Selasa, 22 September 2015

Buku Kawruh Kasampurnaning Ngahurip. bag:2

PRAKAWIS INGKANG KAPING KALIH

MANUNGSA MIWAH SAKALIRINGE BADANIPUN

II. BADAN KASAR UTAWI WADHAG

1. BAB BADANING MANUNGSA KALIYAN BADANIPUN

Kita kedah mangretos sayektos bab bedaning manungsa kliyn badanipun, tiyang punika kulinanipun anyawuhaken pribadinipun kaliyan badanipun, karenanipun anyeguh bilih ingkang dipunwasta aku, punika inggih badanipun pramila prelu ambirat pangagepipun inggih kados makaten wau, sarta amantunan anggenipun anyawuhaken pribadinipun kaliyan urungipun, utawi bedanipun ingkang dipunangge sawatawis dangunipun lajeng kangucal, supados angangge ingkang enggal, manawi pancen taksih prelu angangge badan malih. Kita punika wujudipun ingkang gesang, dene badan punika dhapur utawi wangunipun ingkang dipundunungi.

Sayektosipun manawi kita anyawuhaken roh kaliyan badan kita ingkang amung sakedhap wontenipun, punika kablingeripun sami kaliyan tiyang ingkang anyawuhaken bedanipun kaliyan sandhanganipun, punika boten kawengku dhateng badan, paedah ing badan tumrap ing roh, punika kados dene paedah ing sandhangan tumrap ing badan.

2. SABABIPUN ANYAWUH

Menggah sababipun anyawuh wau, amargi tiyang limrah boten saged [h.70] amisahaken aku, ingkang sajati kaliyan badanipun, ananging amargi saking sinau anggen kita saged amisahaken pribadi kita kaliyan badan, kados dene manawi kula mandhap saking kereta ingkang kula tumpaki inggih punika, manawi wonten ing jawi rumaos kula saya buntas tinimbang kula gumantung ing badan wau, manawi sampun kalmpahan makaten sampun mesthi kula badhe boten kasasar malih, kita punika inggih badan ingkang kita angge, sarta anyamtuni sadaya tindak kita dhateng ing donya, anyengkakaken kita dhateng alam ingkang langkung jenjem ingkang wonten ing sanginggilipun alaming ngagesang, ingkang kenging pejah punika, amernahaken kita wonten sanginggilipun panggenan kangelan remeh-remeh saben dinten, ingkang tingalipun sakelangkung prelu tumrapipun rumaos ingkang winaragan, sarta anedahaken kita bab imbang-imbanganipun badanipun ingkang tansah suntan-santun sarta ingkang lestantun tetep.

3. BAB SAJATINING MANUNGSA

Ingkang pinastan manungsa punika pribadinipun ingkang gesang, ingkang gadhah rumaos sarta saged amikir, inggih wujudipun aku, dene badanipun punika brungkusipun pribadi wau, sarta satunggal-tunggaling brungkus kenging kangge nyambut damel, wonten ing ngalam mriki utawi wonten ingkang kangge ing ngalam sanesipun, liripun supados saged enget utawi rumaos wonten ing satunggal-tunggaling alam, pramila ugi saged amisahaken satunggaling badan kaliyan badan sanesipun.

4. BAB BEDANIPUN SARTA COCOGIPUN SADAYA BADAN

Sakatahing badan punika, beda-beda badhenipun, sarta aben-abenipun mawi-mawi dhasaripun ingkang dipunangge nyolahaken satunggal-tunggaling badan, tuwin mawi-mawi wawengkon panggenanipun anyambut damel, wonten ingkang kasar wonten ingkang alus, wonten ingkang umuripun cekak wonten ingkang panjang, wonten ingkakng dayanipun kirang wonten ingkang langkung, ananging kados wosipun pancen boten langgeng amung dados pirantos, dados rencangipun manungsa, ingkang saged garang sarta kaenggalaken malih mawi-mawi dhadhasaripun, sarta kanyamlengaken kaliyan dayanipun.

5. BADAN PUNIKA PIRANTOSING MANUNGSA

Badan ingkang dipun dunungi gesangipun manungsa tuwin anggenipun nyambut damel punika pirantosing manungsa, sarta manungsa kedah ngrahita bilih wontenipun badan punika kangge tumrap ing manungsa, boten manungsa ingkang kangge ing badan, manungsa punika sanes gadhahipun badan-badan supados kenging dipun angge.

A.  Badan wadhag ing basa sansekrita winastan Anamayakosha (Annamajakasha) ing basa Hindu: setulsarira (stula sharira), ing basa Arab roh jasmani. 

6. BAB DHASARING BADAN

Menggah ingkang winastan badan wadhag punika mangertosipun badan kasar sarta lingga sarira, awit kalih pisan punika sami rumagang ing damel wonten ing ngalam kasar aben-abenan saking jasad kasar, kawujudaken kangge salebetipun gesang wonten ing donya punika, manawi pejah badan wau katilar wonten ing ngalam donya, sarta luluh awor kaliyan jasad kasar, dene manungsanipun sajati lajeng dhateng alam astral (astraal geheid) inggih punika alam ingkang langkung alus, manawi manungsa dereng ngambah sajawining alam kasar punika, taksih prelu angangge badan kalih pisan wau, utawi salih satunggal, badan kakalih punika badhenipun saking alam kasar dados boten kenging kangge ngambah sawijining alam wau.

Sanajan badan wau saged pisah sawatawis, ewa dene salebetipun gesang wonten ing bumi angisah-pisah, sarta manawi pisah boten prayogi, punika nandhakaken bilih sakit, manawi sakit rekaos badan kakalih wau sami pisah sawatawis, utawi kacengcengan kados dene prewangan, punapa dene manawi tiyang dipuntilemaken satanginipun lajeng kenging dipuntangled dipunapa-punapa.

7. ABEN-ABENING BADAN

Badan wadhag punika aben-abenan saking jasad kasar pitung warni, kawujud dipunbadan kasar inggih punika saking jasad kasar titiga, kadosta: jasad atos, punika panggenanipun manungsa ingkang kasar pyambak, inggih gumelaripun ing kang asor pyambak, sarta kawedharipun ingkang winangenan sarta boten sampurna, dados manungsa punika kinunjara wonten ing jasad ingkang kasar pyambak.

Menggah dumadosing badan kasar punika sampun kacariyos wonten ing serat-serat, mila sinten ingkang badhe ngawuningani , cekap amaos serat-serat wau kemawon, ing ngriki amung badhe pratelakaken punapa ingkang kacariyosaken dening ngelmi kasampurnan.@@@

Badan wadhag punika dumados saking jasad alit-alit ingkang ing basa Walandi winastan molekule (molecule) kalayan pirantosipun kangge ngraosaken inggih punika ponca driya, pirantosipun kangge ebah, utek sarta bayunipun alit-alit, pirantosipun kangge nindakaken sawarnining padamelan, ingkang prelu kangge widadaning gesangipun.

Tiyang ingkang marsudi kawruh kagunan sampun badhe ngajengi dhateng panampenipun teosofi, bilih dumadosipun manungsa punika sakathahing gesang alit-alit ingkang tanpa wicalan, ananging tiyang ali kawruh kagunan boten purun anglajengaken ngangge kawruh winados, supados saged mesthekaken bilih basaning manungsa badaning khewan sarta tutuwuhan punika dumadosipun saking sakathahing maujud gesang wau, kadosta ingkang winastan bakteri, mikroben eroben, aneroben sarta sanes-sanesipun, ingkang boten saged katingal manawi kapirsanan kaliyan semprong pirantos ngagengaken, kajawi ingkang ageng-ageng, satunggal-tunggaling parincenipun jasad, sanajan winastan mawi utawi boten mawi prabot riricikaning badan, sadaya punika gesang, sadaya gesang wau sami kagolong alaming prana utawi gesang, ananging misah sarta boten kawengku, punika sami ngalempak dados molekul, inggih punika kawarni bunder alit-alit sanget ingkang dados wujudipun rah, tuwin dados selah wadhahing rahipun badan wadhag, salebetipun badan punika gesang, maujud gesang alit-alit wau malebet medal sarta tansah dados lantaraning sambetipun manungsa kaliyan kanan keringipun.

Satunggal-tunggaling atum tuwin molekule ing ngalam punika damelipun inggih amejahi dhateng badan wadhag, dados sadaya maujud alit-alit wau ingkang damel badan wadhag dalasan wadhahing rahipun, kawengku daya panggrahiting prana, salebetipun kaereh maujud alit-alit wau ajeg anggenipun damel badanipun manungsa, manawi gesang wau sampun badhe boten kaerah malih, sarta kakendelaken kemawon anggenipun buyang ing sakajeng-kajengipun pyambak, punika dados daya ingkang nyirnakaken, lajeng ambingrah sel damelanipun pyambak, kados dene ngrandhal ingkang pating blesar, dene badan wadhag lajeng ambar. Badan wau badhe boten gesang malih manawi boten pejah, ananging gesangipun anggening dados satunggal, pejahipun anggening sasarengan, gesang anggening dados undhung-undhungan, pejah anggenipun dipunpraboti, bedanipun badaning manungsa ingkang gesang sarta ingkang pejah punika manawi gesang dayanipun tumanduk sayektos, manawi pejah amung monda-monda, samongsa pejah utawi layap-layap molekulipun nurut pangendeng ingkang luhur, ingkang angukut dhateng molekul wau sarta kasebar wonten ing ngawang-ngawang [h.75] panyebaripun punika andadosaken pejahipun badan wadhag, makaten punika manawi kenging dipunanggep pejah, awit molekulipun badan ingkang pejah ugi anggelaraken dayaning gesang ingkang santer, manawi tiyang pejah, mawitipun badhe boten losoh, sadaya molekule ingkang angwujudaken mayit wau gesang, sami uleng-ulengan anggenipun badhe buyar, ngupados adeging gesang sanesipun.

8. KUWAJIBANING PADAMELANIPUN

Padamelanipun badan wadhag punika supados gepokan kaliyan alam donya, sarta punapa ingkang sampun karaosaken wonten ing donya, punika kalumuntaken dhateng pribadi ingkang manggen wonten ing guwa garbanipun, inggih punika manungsanipun sajati, dados badan punika minongka pirantosipun kawontenan ingkang gadhah rumaos, ingkang manggen wonten ing badan supados geda angsal kawruh wonten ing donya punika, manawi badan saya saged ngraosaken punapa ingkang tumama, punika saya maedahi tumrap manungsa sajati ingkang manggen ing ngriku, amargi manungsa sajati punika saged dipunrumaos amung saking samukawis ingkang saged geteraken badan.

Pakartinipun atma wonten ing badan punika dados kakuwatan wonten ing sel, ingkang prelu tumrap panggesangipun sel wau, tuwan Ekhel bongsa ditse ingkang mangretos dhateng kawruh kodrat anyariosaken mekaten: sel punika sami anggadhahi jiwa, mila mratelakaken makaten, sabab tuwan wau anyumerepi merepi bilih sakathah ing sel punika sami anindakaken padamelan pyambak, boten nyunggil kaliyan pakaryanipun badan sadaya, ananging pakaryaning sel ingkang makaten wau kawngenan amung ingkang maedahi dhateng sel pyambak, padamelanipun sel wau kawengku dhateng kasarasaning badan sakojur, amargi sel wau dados peranganing badan, terkadhang sel punika ngambeng-ambengi paedahipun badan, manut paugeraning padamelanipun pyambak, boten angraosaken dhateng maedahipun badan, mugi angengetan daging awon ingkang dumunung ing tatu.

Badan sakojur punika ugi anggadhahi padamelan pyambak ingkang lampahipun boten mawi kamanah dados kados bekakas, kadosta asta ingkang sampun kasinau nyerat, punika manawi manungsanipun sajati sumedya nyerat, asta wau lajeng tumandang, ananging patrapipun tansah ajeg menggah ewahing patrap dados ajeg punika kedah karep dipunsinau, awit nyerat mawi patrap ingkang temtu punika adamel kulinaning badan lajeng tumandang kados bekakas kalampahaken.

Badan punika gadhah gesang pyambak, ingkang mitulungi utawi panggregang-anggregi pakaryanipun manungsa sajati, ananging manungsa saged anyinau badan supados tansah purun tutulung dhateng manungsa.@@@

Dayaning gesang utawi prana punika anyambut damel wonten ing telenging sungsum ula-ula, sarta minngka kakuwatan ingkang gandhengaken, kados dene ingkang mranata tuwin amisesa dhateng sadaya sel, supados sageda sami sayuk nyambut damel sadaya, sarta andamel manut miturutipun badan, kangge tumpakanipun manungsa sajati, ingkang kedah dipunenut punika ing sapanedhanipun, sarta boten ngemungaken dados paklempakaning perangan ingkang mirungga, ananging gumeleng wetah ingkang sampurna.

9. BAB KARAOS

 Badan wadhag punika tanpa raos, amung tampi kemawon sarta lajeng kalumuntakaken dhateng manungsa sajati sarana lingga sarira, inggih leres badan punika gadhah kraos pyambak, inggih punika raos ingkang rosa, ananging kula sadaya sami boten sumerep, dene manawi badhe nyumerepi badan wau asuka sasmita dhateng manungsa sajati, dados karaos cape badan sakojur sapanunggilanipun, tetelanipun manawi badan punika tanpa raos, manawi manungsa sajati kawedalaken saking badan, sarana dipunsenggruk kloroforem punika bilih tiyangipun kabedhal boten karaos, sel ingkang angwujudaken badan punik gadhah raos pyambak, punapa ingkang sami kula raosaken, punika dede ingkang dipuraosaken sel.

10. BAB JASAD ANTARA INGKANG WINASTA CAKRAM

Ing badan wadhag punika wonten jasad antara pipitu ingkang winastan cakram utawi teleng, liripun wonten badhe pipitu ignkang kangge wedharaken badan sanes-sanesipun sarana badan wadhag, amargi cakram wau saged karaos tampi getering badan sanes-sanesipun, dados lajeng saged malebet, kadosta: badan engetan saged dipun kawedar amung sarana utek, awit utek punika cakramipun badan engetan rah cakramipun badan astral, sarta manawi badan wau geter lampahipun rah laejng rikat, anjalari ngrikataken keketeging manah, mila manawi kawedal hawa napsunipun utawi pakaremanipun tab-tabaning manah sanget.

11. BAB KAENGETAN UTAWI RAOS (bewustzijn)

Ing ngriki pikajengipun ingkang winastan kaengetan wau inggih punika kawontenan ingkang kangge enget, utawi rumaos ingkang nyumerepi salebeting alam wadhag tuwin alam ingkang langkung alus, kadosta: alam supena sapanunggilipun tembungipun Walandi winastan bewusein (bewustzijn), menggah tembung bewusein wau salajengipun amurih ringkes amung kawastanan kaengetan.

Utek punika pirantosing kaengetan salebeting badan wadhag, dayanipun kirang saking dayaning badan sanes-sanesipun, ananging padamelanipun wonten ing ngalam wadhag, punik langkung ageng, sarta pirsanipun tiyang bilih pribadinipun punika manungsa sajati, amung wonten salebeting badan wadhag, awit badan sanes-sanesipun dereng sampurna, kangge enget saged anyolahaken wonten ing badan wadhag.@@@

Bayu inggih punika urat alit-alit ingkang ansalap ing saranduning badan, tembungipun Walandi winastan seniyusetelsel (zenuwstelsel) wujudipun ombyokan kados dening lawe satungkel, ing mangke tungkelaning bayu wau kaperang dados kalih bageyan, A) tungkelaning bayu ingkang boten kenging kaereh, ing sakajengipun tiyang limrah, kenging ugi kaereh sawatawis, ananging sarana tansah dipunsinau, kados patrapipun pakir bongsa Hindu. B) tungkelaning bayu ingkang kenging kaereh dhateng manungsa, sadaya lampahing badan ingkang sampun kodrat, punika jalaran saking pakartining bayu ingkang kasebut rumiyin wau, kadosta: lampahing pangejuranipun tatedhan, keketeg lampahing napas sapanunggilipun, dene saged dipun manungsa amikir, angraosaken anyolahaken badan, punika jalaran saking pakartining bayu ingkang kasebut ing aksara B) wau, inggih punika jalaranipun manungsa saged anglairaken pikajengipun tuwin kaengetanipun, sarta kenging dipunwastani manawi tungkelanipun bayu wau dumunung wonten ing utek, tiyang boten saged andamel punapa-punapa wonten ing ngalam wadhag, manawi boten saking utekipun.

Kaengetan ingkang nyambut damel wonten ing badan wadhag, punika boten saged oncat saking watesipun, ingkang kenging kasumerepan sarana ponca driyanipun ingkang kasar, sarta kawengku wawaton paugeraning papan tuwin wanci, liripun kawengku ing papan wau upaminipun makaten, kula boten pirsa dhateng samukawis, ingkang boten katingal saking papan panggenan kula samangke, dene kawengku wanci wau makaten, wanci punika gerbanipun amung tiga, rumiyin, sapunika, benjing, kula boten enget dahteng lalampahan saderengipun kula tumitah wonten donya samangke punika tuwin bwnten pirsa dhateng lalampahan ing tembe, amargi kula taksih karaos wonten rumiyin, sapunika tuwin benjing punapa malih manawi tungkelanipun wau boten tata, punika kaengetan boten saged kalair mawi lekas ingkang tata.

Dados anggenipun manungsa anglairaken kaengetanipun wonten ing ngalam kasar punika kawangenan dening dayaning pirantosipun ingkang kasar.

Salebetipun tilem, manawi kamulaning manungsa malelep utawi silep, punika badan wadhag ugi anggadhahi rumaos utawi kaengetan pyambak ingkang boten patos cetha, ananging kaengetanipun wau pisah kaliyan kaengetanipun manungsa sajati, sarta pisah kaliyan kaengetan selipun ingkang angundhung-undhung, padamelanipun katingal amung kados pirantos utawi bekakas kemawon, sakathah ing geter adat boten gendheng, kothong jatining suraos, sarta wosuh, katingalipun kados boten saged grahita kajawi amung akondha titingalan ingkang katindakaken dening manungsa sajati, pramila manawi kapanduking raos saking nglebet utawi saking jawi sanalika lajeng acakra bawa.

Punapa malih energing engetan dhateng satunggaling panggenan, punika kados dene angelih engetanipun dhateng panggenan wau, upaminipun anggagas dhateng nagari cina, sakeclapan puniika kados ngalih sayektos dhateng nagari wau, sarta tiyangipun lajeng supena wonten ing nagari cina.

Menggah kaengetan utek kasar punika amung sumerep, boten amanah utawi angraosaken sarta sadayaning engetanipun cawuh, kajawi punika remenipun angindakaken utawi anyanget.

[NO. 2]
[BUKU KAWRUH KASAMPURNANING NGAURIP]
[KAGUNGANIPUN R.M.NG MANGUNDIREJA ING]
[MANGKUNEGARAN]

 Mungguh kalanggenan laungyaning kang tanpa wangen (awang-uwung), mau ana mongsa lan done siji kang nunggal.

Saiki aku aweh weruh, ngelmu nyawa (zielkunde) dadine padha lan ngelmu etung ukur kang dhuwur (wiskunde) kang iku cipta kita ing ngatasi jagad iki, kudu amek waton saking cecek tengah siji, saking cecek iku thukuling kabeh sumorot marang saubenge, nuli katon nyata marng kita.

Mungguh cipta mangkono iku katetepake nyatane dening cihna saking pamejanging barang-barang. Sabab kang nyata mungguhing darah (atoom) temtu iya nyata ing ngatase jagad kabeh, awit sakabeh angger wewatoning donya iku padha wiwitane, kayata: ing jagad iki ana srengenge kang dadi puser ubenge sakabeh bumi (planeet) dene kang diarani taun iku ora liya mung mongsa ubenge bumi nganti kempute, mongsa iku padha ajine ing ngatasing bumi siji lan liyane, sabab dumadine saking ubeng tumaruntun angliwati don titik kang padha, ananging yen taune bumi kita iki, katimbang lan taune bumi liya-liyane adoh sungsate, amarga don bumi (sijarah planeet) bumi iku beda-beda doh cedhake saking cecek kang kiniteran.@@@

Dene kang prelu dieling-elingi wong mangkene, saya adoh wong (barang) iku saking wiwinih kang ana ing tengah, saya bawur lan kurang susurupane marang wiwinih mau kaya dening bumi, (sijarah planeet) kang adoh-adoh done iku mung monda-monda bae olehe sorot saking srengenge, mangkono uga manungsa kang isih sajroning wadhage sumurupe marang kanyatahan, kaya weruh wawayangan lan bawur, awit adoh ungyane saking wiwinih ing kanyatan sajati.

Yen wus terang susurupanmu mungguh ing mongsa lan don kang kasebut mau bok manawa luwih gampang kowe pada ngerti ing dumadining titah kabeh kang bakal dak pratelakake sarana amek aluran saking titikaning jasad sawiji, iki kang gampang sarta becik dhewe, awit prakara kang dak gunem bab kanyataan kang tunggal, iya iku pangrasa kang thukul dhewe.

Ananging poma – kowe kudu padha duweya cipta – yen dumadining titah temen tanpa purwa wasana, lumintu genti-genti, jagad kita iki uga ora kajabakake ing angger wawatone, sadurunge jagad iki ana, biyen wus ana, kang nganakake, lan jagad anyar iku maneh dadi winih ing jagad maneh, mangkono sabanjure ngambah jagad langgeng loro, iya iku biyen lan besuk, prakara iku kanyatahane ora kena ginayuh ing wong kaya aku, ananging kang wus dhuwur kawruhe, nagnti ora kena kinira bisa anggunem bab iku, awit wus terang ing kanyatahane, dene paseksene iku katetepake dening uger papathokane solan-salining barang, kang dak nyatakake mau, kabeh kang katon, kaereng ing uger solan-salin mau, apata jagad dhewe nyele metu kadi uger pathokan iku (arak mokal).

Dumadining jagad kang tanpa mendha mangkono iku ing tembung Sansekrita kaaranan “kalpa” tegese pa cipta, pamilih ing tembung mathuk banget, awit satemene jagad iku ciptaning Gusthi.

Mara saiki padha aniti pariksa dumadining titah, lan upamakna jagad wus gumelar, yen wus tuutg ing mangsane “meneng”, uwite leren enggone mikir wujude angen-angen, dayaning pamikir genti, pipisahan, wekasan jagade buyar, ing tembung Sansekrita kobasakake Brahmasare, sasuwene sare, sare kapati iku kabeh sidhem, tentrem, ora ana sawiji-wijiya kang ana kabeh peteng nganti mongsa wungune Brahma.@@@

Mungguh “uwit” arupa loro, kapisan, Brahman (iku nyelo = ora lanang ora wadon) iku kahanan sampurna, tanpa tandhing, tanpa watek, tanpa kanthi, tanpa ana tandhane kang katon, yen sasanggitan lan jagad gumelar.

Kapindho, Brahma (lanang) iya iku uwit kang salugu, kang nganakake jagad kabeh, dadi sasanggitan lan jagad, Brahman iku kang tan kena ginunem, tan kena winirasa, Brahma iku Gusthi, iya iku wit tunggal lan winih pratama, dadi panjenengane dudu kahanan kang nyelo, awit kang mratama, mratelakake pangkat urutan mau.

Kasampurnan iku dadi tanpa sasebutan, manawa bongsa guru Hindu kajalukan katrangane bab iku, mesthi wangsulane kasampurna ora kena tinerangake, awit loka ginayuh ing wong kang wus sidik.

Wawaton mangkono ing ngatasing Brahman nuwuhake ciptaning sawenehing bongsa kulit putih, yen Brahman iku ora bisa jumeneng awit tanpa watek pisisijiya, ananging bongsa tasawuf, Hindu, malah ora bakal ngarani yen kang sampurna iku duweya watek ora ana, mung sidhem iku ku tetep aran kang sampurna, mulane kalawan anjabakake kang sampurna, mara saiki padha amiwiti anggunem wit kang pratama, iya iku Brahma, kang wungune saking sare, anggelar sarupane kang ana.

Iki urut-urutane wejangan mau:

BRAHMAN

1.   Brahma, Gusthi, uger utawa kang ana, “sat” kang sunyata.
2.   Awidya, kang ora ana, kang ora nyata.
3.   Mahatma, pangandika, uwiting cipta (pangandika kang katelu).

Dene Brahman kapetung ing urutan ngarep dhewe, mulane mangkono awit tan kena kagunem, nuli Brahma, kang sunyata, utawa “sat” uwit kang pratama kang nganakake sarupaning kang kumelip kabeh, prayoga wong tansah eling, yen brahman lan brahma iku rupa loro, nanging wujud siji, ing antarane iku tanpa ana bedane babar pisan, kaya upamane. @@@

Tidak ada komentar:

Posting Komentar