Senin, 07 Agustus 2017

WEJANGAN 7

WEJANGAN 7

KEDADEYANE BADAN PATANG PERKARA:

1.      Bumi, 2. Angin, 3. Banyu, 4. Geni.

1.      Allip wujudung salira.

2.      Lam awal wujuding napsu.

3.      Lam akhir wujuding nyawa.

4.      He wujuding paningal.

Badan tegese Jabrail, napsu tegese Mika’il sejati, nyawa tegese Isropil sejati, Tingal tegese Ngijrail sejati.

Jabrail ijo warnane, tangan tengen panggonane, Mika’il kuning warnane, roh panggonane, Isropil abang warnane, wetune saka mburi, Ngijrail ireng warnane, saka geger wetune.

Nyebute Kang Maha Suci beda-beda : Ngijrail pujine ILALLAH MINALLAHI, ngalam kabir lan ngalam sapir lungguhe ngalam sejati.

Nyatakake bab Agama Islam lawange martobat pitung perkara:

1.      Akhadiyat,

2.      Wahdat

3.      Wakhadiyat

4.      Ngalam arwah

5.      Ngalam, misal:

6.      Ngalam Ijmak,

7.      Ngalam insan.

Akhadiyat iku lahir saka segara Napsi, mangka aran HU ALLAH, ngla dzat pitung perkara:

1.      Dzat mutlak tegese padhang kang luwih padhang.

2.      Dzat solikhin tegese suci kang luwih suci.

3.      Dzat subkhi tegese peteng kang luwih peteng.

4.      Dzat sabubun tegese jero kang luwih jero.

5.      Dzat kadim tegese adhem kang luwih adhem.

6.      Dzat Satmata tegese ing ndalem dheweke.

7.      Dzat wajibul wujud tegese pesthi anane.

Utawi akhadiyat iku roh kang samar, yaiku roh Khapiyah, yaiku roh kang luwih suci. Roh khapiyah cinampur dadi 8 perkara:

Bumi, geni, angin, banyu, surya, candra, jurang, gunung, padhang, peteng, saklumahing jagad sak kurebing langit, kabeh ana ing sira.

Ujar iki luwih wadi, mulane aja tuna, aja luput, iya iku kedadeyan Kawula Gusti.

-          Aksara Allip dadi Bumi.

Aksara Lam awal dadi angin.

Aksara Lam akhir dadi banyu

Aksara He dadi geni.

Aksara papat mau yen dikumpulake banjur muni ALLAH.

-          Allip wujuding badan.

Lam Awal wujuding napsu.

Lam Akhir wujuding nyawa sejati

He wujuding paningal sejati.

-          Badan   - Ngijrail.

-          Napsu   - Jabrail.

-          Nyawa - Mika’il.

-          Tingal   - Isropil

Tidak ada komentar:

Posting Komentar