Selasa, 17 Januari 2017

Syi'ir Gus Dur


Astaghfirullah Robbal barooya 
Astaghfirullah Minal khothoya
Robbi zidni Ilmannafi'a
Wawa Figni Amalan Sholeh
Yarosulullah Salamun Alaik
Yarofi As ya Niwaddaroji
Atfatayyadji Rotal'Alami
Ya uhailalju di walkarami

ngawiti ingsun nglaras si'iran
ke lawan muji marang pangeran 
kang pareng rahmat lan kenikmatan 
rino wengine tnpo pritungan

duh bolo konco priyo wanito 
ojo mung ngaji syarikat blok
gur pinter dongeng nulis lan moco 
tembe mburine bakal sengsoro 

Akeh kang apal kur'an hadise 
seneng ngafirke matang liyane 
kafire dewe dak di gatek ne
yen iseh kotor ati akale 

gampang kabujuk nafsu angkoro 
eng pepaese gebyare dunyo
Iri lan meri sugehe tonggo 
mulo atine peteng lan Nisto 

Ayo sedulur jo nglaleake 
wajibe ngaji sak pranatane 
nggo ngandelake Iman taukide 
baguse sangu mulyo uripe 

Kang aran sholeh bagus atine 
kerono mapan seri ngelmune
Laku thorekot lan makrifate 
Ugo hakekot manjeng rasane 

Alqur'an hadist wahyu minulyo 
tanpo di tulis tanpo iso di woco 
iku wejangan guru waskito 
den tancepake ing jero dodo 

kumantil ati lan pikiran
mrasuk ing badan dadi pedoman
Mukjizat Rosul dadi pedoman
minongko dalan manjinge Iman

Kelawan Allah kang maha suci 
kudu rangkulan rino lan wengi 
di tirakat di riyadhoi 
dzikir lan suluk jo nganti lali 

uripe ayem rumongso Aman 
dununge roso tondo yen Iman 
sabar narimo snajan paspasan 
kabeh tinakdir songko pangeran 





Ilahi lastu lilfirdausi ahlan wala aqwa Alannaril jahimi 
 Fahablitaubatan waghfir dzunubi Fa'innaka ghofiru dzambil adzimi

Dzunubimitlu A'daadirrimaali Fahablitaubatan yadzal jalaali 
 Wa'umrina ghisu fi kulli yaumi wadzambiza idunkhaifah tiimali 

Ilahi abdukal Aashi ataak mughirron bi dzunubi wa qad duaka 
 Fain taghfir fa anta lidzaka ahlun waintadrud Faman narjuSiwaaka 

Duh gusti aku tdk layak menjadi penghuni syurgamu .tetapi hamba tdk kuat menerima siksa nerakamu maka terimalah taubat2ku dan ampuni dosa2ku sesungguhnya engkau maha pengampun dosa 

Dosa2ku bagaikan butir pasir di pantai .maka terimalah taubatku yg memiliki keagungan.dn umurku berkurang setiap hari sementara dosaku selalu brtambah Apa dayaku.?

YaAllah hambamu penuh maksiat datang kepadamu bersimpuh memohon Ampunan .jika engkao mengampuni maka Engkao adalah pemilik Ampunan
 tetapi jika Engkao tolak .maka kepada siapa selain Engkao !!



wong iku ojo kakean mikir mundak kentir 
wong iku akeh dzikir bakale nglilir 
wong iku ojo sombong mundak bolong 
wong takabur bakal kejegur 

wong iku urip nek ndunyo amung sepisan 
 mulo kudune, mangan enak turu kepenak supoyo iso nglungguhno maghome kang iseh parsemen 

mangan enak tegese wani luweh 
turu kepenak tegese wani melek 
ojo ngino marang liyan mundak kasoran 
ojo pamrih dumuning nitih 
ojo rumongso bener menowo durung bener 
ojo rumongso serba salah mundak cili,an ati 

belahine roso teko budi 
wong kakean budi sosok nulayani 
 ojo suloyo karo wong tuwo mundak kuwalat lan nisto 
dadi wong iku nriman ing pandum 
 matur nuwun dumuning gusti kang paring karahmatan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar