Minggu, 27 November 2016

KIDUNG TANGISE BUMI

Bumine nangis, eluhe lumpur agawe giris
Bumine nesu, watuk-watuk ndadekake lindhu
Bumi wis tuwo, jare kiyamat wis arep teko
Iki pratondho, bendune sing moho kuoso

Bumine sambat, gununge gundhul alase dibabat
Bumi loro ati, banjir bandhang anggegirisi
Ujare wong pinter, alas kang subur minongko pager
Pagering bumi, murih alam tetep lestari

reff :
[Adhuh gusti, kulo nyuwun pangapuro]
[Kulo niki, sampun kathah dosa]
Adhuh gusti, ingkang moho kuoso
Nyuwun luwar, saking gudho pangrencono

[Pro sedulur, tunggal nuso tunggal bongso]
[Ojo congkrah, lan ojo suloyo]
Bareng urip, golek dalan padhang
Sujud sukur, wonten ngarsane pengeran

Kidunge ati, pangruwat bongso sak nagari
Monggo ndedonga, dahuru inggalo sirno
Cancut gumregut, bebarengan mbangun projo
Lestarekno alam, murih bumine ra murko

reff :
[Adhuh gusti, kulo nyuwun pangapuro]
[Kulo niki, sampun kathah dosa]
Adhuh gusti, ingkang moho kuoso
Nyuwun luwar, saking gudho pangrencono

[Pro sedulur, tunggal nuso tunggal bongso]
[Ojo congkrah, lan ojo suloyo]
Bareng urip, golek dalan padhang
Sujud sukur, wonten ngarsane pengeran

Kidunge ati, pangruwat bongso sak nagari
Monggo ndedonga, dahuru inggalo sirno
Cancut gumregut, bebarengan mbangun projo
Lestarekno alam, murih bumine ra murko

Tidak ada komentar:

Posting Komentar