Selasa, 29 September 2015

KITAB PAMBUKANING NALAR II


            VIII KATERANGAN CEKAK

I. Allah (gembleng utawa Moerih ringkese, ing kene diarani “IKI” bae) ….. iku kang ana satemen-temene, mulane diarani sejati = sanjata. Anante wiwit biyen (tanpa wiwitan) ….. kongsi saiki ….. tekan mbesuk (tanpa wekasan), mulane diarani langgeng.

II.         Saliyane IKI, iku mung kaanan, anane mung gorohan-owah gingsir bisa rusak …… utawa kena diarani mung wewayangan ……. Utawa, satemene ora ana, ……. Mulane diarane “Barang Anyar’.

III.        Mungguh barang anyar iku, wiwit kang alus banget, tekan kang kasar banget, iku tuwuhe, dumadine iya saka IKI dewe, ora njupuk bakal saka ngendi-endi. Nanging sanajan mangkono , si IKI ora kalong.

IV.       Sabarang kang ana iku asale saka ana. Sabarang kang ora ana iku asale iya saka ora ana.

Kayata :

a.     Wong ngilo, wewayangane katong ing sajroning kaca. Bareng wong mau nyingkir siwewanyangan mbanjur ilang. Yen mangkono, wewayangan iku satemene ora ana, dene kang ana mung kang ngilo.

b.     Ombak utawa alun iki mendak-mendukul. Yen wis ora ana ombak utawa alun, si pandukul mbanjur ilang. Yen mangkono, pandukuling ombak iku satemene ora-ana, dene kang ana mung banyu.

c.      Karet (elastis) sacuwil, diumpamakake bisa modot dewe ….. utawa diodot :

Modot 1 c.M. ing watesing modote diwenehi aran A.

Modot 2 c.M. ing watesing modote diwenehi aran B.

Modot 3 c.M. ing watesing modote diwenehi aran C.

Bareng karet mau mangkeret maneh, wiwitane si C ilang, nuli si B sakbanjure si A uga ilang pisan. Yen mangkono, satemene kang aran A, B lan C, iku ora ana, dene sing ana mung karet.

 

Mankono sapanunggalane, nanging kabeh upama iku ora presis, adoh banget karo sanyatane.

 

V.        Gembleng = iki iku pokoking : kang.

 

a.    Urip …… nguripi …… sarta ngrusak marang barang anyar. (Tembung mateni utawa ngrusak ing kene ora teges ambek-siya-wreed ….. mulane cocogna karo surasane sub II ing nduwur). Ing tembung manca diarani 1º Leven = 1º Logos (Pangandika-Pangerti). Hindu ngarani Siwa.

Ngatur …… ngreksa ……. Mengku barang anyar. 2º Leven = 2º Logos = Wisnu.Nitahake, yaiku nganakake, sumorot, mletik …… ngejawantah dadi barang anyar. 3º Leven = 3º Logos = Brahma.

VI.   1. Kabeh sifat (kayata : Sifat 20) wis klebu ing a, b, c. 2. Iya a, b, c = IKI kang nitahake (sumorot), mletik, ngejawantah, ngaton dadi Alam panggonan kaanan ….. wiwit kang alus banget tekankang kasar banget iki saisine kabeh ( sub II ing ngarep), kang lumrahe diarani langit lan bumi sap pitu.

VII.  Manungsa Sejati. Pribadi kita = ik-held iku manggon ing Alam. Yen mangkono Manungsa Sejati iku iya sor-sorane (titahe) a, b, c IKI mau (mriksani sub VI 3), nanging becike diarani ngejawantahe, utawa ….. a, b, c, IKI mancungul dadi barang anyar (yaiku Manungsa Sejati).

VIII.   Soroting IKI wis dadi barang anyar, yaiku Manungsa Sejati ing tata lahir sangsaya asor. Saiki Moerih gampange :

a, b, c (IKI) iku diarani Pribadi (aku) ……… gede.

Manungsa Sejati iki diarani Pribadi (aku) ….. cilik lan akeh. Dadi ana aku warna loro …. Nanging mungguh satemene, kapriye???

IX.       Sakbanjure si Manungsa Sejati duwe tunggangan aran Angen-angen kang nganggo gedongan (kandang) aran wadag.

Mungguh Angen-angen lan Wadag iku pada nduweni Urip, Karep lan Watek dewe-dewe, kang racake mung tumuju marang kasenengan ing Donya.

Dadi ing saiki Manungsa Sejati bebasan kena diarani klebu ing luweng gaweyane dewe, nurut sakarep-karepe klawan gegayutan lan karepe si Jaran sagedongane pisan, kang lumrahe mung mligi marang Kedonyan kongsi lali utawa pancen ora krasa (onbewust) marang …… asal-asale …. Malah nduweni pangira, yen kang aran Manungsa Sejati iya si wadag iki.

X.        Manungsa Sejati uripe ing wektu iki : wis nggawa Celengan maune, kawuwuhan oleh-olehane panggawe kang katindakake sarana bekakas Pikiran lan Nafsu (jaran) sarta piranti Wadag (gedongan). Kang mangkono gawe ramening siji-sijine pawakan (individu) lan ramening Jagad (Algemeen).

…………..hal 19 s.d 20 hilang…………

 

XV. Katresnan iku uga dadi daya katut dadi Celengan mangkono uga rasa sengit.

Katresnane Wong tuwa marang anak putu iku lumrahe ngungkuli raja brana, awak lan marang nyawane pisan, jalaran saka daya katresnan kang klebu ing Celengan mau, kowe dewe ing tembe bisa uga dadi putune-anakmu. Lan kena uga, kang saiki dadi anakmu iku mbahmu biyen.

Yen nitik katerangan-katerangan kang wis kasebut ing nduwur iku kabeh, patute :

Kita iki kena diarani dadi-dadi-dewe …… ora dinadekake utawa ginawa dening sapa-sapa. Mung bae, yen arep milih marang turun, yen kuwat, sabisa-bisa iya kudu ikhtiyar, kayat :

1º.  Moerih oleh gedongan kang santosa.

a.   Yen duwe lelara kudu kawarasake disik;

b.   Lanang wadon kudu wis pada diwasa (volwaseen;

c.   Aja kekerepen sahwat, lan kudu milih bengi sawise jam 12, supaya laras karo kahanane hawa, lsp.

2º.  Moerih oleh jaran kang becik (tutuk);

a.  Sahwat yen pada pinuju lajare-tata-tentrem (ora pinuju nepsu-susah, enz).

b.  Semadi saolehe-olehe (bisa meneng sakedepan bae wis bagus, apa maneh yen bisa pirang0pirang pandurat).

3º.  Moerih bisa narik wiji kang laras karo karepe, yaiku kang banget dikepingini, kayata : ing batin kepengin duwe anak lanang kang ing tembe dadi wong sing sugih, luhur, mulya, lsp., iya kudu nuwun (nggawe daya) kalawan banter tirakate (tapane), lsp.

 

Nanging suMoerupa :

Kabeh mau kalah karo …… kaselak arep !!!!!

 

IX. BAB DAYANING ANGEN-ANGEN.

Awak wadag iki duwe daya kakuwatan kanggo angkat junjung. Yen dikulinakake kalawan olah raga, yaiku sport, gymnastiek lsp., kakuwatan lan kaprigelan bisa luwih-luwih.

Mangkono uga daya kakuwatan Angen-angen yen dilatih, apa maneh disambi tarak-brata (kurang mangan lan turu) sapanunggalane, bisa katon banget gedene, kongsi anggawokake tumrap pandeleng lan pangrungu.

Mungguh mandine ucap, japa, donga, iku ora saka mel utawa unen-unen, kajaba saka dayaning angen-angene kang nindakake. (Sarehne gampang, tanda yektine  golek-a dewe !!!!).

Nandukake dayaning Angen-angen iku lumrahe kalawan lantaran : japa, donga utawa unen-unen liyane. Ing ngisor iki ana conto sawatara, yen arep suMoerup kanggone, takona marang wong kang kulina nindakake prakara iku. Ing kene mung nerangake, yen angen-angen iku nduweni daya gede lan alus …. Dene kang nganggit iki babar pisan ora nduweni daya kang kaya mangkono mau, kajaba kakuwataning awak lan pikiran kanggo golek buruhan ing sadina-dina. Mulane, prakara iki aja kasengguh sawijining Reclame. SuMoerupa ….. gelar iku kalah karo nyata. Upama kang nganggit iki omong : “Aku kuwat ngangkat barang bobot rong dacin (125 Kg)” iku genah yen umuk, jalaran, nyatane ngangkat 25 Kg bae wis rekasa ….. awake kuru banget lan wis tuwa. ###

1.     Atine Surat Yasin.

“SALAMUN QUALAM MIR ROBBIR RACHIEM”

 

2.     Surat Yasin ayat 9.

“WA JA’ALNAL MIN BAINA AIDIHIM SADDAU WA MIN CHALFIHIM SADAA FA AGSAINAHUM LAYUBSIRUN”

 

3.     Atine Surat An’an.

“LATUT RIKUHUL ABSARY WAHUWA YUDIKUL AGSARA WAHUWAL LATIFUL KABIER”

 

4.     Atine Surat Yusuf.

“WA IDQALA YUSUFU LI ABIHI YA ABATI INNI RA AITU ACHADA ASARA KAUKABAU WASSAMA WAL QAMARA RAAITUHUM LI SAJIDIEN”

 

5.     Donga Yusuf.

“ALLAHUMMA BIHAQQI YUSUFA, WA BIHAQQI DAWUDA WA MUSA, WA BIHAQQI SULAIMANA, MALADAL DINNA WAL INSI WA SAJATINA, WABIHI ISA WA MUSA ALAIHI, MASALA FI BIRACHMATIKA YA ARCHARMAR RACHIIEMIEN”.

 

6.     Atine Surat Alchadied.

WA ANJALNAL CHADIDA FIHI BA’SUN SADIDUN WA MANA FI’UN JINNASI WALYA’LAMALLAHU MAN YANSURUHU WA RUSULLAHU BIL GAIBI INNALLAHA KAUWIYUN AZIES”.

 

7.     Surat Al-qadar.

INNAA ANZALNAAHU FII LAYLATI ALQADRI,WAMAA ADRAAKA MAA LAYLATU ALQADRI,LAYLATU ALQADRI KHAYRUN MIN ALFI SYAHRIN, TANAZZALU ALMALAA-IKATU WAALRRUUHU FIIHAA BI-IDZNI RABBIHIM MIN KULLI AMRIN, TANAZZALU ALMALAA-IKATU WAALRRUUHU FIIHAA BI-IDZNI RABBIHIM MIN KULLI AMRIN, SALAAMUN HIYA HATTAA MATHLA’I ALFAJRI.

 

Saweneh kitab nerangake, gunane Surat Qadar iki mengkene ; yen diwaca :

Kaping 10 rina utawa wengi …… ginanjar slamet.

Kaping 30 saben dina ….. utange bakal disauri dening Gusti Allah. (iki perlu banget.

Kaping 14 arep mangkat lelungan …… nemu slamet.

Kaping 30 malem Senen …… bakal munggah Swarga.

Kaping 10 malem Selasa …… ora bakal nandang siksa kubur.

Kaping 14 malem Rebo ……. Ing akhirat gandane wangi.

Kaping 10 di malem Kemis …… lanang wadon pada macane, nuli kumpul turu ….. insya Allah bakal tumuli duwe anak.

N.B. Ikhtiyar cara desa, yen kepengi duwe anak, lanang wadon kudu kerep mangan (kapara kaduk) jangan gudeg bonggoling wit gedang klutuk kang wayah jemegar (duwure watara 2 M). ###

Kajaba nganggo tembung Arab, kanggo lantaran nindakake dayaning angen-angen iku kena uga nganggo unen-unen cara Jawa. Mlayu, Madura lan sapanunggalane, miturut tembunge kang ngecakake dewe-dewe.

Kadigdayan = kanuragan – sihir – guna-guna – tenung – santet, lsp. Hypnatisme – sombanbule – magnetisme – spiritisme, lsp. …… iku ora liya mung ngempakake dayaning angen-angen.

Yen mangkono dayaning angen-angen iku kena katindakake tumuju marang Kautaman lan uga kena marang Kanistan (Witte e Zwarte Magie) ….. sarta kena kanggo pameran (kaplesiran) – pangeram-eram, lsp.

Ing nduwur wis kacaritakake, yen Badan Rochani lan Badan Kewani iku Badan Angen-angen :

1.     Yen wong pinuju memikir utawa nggagas apa-apa kayata : panggonan, omah, lsp. ….. barang kang pinikir  mau mbanjur kegambar, cumitak kaprenah ing sangareping mripate kang nggaga.

 

Mungguh Gambar mau kadadeyan saka date Alam Rochani, Sangsaya banter pamikire, gambar mau sangsaya kuwat, santosa. Dene yen wus leren panggagase, si gambar tumuli ambyar-ilang.

 

2.     Yen kowe pinuju mikir-ngeling-eling, ngagas sawijining wong, upama si M. ….. gambare si M mau iya mbanjur kadadeyan (wujud).

 

Yen nalika si M isih sajrone mikir apa-apa, sarta panggagase mau banget, gambar bungkusan saka kowe iku leren disik ana ing sacedake si M……

 

Yen pamikire si M ….. wis senggang, ora talompe maneh ing kono nganakake geter (triling) kang bisa nular marang si M …. Kongsi nduweni rasa sengit utawa asih kaya rasamu mau.

 

Sangsaya  banter pamikirmu, krasane si M uga saya banget. Nanging yen panggagasmu mung kambang-kambang si M iya angler bae, ora krasa apa-apa, jalaran getere si gambar ora kawasa ngobahake Angen-angen si M.

 

3.     Luwih-luwih kuwate, yen karone kapinujon pada mikir kang tunggal laras, tegese : pada krasane sengit utawa tresna.

 

4.     Yen pamikirmu banter banget, ciptamu manteng, wujude si M bisa katon gumawang ing pandelenganmu …. batin …. lan yen nalika iku kowe nyipta supaya si M teka ing omahmu, iya klakon teka temenan. (Mangkane iki kena kanggo Wittel lan Zwarte Magie).

 

5.     Dene upama kowe tresna marang M …… nanging deweke sengit marang kowe, kakuwataning loro-lorone pada aber, amarga arebut daya, temahan endi kang banter, yaiku kang menang.

 

6.     Bocah cilik iku gagasane – pikirane – durung pencar, mulane gampang banget bisane krasa, yen pinuju klebon gambar bungkusan.

 

Kayata : Yen kowe pinuju pisah karo anakmu, mangka tansah angen-angen marang bocah mau, si bocah mau mbanjur tansah nangis nggoleki kowe, yen wus bisa ngomong iya pijer takon marang bapake bae.

 

7.     Upama kowe sengit banget, cumeri-ceri marang sawijining wong, kongsi mentala nindakake pitenah, ora ngelingi yen awakmu dewe uga akeh alane ….. mangka yen gambar-bungkusan gaweyanemu ora bisa klebu ing wong mau ….. temahan mbalik marang awakmu dewe, kaya dene mbalangake bal marang tembok. Yen ora mangkono, gambar iku mesat manjing kewan utawa marang wit-witan ….. ung tembe kowe bisa kacilakan lantaran kewan utawa wit-witan mau, dene abot-entenge kasangsaran, timbang karo gede-ciliking pialamu.

 

Gambar-bungkusan iku luwih santosa, luwih mandi, yen panggawene klawan ngengurangi mangan lan turu (tirakat). ###

Kajaba kang kasebut iku kabeh, dayane Angen-angen iku kena katularake marang barang kasar, kayata : Awak – wesi – kayu – watu, lsp (kayata) jimat-jimat, lsp).

Keris – mandi, barang – mandi, lsp, iku jalaran katularan dening dayaning Angen-angen kang nggawe utawa kang nduweni maune.

Kang diarani Sanjata Cakra iku wujude kapeta bunder, mangkono mau pralambange wungkule Angen-angen bisa nduweni daya gaib, mandi, kena diarani ces-pleng. ###

Ing Donya iki isi manungsa, kang ing sadina-dina ora sepi dening gagasan ala becik. Siji-sijine gagasan mbanjur nganakake gambar kang kadadeyan saka Date Alam Rohani, ana kang santosa lan ana kang tumuli ambyar, gumantung marang bantering penggagase. Marga saka iku ing awang-awang iki kebak isi gambar warna-warna, ala becik, kang kita liwati ing sadalan-dalan.

Gambar-gambar mau uga ana kang bisa klebu tumular marang Angen-angen kita, temahan kita dumadakan kaya nemu gagasan anyar kang ora kinira maune.

Sarehne tetela yen Angen-angen iku gampang kelebon utawa katularan dening getering liyan, apa maneh gagasan ala kang kalahirake klawan tembung utawa tulisan (beinvloed), mulane wong tuwa-tuwa sok mituturi marang anak putune, supaya tansah kekumpulan utawa nyedaki wong kang kawilang becik, anyingkrihana wong ala adat-kelakuan.

Nanging wong kang wus kapara saantosa Angen-angen-ne (nduweni wilskracht), ora gampang kotat-katut utawa ela-elu marang getering liyan kang ora laras panemune dewe. Wong kang mangkono iku wis sawatara nduweni adil ing batine, wus tipis pamaido utawa panacade marang liyan, mulane ora nampik milih gelem kekumpulan karo sok-wonga.

Ora ana tanpa cacad – ora ana cacad tanpa jimat. Sakbecik-becikane manungsa, iya meksa ana bae cacade …… sak-ala-alane manungsa, iya uga ana beciki. Nanging, cacade dewe ora-dilakoni, marga saka tresnane marang awake-dewe. Dene cacading liyan sanajan satemene dudu sawijining cacad di-onar-onarake, kanggo nutupi cacade dewe mau.


X. TANDA KANG TUWUH SAKA DAYANING ANGEN-ANGEN.

1.     Yen padoning mripat kapetel, katon ana cahya Bunder, tengah biru, pinggir kuning, yaiku kandil.

 

Yen kuninge padang gumebyar, iku tanda yen jaya …… dene yen surem (mbleret), tanda yen apes. Dene yen wis ilang babar pisan, tandA yen wis nyedaki patine.

 

Kandil iku pramananing netra, diarani wadahing Angen-angen mulane padang petenge iya gumantung marang bening buteking si Angen-angen.

 

2.     Irung iku ana bolongane loro. Bolongan mau ana ing jero dadi siji, ngakake godagan (ruimte) ing sajroning irung.

 

Ing sa-duwure (sa-mburine) cekak (gehemelte) ana bolongan cilik siji, kanggo dalan mlebu-wetuning napas liwat cangkem, gurung, tekan ing batuk, (paru-logen) kiwa tengen.

 

Napas kang metu saka bolongane irung kiwa tengen bantere utawa kandele ora pada. Bisane nimbang endi kang banter, sakiwa tengening bolongan dipetel genten-genten karo ngetokake-napas.

 

Yen banter kiwa, tanda yen perangan kiwa kang jaya. Mangkono uga kosok baline.

 

Yen kataman apa-apa mangka perlu nangkis, perangan kang jaya mau ko-ejokake disik.

 

Yen arep lelungan, metu saka lawan, siki ing perangan kang jaya jumangkah luwih disik, supaya nemu slamet. ###

 

3.     a. Kendangan ing kuping iku yen katrajang getering hawa (swara) saka ing njaba mbanjur keder, swara kalantarake dening saraf-saraf marang Utek, sakbanjure kalantarake dening Pancadriya marang Angen-angen.

 

Kendangan mau bisa keder uga marga kataman geter saka ing njero (Angen-angen) kang uga marga kalantarake dening saraf-saraf. Kayata : yen arep nglahirake gagasan apa bae kang kinira wadi, nanging ora ngandut was kwatir.

 

b.   Kajaba saka iki, kala-kala kendangan mau bisa keder kalawan tanpa sebab (ora kawruhan sebabe), terkadang mung …… deg-deg-deg ing sawatara mangsa lan arang-arang. Terkadang ….. gledeg-gledeg, upama katona, kaya obahing dolanane bocah ….. plog-plieg.

 

c.   Kala mangsa kedere kongsi banget …… herrrr sawatara dawa.

 

Sarehne wahanane telak kang mangkono mau tumrap siji-sijining wong kena  uga beda-beda, dadi yen gelem, kang tumrap ing awak-mu iya titenana-dewe, ing sajroning telung dina kadadeyan kapriyen :

a.    Keder arang-arang ……. deg-deg-deg-deg ing kuping kiwa tengen.

b.    Keder gledeg-gledeg-gledeg ….. kiwa utawa tengen.

c.    Keder herrrrr ….. terkadang ambal-ambalan kiwa tengen.

 

                                           

 

4.     Cekak (gehemelte) iku yen di-grayangi nganggo ilat krasa keri ( ujare Jai, yen nindakake patrap kaya mangkono iku “ngabekti Rasa”).

 

Anuju sawijining mangsa, yen kerine banget, iku pratanda yen jaya. Yen mung manda-manda, tanda yen apes. Yen babar pisan wis ora krasa keri, tanda yen wis nyepaki marang patine (kurang pitung sina ?). ###

 

5.     Rasaning ati kang klawan tanpa sebab, terkadang lejar-seneng-lerem, kala-mangsa sumpeg, kudu Moering-Moering, dat-datan, nratab, was-was, lsp. Rasa kaya mangkono iku kabeh angger wong iya ngalami, mung bae bedane ana kang merduli, ana kang ora ….. ana kang landep, ana kang ketul.

Dene apa wahanane, uga titenana dewe, jalaran bisane dadi waskita iku iya neniteni saka satitik. Dene yen wus pinter, wis ngerti dening telak apa-apa. Padane mangkene : bocah sinau nulis, wiwitane lagi panyekele grip wis kaku (kau kidung). Durung nurun marang wangune aksara, lagia niru nggawe corek-corek bae tepake wis bengkang-bengkong tur katara yen tumindake klawan gumeter, lsp. Nanging sawise pinter, nuli karo merem bae, wis kena diwaca. ####

 

6.     Kedut iku ora kena digawe utawa di-ndegake. Mungguh wahanane, tumrap awak-mu uga titenana dewe, nanging aja miturut apa kang kacarita ing buku bab kedut, perlune, kowe mung bakal nyuMoerupi sabarang kang tumrap ing awakmu dewe, dadi ora tumrap ing umum.

7.     Impen (ngimpi), idem tumrap kaya kedut. (mung bae elinga, ngimpi marga saka kakehan turu utawa saka impen-impenen …… mentas main, ngimpi ngobong kong Kenci …. Iku beda banget karo ngimpi sajrone lerem).

 

8.     Wewayangan-mu ing gedeg (tembok) iku katon terang yen ireng (yen lampune padang, luwih terang maneh).

 

Coba ngadega cedak ing tembok …… wewayangan-mu pandengen sawatara suwe karo rada ngeningake Angen-angen. Kowe mbanjur nyingkriha karo isih mandeng marang penering wewayangan-mu. Ing kono, wewayangan-mu saiki wis malih katone putih. (Yen njajal lagi sapisan-pindo, kena uga durung bisa katon (weruh), mulane iya kudu tlaten).

 

Esuk watara wayah jam 9, utawa sore jam 3, ngadega jejeg ana ing papan lempar (sawah, ara-ara utawa ing alun-alun) madep mangetan utawa mangulon, wewayangan-mu pandengen karo rada ngleremake Angen-angen wiwit jempol sikil sangsaya manduwur urut lon-lonan kongsi tekan sirah …….. pandelengmu banjurna bae ngenceng manduwur tekan langit, wewayangan-mu bisa katon ing awang-awang, njejer, duwure sundul langit ……. Warnane putih.

 

Wewayangan putih kang ana ing gedeg (tembok) utawa awang-awang mau :

a.    Yen katon genep, iku tanda yen kowe jaya.

b.   Yen anggotane ana kang kurang, kayata sirah, tangan utawa sikil ana kang kurang, iku tanda yen kowe apes. (Moerih terange nalika nindakake mengkono mau tangan kadaplangake kalawan teken kang kaalangake ing geger ….. utawa tangane malang-kerik utawa malang-kadak).

 

Cara Yai, arep nyuMoerupi wewayangan-putih iku nganggo sarana donga (japa). Nanging cara piwulang iki, kang minangka japa utawa donga iku mung apa kajae (kaucapake ing batin).

 

Yai-yai iya isih akeh kang mulangake mligi prakara tanda wewayangan iki bae …… luwih-luwih dek jaman kuna sajrone dahuru, akeh peperangan.

 

9.     Wujud putih (wujude dewe) bisa katon yen kacipta sajrone ngeningake. Iki cara Yai uga kalawan unen-unen : dene yen bisa katon, apa kajate kang Moerwat, bisa kasembadan

 

10.  Wayah esuk utawa sore (soroting Srengenge ora gawe ulap banget-banget, dadi wong kuwat mandeng), ngadega njejeg ana ing papan kang lempar, mandengan Srengenge karo rada ngleremake Angen-angen. Ora antara suwe ing Srengenge kono katon ana cahya putih nganteng, iku jare Yai kena kanggo tanda tumrap awakmu dewe.

a.    Yen cahya putih mau katon jejeg nrajang ing tengahing Srengenge, apa kajatmu kang saMoerwate, bakal kalakon (sinembadan).

b.    Yen katong doyong, tanda yen sedyamu ora bakal kabul. Mangkono iku cara Yai uga klawan ana japane.

Cara angka 10 iki oleh nindakake  luwih gampang tinimbang cara abgka 9 (wujud putih), yen mangkono, pakolehe iya mesti beda (gede cilik …… perlu lan ora pati perlu). ###

Mangkono sapanunggalane, sepuluh prakara iki wis cukup kanggo conto, gunane ….. upama ana wong liyane nduweni kawruh utawa nindakake kaya kang kasebut mau, para sedulur lan anak-putu aja maido, gumun utawa nggeguyu.

Dene tumrap kowe dewe, kabeh mau koanggep gugontuhon (bijgeloof) iya ora dadi apa. Kowe precaya iya sakarepmu dene kang nganggit iki panemu neuturaal, jalaran iku kabeh mung miturut ujare Yai. Moerih nyata iya apa ora, prayogane nyatakake dewe, aja gumampang mbanjur ngandel ….. utawa durung-durung wis nggeguyu utawa kawetu panacadmu.

Pracaya iku kena uga saka mangerti-ne, nanging kena uga saka geblege.

Mangkono uga : Ora pracaya, marga saka pintere, nanging kena uga saka kumintere, mbanjur gumampang ngucap kang klawan ora dumunung ing rasane (zonder grondige redenen), duwe kunde-kunde satitik bae wis nyuwara : “Ora ana Allah kajaba Ringgit”.

 

XI. NGGAWE LAN NGEMPAKAKE DAYA.

 

Mungguh nggawe lan ngempakake daya iku patrape warna-warna, miturut kulinane dewe-dewe. Ing kene nerangake sawatara, sawijining dalan (methode) kang katindakake lantaran : Napas, Ilat, Driji lan Mripat. Kanggo marang Kautaman – (Witte Magie).

Bab I

 

a.     Lebu-wetune napas digawe kang tamban (andeh), sajrone ambekan rambah-rambah, yen sakala lebune napas bisa lega (landung), ditarik kongsi notog banget ing kebuk (paru-longen) …… dipegeng kabarengan patrap-patrap kanya ing ngisor iki :

b.     Ilat katekuk manduwur, kapadalake ing cekak (gehemelte).

c.      Driji sepuluh pucuke katungkulake kabener barang kang didayani.

d.     Mripat mandang marang barang mau.

e.     Sajroning mangkono iku Angen-angen kawungkulake (geconcentreerd) nyipta apa kajate (iki gantine japa utawa donga).

Bab II

Yen wis ora kuwat ngampet napas, utawa mripat wis krasa pedes, napas kawetokake lon-lonan saka cangkem (mripat isih terus mandeng).

Ilat kapadalake mangarep klawan ngaget (uga isih kabekuk nalika iku ana banyu muncrat saka cekak, kapenerna marang barang kang di-dayani ….. ambal kaping telu.

Ing saiki, barang mau wis katularan daya.

N.B : Yen lagi sadela bae wis ora kuwat megeng napas, utawa mripat mbanjur krasa pedes, iku tanda yen dayane tipis (ora kuwat), mulane becik diblan-baleni.

Bab III

IKTIYAR NAMBANI WONG LARA

Kang ditulari daya :

1º. Banyu mateng kang resik, kaombekake marang kang lara satitik bae wis cukup, luwihe kena kanggo mbanyoni wedak utawa boboke.

2º. Jamu kang wis kacawisake mligi kanggo kang lara (ora preduli jamu saka sapa bae ….. nanging aja muwuhi utawa nguirangi apa-apa, cekake aja ngowahi jamu mau, kajaba mung andayani).

3º. Sediya banyu kaya No. 1º.

Dlancang (dluwang) sasuwek ditulis kaya conto iki :

Allah

Muhammad

Adam

Arane kang lara upama Sidin

Utawa nggawe wangunan bunderan bae kaya gambar sasisih iki, penceng iya kena kira-kira ing tengan diwenehi blenik (titik) (kaya cirkel lan middlepunt).

N.B : Mungguh wates garis iku gunane mung kanggo ancer-ancer panggonan kang dipandeng, yaiku kang didayani.

Lumahing dlancang sajroning wates iku didayani kang kasebut ing No. I lan II. Sawise iku kertas mau diobong kalinting nganggo gagang pen utawa sada ( supaya driji ora kaslomot ing geni), kacubles ing sisih duwur supaya gumantung.

Yen kertas mau wis meh entek kobong kabeh, genine di-damoni lon-lonan, ka-arah supaya arenge aja kabur. (Sadurunge ndamoni – sajrone kertas mau isih kobong – megeng napas nyipta apa kajate). Areng mau kacemplungake ing banyu kang wis kasediyakake iku (ora usah diudek lan arenge ora perlu kongsi ajur).

Sakbanjure, banyu iku di-dayani maneh, nuli kaombekake marang kang lara luwihane kene dienggo campuran bobok utawa wedake. (Arenge aja katut diombe, kabuwang bae).

N.B : Banyu the uga kena. Kabeh mau waton mateng lan resik.

Bab IV

KANGGO NYUWUK

 

a.     Saka ing mburi : Drijine tangan kiwa tengen katumpangake ing pundake kang disuwuk kiwa tengen. Uncrating banyu kapenerake ing sanduwuring gitok.

b.     Saka ing ngarep : kaya ing ngarep mau, nanging uncrating banyu kapenerake ing mbun-mbunan.

c.      Ngelu, linu, encok, lsp., epek-epek kiwa tengen kajejer karapetake kanggo nadahi uncrate banyu – kiwa tengen nuli kagebeg kongsi krasa panas, karo pisan mbanjur katemplekake ing perangan kang lara kepara suwe, karo megeng napas lan ngeningake cipta kajate.

d.     Tatu, (koreng, bengkoyok, lsp.). pucuking driji sepuluh pisan katungkulake ing sacedaking tatune, uncrating banyu katungkulake ing tatu iku. Dene tambane (zalf, bobok lsp) uga didayani. (Kang becik dewe, tamba saka Dokter, nanging uga didayani).

5º. Nggawe daya kaya bab 1. Sawise iku; uncrate banyu saka cekak aja kawetokake ….. perangan kang lara di-dilati ambal kaping telu.

Utawa

Supaya empaning daya mau nyarambahi, kang di-dilat dlamakan kiwa tengen kaping telu, lan uga karo megeng napas. (Samono mau yen tegel).

Pipih utawa kertas kang wis didayani, uga kena kakirimake marang liya panggonan, apa maneh banyu.

XII. DAT – SIFAT – ASMA – AFNGAL.

 1º Angger “Dat” iku ……… Datullah.

2º Angger “Sifat” iku ……… Sifatullah.

3º Angger “Asma” iku ……… Asmaullah.

4º Angger “Afngal” iku ……… Afngalullah.

Dat iku tegese wujud = ana, yaiku Gembleng. Sarehne ana, iya mesti nganakake kaanan, yaiku Alam-alus-kasar saisine kabeh. Dene kang kasar dewe di-arani Alam Jasmani, yaiku Donya iki. Kabeh mau dadi sifate Gembleng, kang nyatakake ana-ne, sarta mratandakake Afngale kodrat (kuwasa) lan iradate (karsane).

Dat iku langgeng, dene sifat iku owah gingsir. “Kullu saiin baliku illa wajahahu”. (Saben kaanan iku bakal sirna, mung Dating Pangeran kang langgeng).

“Waliilahi mafis samawati wama fil ardhli turja’ul uMoer”. (Samubarang isining langit lan isining bumi iku kabeh kagungane Allah. Dene samubarang prakara iku kabeh bakal di-impun-bali marang Allah).

Sanajan sifat iku owah gingsir, rusaka pisan, nanging mesti anane, jalaran Dat iku tetela yen ana, mangka saben ana Dat iya ana Sifat, ora bisa pisah.

Malaekat, Dewa, Jim Setan ….. Manungsa – Kewan – Tetuwuhan – Pepelikan (emas, inten, watu , lsp) ……… Srengenge – Rembulan – Lintang – Bumi iku kabeh sifate Gembleng.

Terange mangkene : Srengenge iku nduweni sifat bunder, panas, padang, lsp., nanging si Srengenge dewe uga dadi sifate.

Asma iku aran, jeneng. Sarehne ana, dadi iya perlu diwenehi aran miturut tembunge bangsa kang ngarani, kayata :

 

Jawa                   : Pangeran.                      Arab                           : Allah.

Belanda             : God.                                Cina                           : Thian.

Hindu                 : Brahman.                       Jerman                      : Gott.   

Prancis               : Dieu.                               Inggris                       : God, Lord.

Yunani               : Theos.                             lan sapanunggalane.

 

Tetela yen kang asma warna-warna iku satemene iya mung siji “IKI”, nanging ora mundut diarani sapa-sapa utawa apa-apa ….. ora butuh asma.

Iki kang satemene ana, nanging sarehne Gaib, manungsa kekurangan tembung kanggo nerangake ana-ne, sebab ora kena kinaya-ngapa (la yu khayafu) tegese : kabeh tembung lan upama kang kanggo nerangake, mesti ora cocok karo nyatane.

Manungsa ora ora bisa ngeblakake marang meloke si IKI, kongsi kena kabasakake : ijone godong arep nyuMoerupi utawa nerangake marang kaanane godonge. Utawa kaya wayang arep nyatakake kaanane dalange, lsp.

Sanajan wong kang wis ngerti lan pracaya marang ana-ne si IKI, meksa kangelan nggone golek dalan kanggo nerangake iku marang liyan, mulane arang banget kang bisa nyandak-nggayuh mangerti temenan marang prakara iki, kajaba mung gajeg-gajeg, oppervlakkig bae, wekasan dudu-dudu diarani, dianggep iya. Mulane putusane kang nggangit iki, tinimbang nggagas kang angel-angel, aluwung memikir golek akal Moerih bisane oleh duwit utawa kabutuhan liya-liyane, dadi kawruhan hasile. ###

Ing ngarep wis kacaritakake, yen kabeh kaanan iku difating IKI lan asale uga saka IKI, yen mangkono, tetep yen kabeh Dat iku Date IKI, kabeh Sifat, sifate IKI, kabeh Asma, asmane IKI apa dene kabeh Afngal (panggawe, pangerti) iku Afngale IKI.

Dadi wose : Ora ana apa-apa kajaba mung IKI. “La chaula wa la chauwata illa bilahil aliyil aliem”. (Ora ana kang duwe daya kakuwatan kajaba pitulunging Allah).

Nanging …… ngapusi, maling, mitenah lan laku maksiyat liya-liyane aja mbanjur ko-ugemi : yen iku, wis kersaning Allah, manungsa saderma nglakoni, mulane iya becik bae. Eling yen Wadag lan Angen-angen iku pada nduweni karep dewe-dewe.

“Ma acabaka min chasanatin faminallahi, wama acabaka min sayilatin famin nafsika”. (Samubarang kang becik kang tumanduk ing sira, iku sajatine saka kersaning Allah. Dene samubarang kang ala kang nempuh ing sira, iku lahire marga saka awak-ira dewe).

Saliyane “IKI” kabeh aran “Jirim”, dadi yen mangkono : Nur, Rahsa, Sukma, Nafsu, Budi iku uga sifate si “IKI”. ###

KATERANGAN THEORI BAB GEMBLENG.

 

I.    Satemene manungsa ora bisa ngeblakake mungguh ana-ne si “IKI”, jalaran manungsa iku sifat, dene iki iku Dat = wujud = ana.

Sajatine Dat iku mung “IKI”-pribadi. Nanging sarehne sifat iki katon gumelar, mbanjur ana Date Alam iku lsp.

Padane mangkene : ijo-ne godong iku sifat, dene godong-e iku dat. Si Ijo ora bisa nyatakake ana-ne si godong. Lan manehe, si ijo ora kena dibanding (ditimbang) karo si godong, kenane mung ditimbang karo : kuning, abang, ireng lsp. Dadi ora bisa nanding.

“Ijo iku karo godong apik endi?”. Kenane mung “Ijo iku karo abang apik endi?” mangkono sapanunggalane.

Dene godong kenane iya kudu ditanding karo godong, kayata :

Godong dadap iku tinimbang karo godong waru amba endi? (Ewa semono, kang ditimbang meksa sifate).

Mangkono uga manungsa ora bisa ngeblakake marang meloke si Gembleng, jalaran, si IKI ora ana timbangane. Mulane ora bisa ngarani utawa nembungake, kabeh tembunge kabeh keterangane ora persis karo nyatane, jalaran kang nerangake iku sawijining sifat (manungsa) kang kanggo katerangan, sing digawe pangenta-enta uga sifat, dene kang katerangake ana-ne dat, dadi iya mesti ora mathuk. Manungsa bisane mung nerangake klawan, otak-atik mathuk, kanggo panutaning pikiran.

II.   Godong kang isih anyep lan ijo.

Godong kang alum iku lemes lan kuning.

Godong kang wis garing iku kaku lan kasap.

Seger, anyep, ijo …… alum, lemes, kuning ……. Garing, kaku, kasap …… iku kabeh sifat, mulane ora panggah, molah-malih. Dene godong-e tetep godong, iku dat.

Bumi langit saisine kabeh kasar alus (ing kene kacekak aran makhluk), iku kabeh aran sifat, mulane owah gingsir, ora pancet. Dene “IKI” iku dat, anane langgeng.

III.    a. Si Ijo butuh manggon ing godong, dene si godong ora butuh manggon ing ijo.

Si Makhluk butuh manggon ing Gembleng, dene si Gembleng ora butuh ing Makhluk.

b.  Si Ijo tuwuh saka godong lan manggon ing godong, iku nelakake yen godong iku ana.

Si Makhluk tuwuh saka “IKI” lan manggon ing “IKI”, iku mratndakake yen IKI iku ana.

c.   Godong karo ijo-ne ora kena dipisakhake, kayata : godonge kadekek ing pawon, ijone kadekek ing pawuhan. Dadi saben ana godong iya ana ijone, angger ana ijo mesti ana godonge.

“IKI” karo Makhluk ora kena dipisahake, kayata : IKI dianggep ana ing langit kana, dene si Makhluk dianggep ing ngisor ken.

Sarehne Makhluk iku gumelare, dadi si Gembleng iya mesti ana-ne.

d.  Si ijo iku dudu godong, nanging anane si ijo iku nelakake marang ana-ne si godong.

Si Makhluk iku dudu Gembleng, nanging gumelare Makhluk iku nekakake marang ana-ne si Gembleng.

e.  Si Godong nuwuhake ijo ana ing awake si godong dewe, dadi anane nunggal.

Si IKI nuwuhake Makhluk ana ing “IKI-pribadi”, dadi anane nunggal, nanging ora senggolan. Mulane Gembleng iki ora kena diarani manggon ing ngendi-endi (ora bisa ngaranui).

f.    Molah-malihe sarta obahe si ijo iku lantaran saka si godong. (N.B : aja kebantah marga saka kanginan utawa kepanasan, lsp. Bab iki mung kanggo imbang-imbangan bae). Si ijo ora bisa katon obah, yen si godong meneng bae.

Mobah-mosike si Makhluk iku kapurba wasesa dening “IKI”. Uripe, pangertine sarta daya pangwasane Makhluk iku asale saka “IKI”.

“Lachaula walachauwata illa billahil ‘aliyil ‘alim”. Ora ana kang duwe daya kakuwatan, kajaba saka pitulunging Allah.

 

IV.   a.  Kertas sakebet, diupamakake dat (Gembleng iki.

Si Kertas wis nggawa sifat putih, sarehne anane nunggal, dadi kena diarani, iya kertase, iya putihe.

Gembleng wis nggawa sifat Urip-Sejati (urip langgen), sarehne nunggal, dadi kena diarani iya Gembleng iya urip langgeng.

b.  Si putih uga nggawa sifat gilap lan lumer, telung warna iki nunggal.

 

Si Urip Sejati uga nggawa sifat Cahya Sejati lan Rasa Sejati, telung warna iku nunggal …… diarani Tri Moerti (Hyang Jati Moerti ? Guru Sejati), utawa diarani Nur Muhammad.

 

Gembleng nuwuhake sifat 3 warna, yaiku Tri Moerti mau, saka IKI pribadi lan nunggal. Mulane, saweneh ana kang ngucap : “Allah kagungan wajah (pasuryan, rai) telu, utawa kagungan mustaka telu.

 

Sifat 20 iya wis klebu ing Tri Moerti iku.

  

V.     Ing saiki kena kabasakake : Allah nitahake kabeh kang gumelar iki kasar alus, klawan bekakas 3 warna, yaiku Tri Moerti mau.

a.  IKI wis nggawa sifat Tri Moerti lan uga sifat 20, arane nunggal.

b.  Tri Moerti utawa Nur Muhammad nuwuhake sifat warna-warna wiwit kang alus tekan kang kasar.

c.   Kang dituwuhake utawa kang ginelar iku Dat-e Alam-alam, wiwit Dat kang alus tekan kang kasar kaya Dat-e Alam Donya iki.

d.  Kabeh kang ginelar mau kasar alaus, ing kene diarani Makhluk.

 

VI.   a. Si Makhluk tuwuh saka Tri Moerti lan manggon Tri Moerti, dadi nunggal. Yen mangkono, sanadyan makhluk kang wujud watu pisan rak-iya tuwuh saka Tri Moerti, manggon ing Tri Moerti lan uga nunggal ?

mulane saweneh ana kang clatu : Kabeh kang gumelar iki kadadeyan saka Nur Muhammad”.

b.  Si Tri Moerti dewe wis nunggal karo Gembleng, yen mangkono, wose kabeh Makhluk kasar-alus, kabeh kang gumelar iki pada tuwuh saka Gembleng lan dumunung ing gembleng sarta kabeh iku dadi Sifate si Gembleng (“IKI”).

c.   Sarehne “IKI” nuwuhake Makhluk ada ing IKI-pribadi, dadi tetela yen si IKI ora butuh marang enggon, malah angger enggon butuh panggonan ing IKI.

 

Mulane diarani : “Allah iku ora arah, ora enggon, adoh tanpa wangenan, cedhak ora senggolan”. Mangkono sapanunggalane.

 

Kaya upamane mangkene : Awakmu ko-lontengi kapur, atal, gincu lan angus (dadi Petruk). Sawise mangkono, apa kowe rumangsa yen awakmu ing saiki mbanjur manggon ing lonteng-lontengan mau ?

 

VII.     “IKI” nunggal “Tri Moerti”.

“Tri Moerti” nunggal “Makhluk”.

Dadi si “IKI” uga mesti bae nunggal utawa ora pisah karo Makhluk-nanging ora senggolan !!!!

 

Ing saiki, pada-pada tuwuh, manggon lan nunggal ing “IKI”, yagene kaanane Makhluk iku teka warna-warna? Kayata : watu beda karo tetuwuhan. Tetuwuhan bedo karo kewan lan kewan beda karo manungsa, sapanunggalane.

 

Katerangan saperlune kaya ing ngisor iki :

 

Upama kowe dewe dadi sawijining tukang sing misuwur pinter, bakal nggawe utawa ngadegake omah. Yen bekakasmu ganep (compleet) iya bisa nganakake omah kang bagus lan santosa. Dene yen bekakasmu kurang, dadine omah iya mung lumrah bae. Apa maneh yen bekakasmu satitik banget, garapanmu ora wujud omah, mung rompok bae. Kang mangka kang nggarap iya kowe dewe, sawijining wong pinter nenukang.

 

1º.  Dat-ing Alam kasar alus iku pada tuwuh saka Tri Moerti lan manggon ing Tri Moerti.

 

2º.  Pawak-an utawa bekakas kasar alus iku kadadeyan saka dadapukaning Dat Alam-alam mau. Mulane, yen Pawakan iku wis ora kanggo (mati), iya mbanjur ambyar bali marang Alame dewe-dewe kaya dene wedak ajur, dadi glepung maneh.

a.  Nur Muhammad yen nganggo pawakan genep (compleet), kayata : Ngrasuk Badan Ilapi ……mbanjur aran Manungsa Sejati.

Ngrasuk Badan Kewani

Ngrasuk Badan Rokhani  Angen-angen asor.

Ngrasuk Badan Jasmani (wadag), banjur ana Makhluk kang wujud wong iki, bisa cecaturan , gede angkara Moerkane, bisa memikir lan golek akal warnawarna.

 

b.  Nur Muhammad yen nganggo pawakan kurang, kayata :

Ngrasuk Badan Rokhani, tipis lan kasar bae.

Ngrasuk Badan Kewani, tipis lan kasar bae.

Ngrasuk Badan Jasmani, Dat kang kasar, ana Makhluk kang awujud Kewan, bisa ngolah-ngalih panggonan, bisa muni-utawa nyuwara, pepenginane marang kang remeh-remeh bae, akale mung satitik.

 

c.   Nur Muhammad nganggo pawakan kurang maneh, kayata :

Ngrasuk Badan Kewani, luwih tipis lan kasar.

Ngrasuk Badan Jasmani, Dat kang luwih kasar maneh, mbanjur ana Makhluk kang wujud tetuwuhan ….. ora bisa ngalih enggon, bisa mundhak gedhe, butuhe mung marang rabuk, banyu lan hawa, lsp.

 

d.  Nur Muhammad yen mung ngrasuk pawakan Jasmani thok tur Dat kang kasar banget, mbanjur ana Makhluk kang anane kaya watu sapanunggalane.

Makhluk iku sifat – kaanane owah-owah ora tetep, melu Gembleng iku dat, lan Tri Moerti-ne …… kaanane Langgeng.

 

VIII.    Kanggo pangemper-emper. Sprekende Film (Film bicara) :

1º.  Lajere (geber-projectie doek?) …… iku di-upamakake Gembleng.

2º.  Putih-e layar. Mesin lan Masines-e …… iku di-upamakake Tri Moerti lan uga di-upamakake pada manggon ing layar.

3º.  Gambar-gambar ing layar kono ….. iku diupamakake Makhluk.

 

Ing layar kono katon ana gambar warna-warna, ana kang bisa cecaturan, muni, nyuwara, obah lan ana kang njenggelek bae.

Kayata,  katon ana gambar :

a.     Sawijining Ratu tindak ameng-ameng akeh kang anderekake :

Ana ing sawah mirsani wong tani padha ngunduhi tetandurane.

Ana ing padesan mirsani ana wong miskin sabrayat manggon ing gubug.

 

Ana ing Hospitaal mirsani wong-wong lara pada sambat ngrintih, ngrasakake larane dewe-dewe. ###

 

Gambar-gambar mau yen digrayangi, apa krasa nggrenjel ? Kang kena kagrayang mung apane ? Yen mangkono, kang satemene ana mung apa ?

 

Sedela engkas gambar-gambar mau bisa ilang, saiki kari apane ??

 

b.     Ganti gambar. Ana wong sugih manggon ing omah gedong gede, rerenggane sarwa endah, pinuju ngundang pesta nganggo tetabuhan warna-warna. Dayohe lanang wadon akeh banget, pada mangganggo sarwa adi, kabeh padha seneng-seneng mangsa ngombe kongsi luwih-luwih.

 

Ing sangarepe omah mau akeh wong miskin kang pada nonton, ana kang wetenge pating kruwuk marga kaluwen, ana kang mbanjur ambruk marga ora kuwat nahan ngelihe.

 

Dadi ing lelakon iki katon ana kang kuwaregen lan ana kang kaluwen.

Ora sewe maneh gambar-gambar mau uga pada bisa ilang. Mangkono sakbanjure tansah solan-salin gambar, kang pijer owah-owah lan wekasane uga sirna ora perduli gambare Raja, wong tani, wong sengsara, wong sugih lan wong miskin, ora perduli omah gedong kang rerenggane sarwa endah.

 

Kaya mangkono pengemper-empering lalakon sarta kaananing Makhluk utawa Sifat.

 

IX.       Si Sifat pada nggoleki dat-e dewe-dewe, nanging saka kandeling aling-aling kang uga wujud sifat, temahan dat-e kapiran.

 

Manungsa pada nggoleki “aku-ne” dewe-dewe, nanging saka kandele aling-aling kang wujud sifat kadonyan, kongsi awak-e Wadag iki dianggep “aku-ne”.

Yen mangkono, endi kang satemene aran Dat utawa “aku”??

 

Kertas salembar di-umpamakake Gembleng.

 

Ing kertas mau ana corekan gambare si Suta, Naya, Dadap lan Waru.

 

Gambare si Suta di-umpamakake bisa ngucap : Iya aku iki kang aran kertas.

 

Mangkono uga gambare si naya. Dadap lan Waru pada ngaku dewe-dewe, yen awake iku kertas.

 

Kertas-e terang yen mung siji, yen mangkono aku-ne iya mung siji ….. nunggal.

 

Kabeh-kabeh nduweni pangaku, nanging kang diaku mung siji “iki”-pribadi.

 

X.        De Natuur = het heelal = de hele schepping, ing kene ditegesi Alam-Titah (makhluk) kabeh alus kasar lan uripe, daya panguwasane, pengertine, kaanane, watek-wateke, angger-angger utawa wet-e, sarta wawadine. Dadi yen mangkono, sanajan kaya ngapa bae, si natuur iku iya tetep aran sifat, dudu si Gembleng.

 

1º.  Natuur elemen, kayata : Bami, Geni, Banyu lsp.

2º.  Natuur verchijnselen, kayata : Tatit, Kilat, Bledeg, sabarang katon kumelip lan gumebyar ing langit, utawa ing awang-awang lsp.

3º.  Natur – elgenschappen en Wetten, iku awak lan akaanan sarta …. Gawane Makhluk, kayata :

Watek utawa : geni-panas, banyu-adem, tetuwuhan bisa mundak gede, kewan kena diwulang, manungsa nduweni pangerti, pamikir, angkara-Moerka, bisa cecaturan lsp.

Wet-e mangkene : kabeh mau owah gingsir, rusak lan wekasan mati. Kang dosa nandang sangsara, kang utama oleh kabegjan lsp.

4º.  Natur – geheimen, yaiku wadi-ning Makhluk, kayata : maune ora katon ana wewujudan apa-apa, wong wadon wetenge katon gede (meteng, si wetengan sangsaya tuwa sangsaya mundak kakuwatane, bareng wis mangsane, mbanjur lahir wujud bayi. Bisane dumadi kaya mangkono mau, uripe daya pangwasane, lsp., saka ngendi ?? (Ontwilkkelinge).

 

XI.       Natuur (Machluk iku tetep aran sifat. Dene wade-ne Natuur yaitu Dat = Iki = Gembleng = Ingsung = Pribadi.

 

Natuur iku tuwuh lan dumunung ing Gembleng. Yen mangkono, uripe, daya pangwasane, pangertine, agngale (mobah-mosike) si Natuur iku iya kapurbawasesa dening “IKI”, dadi wose : kabeh iku kagungan Gembleng pribadi. Nanging aja mbanjur nduweni panganggep yen sanajan panggawe maksiyat uga wis saka karsane Allah, elinga, yen wadag lan Angen-angen iku pada sifat kang nduweni karep dewe-dewe, miturut watek lan kulinane. Dene “IKI” mung gawe sebab, kongsi manungsa bisa nindakake warna-warna mau. Mulane ujarw wong tuwa “Gusti Allah wis pasrah pangwasa marang manungsa”. Iku maksude kena uga mangkene :

1º.     Manungsa bisa nindakake panggawe ala utawa becik klawan kakuwataning awak, pikiran lan pangertine.

2º.     Kang nindakake panggawe ala, terkadang sawatara mangsa tansah oleh kauntungan lan seneng uripe. Dene kang nindakake kautaman, terkadang malah kasurang-surang.

3º.     Sabarang kang tinemu ing manungsa, bungah-susah …… mulya, sangsara lsp., iku tuwuh saka panggawene dewe (saka karma-ne), dadi tetela yen Allah iku asifah Rachman la Rachim – Moerah lan asih, ora perduli ana wong nungsan-njempalik.

KAWULA …….. GUSTI

a.     Ashadu alla ilaha illalah …… wa ashadu anna Muhammadar Rasulullah (Ingsun nekseni saktuhune ora ana Pangeran (kang sinembah sakbenere) kajaba Allah lan ingsun nekseni satuhune Kanjeng Nabi Muhammad iku utusane Allah).

 

Kanjeng Nabi Muhammad lan kabeh para utusan (panutan) iku tetep yen kawula, dene gusti-ne mung Allah piyambak.

 

b.     Wadag iki dadi bekakase Angen-angen.

Angen-angen dadi tunggangane Manungsa Sejati  ~ Manungsa Sejati iku sifating Allah.

 

Dadi, Wadag, Angen-angen lan Manungsa Sejati iku tetep aran Kawula, dene Gustine mung Gembleng.

 

c.      Kawula iku dudu Gusti, lan Gusti iku dudu Kawula. Dene kang diarani kumpule kawula Gusti, empere dene kaya kertas (lan putihe) tanpa corekan apa-apa.

 

Dene ing saiki diarani nunggal, yaiku yen kala-kala bisa nyirnakake rasa kamanungsane (empere, kaya dene yen pinuju kamitenggengen, turu tanpa ngimpi, lsp) (Ora rumangsa nduweni Wadag lan Angen-angen), manawa bae mangkono iku kang diarani nyilem marang “IKI”, kaya umpamane “corekan ing kertas kang katon mung putihe”. ###

****

Tidak ada komentar:

Posting Komentar