifate si Gembleng (“IKI”).

c.   Sarehne “IKI” nuwuhake Makhluk ada ing IKI-pribadi, dadi tetela yen si IKI ora butuh marang enggon, malah angger enggon butuh panggonan ing IKI.

 

Mulane diarani : “Allah iku ora arah, ora enggon, adoh tanpa wangenan, cedhak ora senggolan”. Mangkono sapanunggalane.

 

Kaya upamane mangkene : Awakmu ko-lontengi kapur, atal, gincu lan angus (dadi Petruk). Sawise mangkono, apa kowe rumangsa yen awakmu ing saiki mbanjur manggon ing lonteng-lontengan mau ?

 

VII.     “IKI” nunggal “Tri Moerti”.

“Tri Moerti” nunggal “Makhluk”.

Dadi si “IKI” uga mesti bae nunggal utawa ora pisah karo Makhluk-nanging ora senggolan !!!!

 

Ing saiki, pada-pada tuwuh, manggon lan nunggal ing “IKI”, yagene kaanane Makhluk iku teka warna-warna? Kayata : watu beda karo tetuwuhan. Tetuwuhan bedo karo kewan lan kewan beda karo manungsa, sapanunggalane.

 

Katerangan saperlune kaya ing ngisor iki :

 

Upama kowe dewe dadi sawijining tukang sing misuwur pinter, bakal nggawe utawa ngadegake omah. Yen bekakasmu ganep (compleet) iya bisa nganakake omah kang bagus lan santosa. Dene yen bekakasmu kurang, dadine omah iya mung lumrah bae. Apa maneh yen bekakasmu satitik banget, garapanmu ora wujud omah, mung rompok bae. Kang mangka kang nggarap iya kowe dewe, sawijining wong pinter nenukang.

 

1º.  Dat-ing Alam kasar alus iku pada tuwuh saka Tri Moerti lan manggon ing Tri Moerti.

 

2º.  Pawak-an utawa bekakas kasar alus iku kadadeyan saka dadapukaning Dat Alam-alam mau. Mulane, yen Pawakan iku wis ora kanggo (mati), iya mbanjur ambyar bali marang Alame dewe-dewe kaya dene wedak ajur, dadi glepung maneh.

a.  Nur Muhammad yen nganggo pawakan genep (compleet), kayata : Ngrasuk Badan Ilapi ……mbanjur aran Manungsa Sejati.

Ngrasuk Badan Kewani

Ngrasuk Badan Rokhani  Angen-angen asor.

Ngrasuk Badan Jasmani (wadag), banjur ana Makhluk kang wujud wong iki, bisa cecaturan , gede angkara Moerkane, bisa memikir lan golek akal warnawarna.

 

b.  Nur Muhammad yen nganggo pawakan kurang, kayata :

Ngrasuk Badan Rokhani, tipis lan kasar bae.

Ngrasuk Badan Kewani, tipis lan kasar bae.

Ngrasuk Badan Jasmani, Dat kang kasar, ana Makhluk kang awujud Kewan, bisa ngolah-ngalih panggonan, bisa muni-utawa nyuwara, pepenginane marang kang remeh-remeh bae, akale mung satitik.

 

c.   Nur Muhammad nganggo pawakan kurang maneh, kayata :

Ngrasuk Badan Kewani, luwih tipis lan kasar.

Ngrasuk Badan Jasmani, Dat kang luwih kasar maneh, mbanjur ana Makhluk kang wujud tetuwuhan ….. ora bisa ngalih enggon, bisa mundhak gedhe, butuhe mung marang rabuk, banyu lan hawa, lsp.

 

d.  Nur Muhammad yen mung ngrasuk pawakan Jasmani thok tur Dat kang kasar banget, mbanjur ana Makhluk kang anane kaya watu sapanunggalane.

Makhluk iku sifat – kaanane owah-owah ora tetep, melu Gembleng iku dat, lan Tri Moerti-ne …… kaanane Langgeng.

 

VIII.    Kanggo pangemper-emper. Sprekende Film (Film bicara) :

1º.  Lajere (geber-projectie doek?) …… iku di-upamakake Gembleng.

2º.  Putih-e layar. Mesin lan Masines-e …… iku di-upamakake Tri Moerti lan uga di-upamakake pada manggon ing layar.

3º.  Gambar-gambar ing layar kono ….. iku diupamakake Makhluk.

 

Ing layar kono katon ana gambar warna-warna, ana kang bisa cecaturan, muni, nyuwara, obah lan ana kang njenggelek bae.

Kayata,  katon ana gambar :

a.     Sawijining Ratu tindak ameng-ameng akeh kang anderekake :

Ana ing sawah mirsani wong tani padha ngunduhi tetandurane.

Ana ing padesan mirsani ana wong miskin sabrayat manggon ing gubug.

 

Ana ing Hospitaal mirsani wong-wong lara pada sambat ngrintih, ngrasakake larane dewe-dewe. ###

 

Gambar-gambar mau yen digrayangi, apa krasa nggrenjel ? Kang kena kagrayang mung apane ? Yen mangkono, kang satemene ana mung apa ?

 

Sedela engkas gambar-gambar mau bisa ilang, saiki kari apane ??

 

b.     Ganti gambar. Ana wong sugih manggon ing omah gedong gede, rerenggane sarwa endah, pinuju ngundang pesta nganggo tetabuhan warna-warna. Dayohe lanang wadon akeh banget, pada mangganggo sarwa adi, kabeh padha seneng-seneng mangsa ngombe kongsi luwih-luwih.

 

Ing sangarepe omah mau akeh wong miskin kang pada nonton, ana kang wetenge pating kruwuk marga kaluwen, ana kang mbanjur ambruk marga ora kuwat nahan ngelihe.

 

Dadi ing lelakon iki katon ana kang kuwaregen lan ana kang kaluwen.

Ora sewe maneh gambar-gambar mau uga pada bisa ilang. Mangkono sakbanjure tansah solan-salin gambar, kang pijer owah-owah lan wekasane uga sirna ora perduli gambare Raja, wong tani, wong sengsara, wong sugih lan wong miskin, ora perduli omah gedong kang rerenggane sarwa endah.

 

Kaya mangkono pengemper-empering lalakon sarta kaananing Makhluk utawa Sifat.

 

IX.       Si Sifat pada nggoleki dat-e dewe-dewe, nanging saka kandeling aling-aling kang uga wujud sifat, temahan dat-e kapiran.

 

Manungsa pada nggoleki “aku-ne” dewe-dewe, nanging saka kandele aling-aling kang wujud sifat kadonyan, kongsi awak-e Wadag iki dianggep “aku-ne”.

Yen mangkono, endi kang satemene aran Dat utawa “aku”??

 

Kertas salembar di-umpamakake Gembleng.

 

Ing kertas mau ana corekan gambare si Suta, Naya, Dadap lan Waru.

 

Gambare si Suta di-umpamakake bisa ngucap : Iya aku iki kang aran kertas.

 

Mangkono uga gambare si naya. Dadap lan Waru pada ngaku dewe-dewe, yen awake iku kertas.

 

Kertas-e terang yen mung siji, yen mangkono aku-ne iya mung siji ….. nunggal.

 

Kabeh-kabeh nduweni pangaku, nanging kang diaku mung siji “iki”-pribadi.

 

X.        De Natuur = het heelal = de hele schepping, ing kene ditegesi Alam-Titah (makhluk) kabeh alus kasar lan uripe, daya panguwasane, pengertine, kaanane, watek-wateke, angger-angger utawa wet-e, sarta wawadine. Dadi yen mangkono, sanajan kaya ngapa bae, si natuur iku iya tetep aran sifat, dudu si Gembleng.

 

1º.  Natuur elemen, kayata : Bami, Geni, Banyu lsp.

2º.  Natuur verchijnselen, kayata : Tatit, Kilat, Bledeg, sabarang katon kumelip lan gumebyar ing langit, utawa ing awang-awang lsp.

3º.  Natur – elgenschappen en Wetten, iku awak lan akaanan sarta …. Gawane Makhluk, kayata :

Watek utawa : geni-panas, banyu-adem, tetuwuhan bisa mundak gede, kewan kena diwulang, manungsa nduweni pangerti, pamikir, angkara-Moerka, bisa cecaturan lsp.

Wet-e mangkene : kabeh mau owah gingsir, rusak lan wekasan mati. Kang dosa nandang sangsara, kang utama oleh kabegjan lsp.

4º.  Natur – geheimen, yaiku wadi-ning Makhluk, kayata : maune ora katon ana wewujudan apa-apa, wong wadon wetenge katon gede (meteng, si wetengan sangsaya tuwa sangsaya mundak kakuwatane, bareng wis mangsane, mbanjur lahir wujud bayi. Bisane dumadi kaya mangkono mau, uripe daya pangwasane, lsp., saka ngendi ?? (Ontwilkkelinge).

 

XI.       Natuur (Machluk iku tetep aran sifat. Dene wade-ne Natuur yaitu Dat = Iki = Gembleng = Ingsung = Pribadi.

 

Natuur iku tuwuh lan dumunung ing Gembleng. Yen mangkono, uripe, daya pangwasane, pangertine, agngale (mobah-mosike) si Natuur iku iya kapurbawasesa dening “IKI”, dadi wose : kabeh iku kagungan Gembleng pribadi. Nanging aja mbanjur nduweni panganggep yen sanajan panggawe maksiyat uga wis saka karsane Allah, elinga, yen wadag lan Angen-angen iku pada sifat kang nduweni karep dewe-dewe, miturut watek lan kulinane. Dene “IKI” mung gawe sebab, kongsi manungsa bisa nindakake warna-warna mau. Mulane ujarw wong tuwa “Gusti Allah wis pasrah pangwasa marang manungsa”. Iku maksude kena uga mangkene :

1º.     Manungsa bisa nindakake panggawe ala utawa becik klawan kakuwataning awak, pikiran lan pangertine.

2º.     Kang nindakake panggawe ala, terkadang sawatara mangsa tansah oleh kauntungan lan seneng uripe. Dene kang nindakake kautaman, terkadang malah kasurang-surang.

3º.     Sabarang kang tinemu ing manungsa, bungah-susah …… mulya, sangsara lsp., iku tuwuh saka panggawene dewe (saka karma-ne), dadi tetela yen Allah iku asifah Rachman la Rachim – Moerah lan asih, ora perduli ana wong nungsan-njempalik.

KAWULA …….. GUSTI

a.     Ashadu alla ilaha illalah …… wa ashadu anna Muhammadar Rasulullah (Ingsun nekseni saktuhune ora ana Pangeran (kang sinembah sakbenere) kajaba Allah lan ingsun nekseni satuhune Kanjeng Nabi Muhammad iku utusane Allah).

 

Kanjeng Nabi Muhammad lan kabeh para utusan (panutan) iku tetep yen kawula, dene gusti-ne mung Allah piyambak.

 

b.     Wadag iki dadi bekakase Angen-angen.

Angen-angen dadi tunggangane Manungsa Sejati  ~ Manungsa Sejati iku sifating Allah.

 

Dadi, Wadag, Angen-angen lan Manungsa Sejati iku tetep aran Kawula, dene Gustine mung Gembleng.

 

c.      Kawula iku dudu Gusti, lan Gusti iku dudu Kawula. Dene kang diarani kumpule kawula Gusti, empere dene kaya kertas (lan putihe) tanpa corekan apa-apa.

 

Dene ing saiki diarani nunggal, yaiku yen kala-kala bisa nyirnakake rasa kamanungsane (empere, kaya dene yen pinuju kamitenggengen, turu tanpa ngimpi, lsp) (Ora rumangsa nduweni Wadag lan Angen-angen), manawa bae mangkono iku kang diarani nyilem marang “IKI”, kaya umpamane “corekan ing kertas kang katon mung putihe”. ###

****