Sabtu, 07 Januari 2017

Syair jawa Gus Dur

Ngawiti ingsung nglaras syi’iran

Kelawan muji marang Pangeran

Kang paring rahmat lan kenikmatan

Rina wengine tanpa pitungan.

Duh bala kanca, pria wanita

Aja ming ngaji syari’at blaka

Gur pinter ndongeng, nulis lan maca

Tembeh mburine bakal sangsara

Akeh kang hafal Qur’an Haditse

Seneng ngafirke marang liyane

Kafire dewe dak digatekke

Yen isih kotor ati, akale.

Gampang kabujuk nafsu angkara

Ing pepaese gebyare ndunya

Iri lan meri sugihe tangga

Mula atine peteng lan nista.

Ayo sedulur ja nglaleake

Wajibe ngaji sapranatane

‘Nggo ngandelake iman tauhide

Baguse sangu mulya matine.

Kang aran shaleh bagus atine

Karana mapan sari ‘ngelmune

Laku thariqat lan ma’rifate

Uga hakiqat manjing rasane.

Al-Qur’an Qadim wahyu minulya

Tanpa tinulis bisa diwaca

Iku wejangan guru waskita

Den tancepake ing jero dada.

Kumantil ati lan fikiran

Mrasuk ing badan kabeh jeroan

Mu’jizat rasul dadi pedoman

Minangka dalan manjinge iman.

Kelawan Allah Kang Maha Suci

Kudu rangkulan rina lan wengi

Ditirakati diriyadhai

Dzikir lan suluk ‘ja nganti lali.

Uripe ayem rumangsa aman

Dununge rasa tanda yen iman

Sabar narima najan pas-pasan

Kabeh tinaqdir saking Pangeran.

Kelawan kanca, dulur lan tangga

Kang pada rukun aja gawe sia

Iku sunnahe rasul kang mulya

Nabi Muhammad panutan kita.

Ayo nglakoni sekabehane

Allah kang bakal ngangkat drajate

Senajan asor tata zhohire

Ananging mulya maqom drajate.

Lamun palastro ing pungkasane

Ora kesasar roh lan sukmane

Den gadang Allah suarga manggone

Utuh mayite uga ulese.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar