Selasa, 29 September 2015

KITAB PAMBUKANING NALAR 1

KITAB PAMBUKANING NALAR

 

Kaanggit dening

Pak POEH

Ing MAKASAR

Kaecap lan kawedalaken dening pangecapan

DJAWA TIMOER

Jl. Gubeng Besar, 1975 Surabaya

 

BUBUKA

Mungguh karepe kang nganggit layang iki mligi kangge wewacane sedulur lan anak putu dewe kang wis pada tuwuh kaelingane yen manungsa iku sugiha, luhura, mulyaa dikaya ngapa, kala-kala nandang susah, ruwet renteng, peting atine, sarta wekasane uga bisa lara sarta temahane mesti bakal mati….. pada bae karo kang miskin, asor, sangsara kahanane.

Samangsa wis duwe kaelingan mangkono, pantes-pantese nuli tuwuh pangraotane mangkene ??

“Apa tegese mati ? Jare-jarene ana wong mati sampurna, ana maneh kang kesasar, iku tegese kepriye ? Lan sapa kang wis tau nglakoni utuwa suMoerup marang pati rong warna mau ? Asalku iki mau-maune saka ngendi ?? Yen wis mati, jare….. bali marang asal; iku parane marang endi ?”

Mangkono sapanunggalane, mbanjur warna-warna tuwuhing gagasan mau. Mung bae, kang akeh-akeh, putusaning gagasan mau mangkene ; Angger wong, sanajan bocaha cilik pisa, iya bisa mati. Sapa weruh ing mbesuk ? Kang perlu rak saiki, ……. Watos wis sugih duwit, mangan wareg, nyandang sarwa gumebyar, seneng uripe, kang digoleki apa maneh ? Gunane apa mikir kang angel-angel ? Seneng saiki, iya seneng mbesuk !!!!

Kang nduweni panemu mangkono mau iya bener. Nanging sarehne jagad iki jembar, iya meksa ana bae kang nduweni pamikir liya, ngudi sinau marang sabarang prakara, kang tumrap ing liyan dianggep tanpa guna utawa onzin mau.

**

Mungguh kang ngarang layang iki babar pisan dudu sawijining wong kang putus ing kawruh, malah isih nyamut-nyamut banget. Sarehne pancen dudu sawijining wong ahli sastra, dadi tembunge ora urut, ikatane ukara ora runtut, surasane galap gangsul. Mula kitab iki ora mungguh upama kawaca dening para kang wis luhur kawruhe.

Upama ana wong kang nggeguyu utawa nacad marang remehing layang iki, sadulur lan anak putu aja pada gela, jalaran….. kajaba pancen satemene remeh, wong ngeguyu utawa nacad iku ora susah sekolah, wis bisa oleh diploma. Lan maneg elinga, yen manungsa iku lumrahe lumuh kasoran ……. Mulane mangkono, amarga saka tresnane marang awake dewe.

Cukup semene bae katerangane.

PAK POEH

********************

 I. AWAK WADAG (JASMANI).

Mungguh awak wadag iku mung minangka dadi batur-bekakas-kurungan (gedongan) bae. Dene kang nduweni, yaiku Angen-angen.

a. Nyatane yen dadi BATUR (abdi) :

sakdurunge kowe menyang lungan menyang toko, Angen-angen mau wis prentah disik. Sakdurunge tangamu kumlawe nyandak barang kang kok anyang Angen-angen mau wis kongkon disik. Tetela yen kang katindakake dening wadag iku mung miturut saparentahe Angen-angen, mulane si wadag tetep aran batur, dene si Angen-angen iku Bendarane, malah saweneh ana kang anganggep Pangerane utawa Allahe.

b. Tandane yen dadi BEKAKAS.

Yen kowe pinuju turu kepati, mripatmu dijénjéng karo dituduhi apa kesenenganmu, upama déndéng bakaran, kacedakake ing irungmu, karo diclatoni mangkene : “Iku lho déndéng bakaran kesenenganmu!!”, nanging kowe angler bae. Iku pratanda yen  : mripatmu dijénjéng ….. ora bisa krasa.

Nalika dilékake iku ….. ora bisa ndeleng.

Irungmu dicedaki déndéng ….. ora bisa ngambu.

Kupingmu sibisiki …… ora bisa ngrungokake.

Cangkemmu nalika diajak guneman ….. ora bisa mangsuli utawa ngucap apa-apa.

Awakmu dioyog-oyog, lan nalika iku cangkem pinuju mlongo, déndéng ditumpangake ing ilatmu, ora krasa apa-apa. (Nanging bareng uyahe mrasuk, ilatmu mbanjur ngameti).

 

Saiki tetela yen :

 

Dudu awak lan ilat kang ngrasakake kapenak lan enak, nanging Angen-angen.

Dudu mripat kang ndeleng nanging Angen-angen.

Dudu irung kang ngambu nanging Angen-angen.

Dudu kuping kang ngrungokake nanging Angen-angen.

Dudu cangkem kang ngucap nanging Angen-angen.

Yen mangkono genah yen wadag iki dadi bekakas.

c. Tetela yen dadi kurungan (gedongan).

Uripe si Wadag mung ing sawatara mangsa. Yen wis dioncati dening Angen-angen lan ora bakal kanggo maneh, mbanjur gumlundung tanpa daya, mangkono iku lumrahe diarani mati, sakbanjure dipendem, diobong, dilarung, utawa disetrakake, miturut caraning agamane dewe-dewe.

Yen mangkono si Wadag tetep aran kurungan utawa kena diumpakake gedongan.

Si Wadag nduweni : Urip-rasa (rasaning panggrayang lan rasaning ilat). Panguwasa (daya kekuwatan kanggo angkat junjung) karep lan watak, kayata : seneng mangan, turu, keséd, rikat, nglemer.

Dene urip-rasa lang panguwasane si wadag iku kawengku Angen-angen. ###

Sarehne terang yen siwadag iku mung dadi batur, bekakas utawa kurungan bae, dadi apa siwadag iku kang aran manungsane ? Lan apa uripe si wadag iku kang aran Pangerane utawa Allah ?

Si Wadag duwe kembaran wujud badan kang alus, yaiku badan Rabani (latief). Mulane diarani kembaran, awit wujude jibles, plek karo si wadag iki.

Badan Rabani minangka lim utawa ancure badan wadag. Yen badan Rabani ocat, ora bali marang badan Jasmani maneh, si wadag mbanjur mati, wasana bosok, nggégrégi, marga wis ora ana lim utawa ancure maneh. ###

Yen turu, ngimpi, manungsa sejati oncat saka wadag nganggo badan Angen-angen dene Rabanine isih kari ing badan wadag mau.

Dene yen mati, manungsa sejatine oncat saka ing wadag, nanging si Rabani digawa pisan sarta tumuli diculake, ora bali marang wadag maneh. ###

II. ANGEN-ANGEN.

ING kene diarani angen-angen iku racutane : cipta – grenjet – krenteg – nyut – karep – gagasan – pikiran – nafsu – pepinginan – pengenam – enam –panyana lan sapanunggalane.

 

Senajan si angen-angen iku wis kawilang bendara sarta gede daya panguwasane, nanging iku satemene isih uga dadi sawijining bekakas pawakan – utawa gampange kena diarani tunggangan bae ….. dene kang nunggangi, yaiku manungsa sejatine, ….. angen-angen iku owah gingsir, sadela mangkene, sadela mangkono, …… ana kalane padang – bening – tentrem, terkadang peteng ruwed renteng – angkara – Moerka lan sapanunggalane.

Angen-angen yen pinuju lerem iku upamane jaran ….. tutut, miturut sakarepe sing nunggang. Yen jarane meh ajeg tutute, kang nunggang lumrahe diarani wong kang becik.

Angen-angen yen pinuju tuwuh angkara Moerka lan tegan mentalane, upama jaran ……. Mbedal-larat-nasak-nasak ora nurut kaot bodo lan pintere nyekel lis utawa apus bae kanggo ngereh jarane.

Supaya kang nunggang tumuli tekan ing papan kang sineja, kudu tlaten sinaune nyekel lis, sarta meksa marang jarane Moerih bisa tutut (nurut).

Dene yen jarane dasar wis nurut, kang nunggang mung kari milih dalan kang kapenak lan cedak dewe bae.

Ya bener si jaran wis nggawa watek dewe, nanging panggula wentah iku bisa ngowahi marang wewatekan mau.

Angen-angen nduweni : Urip, tandane :

bisa nuwuhake karep pepinginan lsp. 

Rasa …… bungah, susah lsp.

Panguwasa …… ngereh marang si wadag, bisa nggagas mider-mider tekan ing ngendi-endi, lsp…………..

Uripe – Rasne – Panguwasane si Angen-angen iku kawengku dening Manungsa Sejati, dadi yen kaya mangkono dudu Angen-angen kang ngucap-ndeleng, ngrungokake, ngambu, ngrasakake …… nanging si Manungsa Sejati, dene si Angen-angen tetep dadi bekakas utawa tunggangan bae.

III. MANUNGSA SEJATI.

Manungsa Sejati iku tegese : manungsa kang satemen-temene ….. dadi dudu si wadag iki. Manungsa Sejati iku kena diarani Soroting Allah utawa : upama Allah iku geni kang gede, si Manungsa Sejati mau pletiking geni iku ….. upama segara kang jembar banget si Manungsa Sejati iku banyu satetes saka segara mau. Utawa maneh Moerih gampange : si Manungsa Sejati kena diarani : ngeja-wantahe …… mancungulu …… ngatone Allah ????

Mungguh manungsa sejati iku ana kang nom ana kang tuwa. Unda usuking nom tuwane mau marga saka oleh-olehane panggawe kang katindakake klawan tunggangan Angen-angen lan gedongan wadag iki. Pangerti lan kagunane tinemu sajrone nganggo bekakas rong warna mau.

Manungsa Sejati iku sangsaya tuwa, sangsaya adoh marang kadonyan. Mundak bening Angen-angene, mundak kasuciane, sangaja nyedaki baline marang Allah.

Uripe – Rasane – Panguwasane Manungsa Sejati iku kawengku dening Allah. Yen mangkono dudu si Manungsa Sejati kang ngucap – ndeleng – ngrungu – ngambu – ngrasakake …… nanging ora liya iya Allah piyambak.

IV. ALLAH (PANGERAN).

Mungguh kang aran Allah iku dudu Cipta – Nyut – Angen-angen – Roh – Napas – Wewayangan – Jeneng (aran) – Awang-uwung – Suwung – Urip, cekake dudu apa-apa.

Lah yen mangkono kang endi ? Apa ora ana ? Sarehne dudu apa-apa, iya ora kena kinaya ngapa, tegese : ora kena kinira-kira kapriye wujude, …… diumpamakna apa bae, iya mesti geseh, ……. Digolekana kongsi memet, iya tiwas-tuwas komet. ###

Kajaba sifat 20. Allah iku kagungan sifat : Jalal (Agung date), Jamal (Elok kaanane), Kahar (Wisesa Asmane, kabeh jeneng iku Asmane utawa, ora butuh marang Asma), Kamal (Sampurna Afngale – pangertine). ###

1.     Alam wiwit kang alus banget, tekan kang kasar banget iku …. Asale saka Allah.

2.     Malaekat – Dewa – Jin lsp iku asale saka Allah.

3.     Manungsa – Kewan – Tetuwuhan – Pepelikan iku asale saka Allah.

4.     Srengenge – Rembulan – Lintang-lintang – Bumi lan Langit iku asale saka Allah.

Yen mangkono tetela yen Allah iku Pokoking Urip – Rasa – Panguwasa, …… Pokoking kabeh.

“Inna lillahi wa inna ilaihi raji’un” (asal kita saka Allah ing tembe nakal kabalekake marang Allah).

“La khaula wala khauwata ila billahil aliyil aliem” (ora ana kang duwe dya kekuwatan kajaba pitulunganing Allah). ###

Nanging kowe aja kliru tampa, mbanjur nduweni panganggep, yen nggangsir, mbedel gedeg, mbandrek lemari, maling, ngapus-apusi …… sarta kabeh laku maksiyat iku wis kersaning Allah, dadi iya  becik bae. Iya bener bisane tumindak mangkono mae kabeh klawan kekuwataning awak, diprentah dening Angen-angen, bisane prentah amarga saka Manungsa Sejati sarta Manungsa Sejati kapurba wasesa dening Allah ….. nanging elinga yen wadag lan Angen-angen iku pada nduweni karep lan watek dewe-dewe, …… mulane ora kena kaugemi yen kabeh iku wis karsaning Allah. Yen kaya mangkono bakal ora ana aturan apa-apa.

V. DUMADINE BADAN WADAG.

1. Bumi iki kejaba munyer nganakake Rina lan Wengi, uga nglayang ngubengi Srengenge temugelang nganakake mangsa setaun.

2. Sarehne Srengenge iku asung pepadang, mulane saweneh ana kang ngarani “Pangeran”, tegese : kang diturut dadi patakon.

3. Srengenge iku nduweni daya kakuwatan kang sumebar nurut sorote.

(Saben atoom Jasmani 6 iji kalebon daya 1, campurane iku dadi atoome Swasana utawa Aether).

Sarehne Bumi iki tansah kasorotan saparoning lumahe, dadi iya tansah kataman daya mau.

4.   Si Bumi dewe nduweni daya kakuwatan. Campuhe Dayaning Srengenge lan Dayaning Bumi mau nganakake daya panguwasa kang bisa nguripi dat-dat liyane ing sawatara mangsa (dadi mung urip-uripan bae).

Moerih ringkese, DAYA PANGUWASA mau ing kene disalini aran “KI URIP” bae.

5. Mungguh dat-Jasmani iku kang katon (kasat mata) mung kang kasar bae yaiku wujud barang atos-cuwe lan kang wujud bangsane kukus. Dene dat-Jasmani kang alus, yaiku kang ora kasat-mata, iku wujud cahya kang diarani …… Swasana (aether) (sarining hawa?), kang kasar lan aluse ana patang warna. Dadi yen mangkono dat-Jasmani iku kasar-alus ana 7 warna. (Mangkono uga siji-sijing Alam Alus iya uga ana 7 perangan).

6. Date-Bumi iki wujud : lemah – banyu – geni lan angin (hawa). Mungguh Sarine Lemah – Angin – Geni – Banyu mau isih pada wujud cahya ….. dadi ing Bumi kene ana Sari 4 warna.

Sari 4 warna mau bareng klebon “KI URIP”  banjur pada rebut daya – tarik – tinarik wekasan kumpul dadi siji ….. sakbanjure, saiki “KI URIP” minangka isine ngiras nguripi wadahe utawa bungkuse, yaiku campurane Ssari 4 warna mau.

Wadah (bungkus)  iku tumrap Manungsa dadi wadag iki, dene tumrap sato-kewan dadi endog, wekasan bisa netes dadi piyik, kutuk sapanunggalane.

Yen mangkono, si wadag iki sanajan kasar-kasara, iya asal saka cahya.

Sampurnane apa bisa dadi cahya maneh ? Wallahu alam !!!!

7. “KI URUP” nguripi buntele (wadag) kalawan nganggo pawakan gaweyane dewe, yaiku Badan Rabani (Latif) kang asale saka dat-Jasmani-alus (Swasana) mau. Dene wujude si wadag miturut wujude si Badan Rabani (latif).

Mungguh tumrap ing wadag iki telenging daya Urip iku dumunung ing : mbun-mbunan – Pasu (saantarane mripat loro) led-ledan-Jantung-Ati-Puser lan ing Sulbi (silit kodok).

8. Ing saiki Uripe-wadag iki saka telung prakara.

a.  saka “KI URIP” (Prana) kang nganggo pawakan Latif.

b.  saka Napas, minangka dadi tataining-urip lan kanggo ngresiki getih.

c.  saka Panganan sarta omben-omben kanggo nguwatake awak lan kanggo nglironi dat-dat kang ilang utawa kalong ing sadina-dina marga saka ngising, nguyuh, kringeten, lan sapanunggalane.

9. Bapa lan Biyung wis pada kanggonan :

Sapisan …… “KI URIP”.

Kapindo …… Sari 4 prakara kang kasebut ing duwur.

Mulane, kala sacumbana bisa nganakake “KI URIP” karo Buntelane pisan, yaiku calon bayi.

Sari 4 warna kang saka Bapa dadi : kulit-otot-balung-utek.

Sari 4 warna kang saka Biyung dadi : daging-getih-sungsum-jeroan.

Mangkono keterangan sawatara bab dumadining Badan Wadah iki lan Uripe, sarta Badan latif. Lan uga dumadine Kewan warna-warna.
        
                  VI. PRAPRINCENING ANGEN-ANGEN.

Mungguh badan angen-angen iku ringkese kadadeyan saka : 1. Badan Kewani = Badan Penpinginan = Badan Nafsu = Badan Astraal.

NAFSU iku ana 4 warna :

a.    Aluamah; nuwuhaken anggranyah seneng turu.

b.    Amarah; nuwuhake brangasan, drengki, ewan, panasten, meri, lsp.

c.    Supiyah; nuwuhake seneng kaplesiran, nyenyawang kang sarwa asri ngrungokake swara kang kapenak, lsp.

d.    Mutmainah; nuwuhake……

………..hal 7 s.d 8 hilang…………

Yen pirantine tetelu mau wis mati, mangka celengane durung cukup, iya kapeksa nggawe bekakas anyar maneh ……….. dadi bayi maneh. Mangkono sakbanjure, kongsi Kawruh lan Kasuciane cukup kanggo munggah marang Alam-alam kang luwih alus.

Bekakas telung warna iku uga diarani TRI-GUNA, kang pada nduweni karep lan watak dewe-dewe kaya kang wis kacaritakake ing nduwur. Dene watake Badan Cipto luhur iku kudu siji, mulane karepe iya mung mligi tumuju marang Kasucuian (gembleng), sarta marang panggawe becik kalawan sepi ing pamrih.

Sarehning TRI-GUNA kang akeh-akeh iku karepe mung tumuju marang kadonyan, dadi kang diudi iya mung Kawruh lahir ana ing sajroning triloka, dene Ciptane Luhur kang karepe ngupaya Kawruh batin, kasucian kalawan rasa jati tansah kasoran bebasane : Manungsa Sejati tansah kalah karo tunggangan sagedonge, mulane iya bola-bali tuMoerun bae.

Dadi kang diarani Badan angen-angen iku :

1.    Badan Kewani;

2.    Badan Rochani;

3.    Badan Ilafi (Badan Cipta Luhur) kabantu dening pancaindriya.

 VII. BADAN-BADAN LAN ALAM-ALAM.

Mungguh Badan kasar alus iku trape samad-sinamadan, limput-linimputan, tegese : kang kasar dumunung ing sajrone kang alus nanging kang alus uga dumunung ing sajrone kang kasar, kaya upama kapuk karemdem ing banyu.

Mangkono uga alam kasar alus, trape aja kokira sap-sapan sangsaya menduwur sangsaya alus-alus. Sarehne limput-linimputan, dadi kang diarani Alam Akhir iku uga ana ing kene bae ….. aja kosengguh yen dumunung ing langit kang katon biru kana.

Badan Jasmani (Wadag) iku kadadeyan saka Dat-ing Alam Jasmani. Badan Kewani kadadeyan saka Dat-ing Alam Kewani. Mangkono uga Badan-badan alus liyane pada kadadekake saka Dat-ing Alame dewe-dewe. ###

Sarehne manungsa pirantine luwih alus sarta luwih sampurna tinimbang liyane, dadi kamajuwaning Jiwane uga luwih rikat. Apa dene Cipta lan Rasa kamanungsane iku nuwuhake pangerti (kawruh) tata cara, tata krama (ontwikkeling en beschaving).

Manungsa Sejati iku ana kang nom lan ana kang wis tuwa unda-usuk, jalaran celengane beda-beda.

Sarehne nom tuwane beda-beda, dadi kakuwataning kamajuwane iya ora pada, mulane : Drajating Kamanungsane, range-iya beda-beda : Bangsa Eropa lan Amirika iku kawilang rang kang luhur, dene Bangsa Papuwa, Dayak lsp., kawilang asor, dadi ana unda usuk warna-warna.

Para Nabi, Wali, Aulia iku pawakane iya ora beda karo wong kang akeh-akeh, nanging Drajating Kamanungsane, budine, jiwane wis luhur …… Manungsa Sejatine wis tuwa, ora mikir marang duwit, ora ngarep-arep narik lotre, nanging ngetohake banda, sarira lan jiwa kanggo nenuntun marang para kang isih bodo lan kapetengan ing budi. ###

Mungguh kang isih asor banget iku dumunung ing pepelikan (delstoffen = Roh Ma’dani). Yen wis sampurna ana ing kono mbanjur ngalih dadi tetuwuhan kang asor-asor (bangsane lumut-lumut), sakbanjure sangsaya lawas mundak-mundak klas, kongsi dadi wit-witan kang gede-gede : wringin, Jati, pelem lsp. Sawise sampurna ing witwitan, munggah rang maneh dadi kewan kang asor-asor (bangsane bacil, uget-uget) lsp.) sangsaya lawas sangsaya sampurna, kongsi dadi bangsane kewan kang nusoni (kebo, sapi, jaran, lsp.).

Yen sampurna ing kono, lagi wiwit dadi Manungsa kang isih nom banget. Manungsa Sejatine kang uripe …… wateke isih prasasat kewan bae. Manungsa kang isih kaya mangkono mau pirantine (bekakase) kang wis rada santosa ligi ana 3 prakara :

1.    Badan Jasmani-ne (wadag) ….. gedongan.

2.    Badan Pikira-ne.

3.    Badan Kewani-ne.

Nomer 1 lan 2 = Angen-angen-ne asor …… jaran.

Ing ngarep wis kacritakake yen siji-sijine Badan iku pada nduweni watek lan karep dewe-dewe kang pada gegayutan, yaiku :

a.Badan Jasmani; wateke kesed, doyanan, sungkanan, dadi kesenengane mung kudu mangan turu bae. Nanging watek utawa karep mangkono mau bisa sirna dening pameksaning angen-angen; tandane : sanajan sayaha, aripa, aras-arasen di kaya ngapa, yen atine karep iya mesti tumindak, mabnjur ora krasa sayah lan arip maneh. Kayata : karem main …… ora duwe duwit ditantang main, nanging diutangi pawitan ….. iku yen mung mandak lara sawatara bae, iya malah dadi tamba, sanalika mbanjur waras.

Badan Rabani (Latif) iku sarehne dadi pawakane Ki Urip, dadi iya nglantarake daya urip (prana) marang Badan Wadag iki lan uga dadi panyambunge Badan Kewani karo Wadag, nglantarake getering angen-angen (Kewani lan Rochani) marang Wadag iki.

Pancaindriya iku bekakase angen-angen kanggo magepokan karo kang kasar iki klawan piranti mata, kuping, irung, kulit lan ilat. ###

Mungguh wangune Badan Wadag iki wis kawruhan kaya mangkene, an dununge ana ing Alam Wadag, yaiku Alam Jasmani utawa ing donya.

Yen Badan Wadag iki wis mati, Manungsa Sejati banjur ngrasuk Badan Kewani, dumunung ing Alam kono :

b.Badan Kewani (Badan Pepinginan – Badan Nafsu – Badan Rasane Ati – Badan Astraal) iku wateke : aleman, panas-baran, angkara-Moerka, kuminter – karepe mung golek kasenengan ing Donya. Sajrone rumangsa kebeneran, ketekan kekarepane ……. Senenge kepati, ora eling yen kabungahane mau bisa tumuli sirna ….. temahan ngenes.

Wangune Badan Kewani iku kaya endog. Tumrap wong kang isih bodo, bunder lonjong, nanging perangan ing nduwur merit (luwih cilik) kosok bali karo wong kang wis akeh kesucian lan pangerttine. (Kira-kira kaya gambar ing ngisor iki).

Ing Badan Kewani-ne siji-sijining wong ana wawangunan kaya wadage. Mulane manungsa kang nganggo Badan Kewani (ninggal wadage), iya bisa weruh marang sapari polahing wong kang isih pada ana ing Donya iki kalawan ndeleng Badan Kewanine. Amarga saka iku wong kang banget susah, getun, ngenes jalaran kepaten, iku gawe sengsara banget marang kang wis mati (kang digetuni) kaya upama arep mbanjurake laku kapeksa mandeg-mayong.

Badan Kewani iku mawa cahya manca warna, kang nelakake wewatekane. Amarga saka iku, wong kang waskita bisa suMoerup marang wewatekaning wong liya sarana ndeleng Badan Kewanine wong mau.

Wong manggon ing Alam Kewani bisa ngliwati Wadage wong-wong iki kalawan ora krasa kedangan, ora nyenggol apa-apa. Mangkono uga kang manggon ing Alam luwih kasar.

Samubarang kang dumunung ing Alam Kewani iku pada mawa nyawa. Uripe luwih santosa tinimbang karo kang ana ing Alam Jasmani iki.

Bangsa pepelikan (delstoffen Ma’dani) iku ora nduweni Badan Kewani, mulane katone saka ing Alam Kewani mung kaya wewanyangan bae, mangkono uga Wadag kita iki. Ana ing Alam kono isih katara bedane Lanang lan Wadon.

Alam Kewani (arwah) perangan kang asor dewe iku Dat-e kasar banget. Mulane wong mati kang dumunung ing kono mau tansah nandang susah ngendeng, ora krasa satitik-titika, panggonan mau kena diarani Naraka. Mungguh kang dumunung ing kono iku mung wong kang kakehan dosa gede, anane ing kono nglakoni paukuman saka panggawe dewe-dewe dene lawase nandang sangsara mau timbang karo gedening dosane, nuli mbanjurake laku marang perangan utawa Alam kang luwih alus lan nyenegake. Dene tumrap wong kang ora kebangetan alane, perangane kang asor mau kaya mung kliwatan bae.

Wong mati iku ninggal Wadage mbanjur ngrasuk Badan Kewani-ne klawan dadakan. Yen nalika uripe ….. durung kulina ngrasuk Kewanine, anane ing Alam Arwah kono kaya wong turu bae, sadela ngimpi ala, krasa ruwed-renteng, sadela ngimpi becik, krasa seneng ….. dadi pangrasa, kaya kalane isih urip ana ing  Donya (bungah-susah). Nanging sarehning geter (trillingen) Alam kono iku rikat banget, dadi sakabehing rasa bungah –susah, was-kwatir, tumanjane mandes banget. Yen mangkono, wiwit saiki apa ora perlu banget sinau nganggo Badan Kewani-semadi (ngraga sukma), iktiyar supaya ing tembe yen wis mati ora gampang bingung yen kesasar …… sarta sinau mbengkas rasa susah, sumelang, was, lsp, saka satitik, dadi wosse : sinau tatag-tabah sabar-tawekal, Moerih ing mbesuk anane ing Alam Arwah aja kongsi kaya wong turu kang tansah ngimpi ala bae, balik dumununge ing kono bisaa klawan eling (met bewustzijn).

Wong semedi kang sakbanjure bisa ngraga sukma iku ora mati, jalaran isih ditunggoni dening KI URIP, iya iku isih bisa nama DAYA URIP (Prana) kang sumambung ing Badan Kewani lantaran tali-sutra (sorot-sorot alus mawa daya lan ora kasat mata).

Panca-driya-batin iku alus lan landep, mulane, sajrone ngraga-sukma : pandeleng, pangrungu, pangrasa iya luwih lepas, sarta nindakake sabarang prakara bisa klawan enteng lan gampang.

 

N.B : Mungguh arane Alam-Alam, Roh-Roh, Badan-Badan iku ing Kitab siji lan sijine sok ora pada. Moerih ora bingung, ngapek (nurut) salah siji bae disik. Elinga : kang perlu dudu aran, nanging pangerti.

 

            VIII. KATERANGAN CEKAK.








Tidak ada komentar:

Posting Komentar